TEGAL — Mata sebelah tengen bocah bayi sing umuré telung taun kuwé metu lan mbengkak. Ukurané ora wajar. Gedhéné sekira woh tomat. Tapi, balita sing arané Naysila Putri kuwé ésih bisa gemuyu. Malah ésih bisa kanda karo wong tuwané.
Bocah bayi seka RT 03/RW 03, Désa Kupu, Kecamatan Dukuhturi, Kabupatén Tegal kuwé nderita kelainan mata. Jaré emaké Naysila, Ruminah, anaké sempet divonis dokter ngidap tumor.
Ruminah kanda, kelainan mata sing dialami daning Naysila wis katon sajégé dhéwéké umuré siji setengah taun. Pas kuwé, lénsa matané molai tambah cilik. Pas kuwé dhéwéké ora patia mersoalna kuwé.
Tapi, 6 wulan selanjuté, kondisi mata anaké ora mipil apik baé, malah dadi tambah gedhé. Wayah Naysila umuré rong taun, Ruminah mriksakna anaké maring RSUD Kardinah Kota Tegal.
“Pas kuwé jaré dokteré anaké nyong kena tumor mata. Tapi mburi-mburinan jaréné ana kelainan,” omongé Ruminah maring PanturaPost, dina Senén (12/7/2021).
Sawisé ping kopang-kaping priksa maring Rumah Sakit nang Tegal, anaké akhiré dirujuk maring RSUP Kariadi Semarang. Mauné, Naysila pan dioperasi. Tapi, jaré Ruminah, dokter akhiré mutusna nggo nangani Naysila karo cara kémoterapi.
Seka kono kuwé, Ruminah molai kéder. Soalé biaya pengobatan anaké lumayan gedhé. Jaréné, pisan kémoterapi mbutuhna biaya Rp 6.500.000. Padahal, anaké ésih kudu nglakoni pengobatan kuwé sawulan sapisan sasuwenéng rong taun.
“Kiyé wis kémoterapi sa pisan. Lan kuwé alhamdulillah ana sa perusahaan sing ngréwangi ongkosé. Tapi nyong ora ngarti maring ngarepé kayang apa,” jaréné.
Ruminah selot kéder soalé saiki dhéwéké ora nyambut gawé, soalé kudu fokus ngurusi patang anaké, termasuk Naysila Putri. Apamaning, saiki dhéwéké statusé rangda sing wis pegat karo bojoné.
“Saiki nyong manggon bareng karo emaké nyong lan telung anak, termasuk Naysila. Angger kakang pertamané nang Jakarta. Nggo biaya sadina-dina kiyé baé angél, apamaning kiyé ana biaya pengobatan,” jaréné.
Wayah ditakoni apa dhéwéké wis ndaftarna anaké maring BPJS Keséhatan, dhéwéké njawab wis lan ésih neng prosés pengaktifan. “Nggo saiki sementara ésih nganggo sing umum,” jaréné.
Saiki, Naysila butuh uluran tangané Rika. Nggo sing pan nyalurna bantuan bisa teka langsung maring umahé Ruminah nang RT 03/RW 03 Désa Kupu, Kecamatan Dukuhturi, Kabupatén Tegal. Utawa bisa transfer maring nomer rekening BRI 798301-003928-53-5 atas Ruminah. (*)
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post