PEKALONGAN — Melas nemen nasibé bocah umur sangang taun, seka Dukuh Gumanti RT 01/RW 01 Désa Kutorejo, Kecamatan Kajen, Kabupatén Pekalongan kiyé. Bocah lanang sing arané Danang Farhan Febrian kuwé ninggal klelep nang kali sing ana nang Désa Brondong, Kecamatan Kesesi, Kabupatén Pekalongan, dina Minggu (16/1/2022).
Kapolsek Kesesi, AKP Farid, ngomong kedadénan awalé wayah korban adus nang kali sewelah kiduléng pintu air Bendungan Brondong pas lagi jam sanga ésuk. Merga arusé banter, korban kéli kegéréd arus lan klelep.
“Batiré korban utawa saksi ngileng wayah korban kéli kegéréd arus, tapi ora bisa nulungi,” jaréné.
Latané, jaré Farid, saksi-saksi nglaporna kedadénan kuwé maring warga nggo njaluk tulung. Ora let suwé, Lurah Désa Brondong, Sunoto bareng-bareng karo warga luruh korban seka lokasi adus anjog maring lawang banyu Bendungan Brondong.
Merga korban kesangkut nang ngingsor lawang banyu, pintu air kuwé dibuka lan warga ngenténi nang ngingsor. Sekitar jam sepuluh awan, utawa sawisé lawang banyu dibuka, korban akhiré bisa ditemukna.
“Begitu lawang banyu kebuka, korban katon kéli kegawa arus. Warga sing ngenténi nang ngingsor ya langsung ngévakuasi,” ungkapé.
Korban ditemukna keadaané ninggal dunya. Korban latané digawa maring Puskesmas Kesesi nggo pemeriksaan médis. “Dipastikna ninggal merga klelep. Lubar pemeriksaan, korban diwékena maring pihak kluwarga,” jelasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post