BREBES – Ana motor sing ditumpaki wong loro ketémpér sepur nang wilayah Desa Pakijangan, Kecamatan Bulakamba, Kabupaten Brebes, dina Kemis (7/9/2033) awan sekitar jam loro awan.
Informasi sing ditampa, wong loro sing dinyana emak lan anak kuwé ninggal dunya. Keloroné boncéngan numpak motor matik Honda Beat kato plat nomor G 4535 NU warna ireng.
Nggo STNK uga ditemukna karo nama pemilik Susi Wijayanti sing alamaté nang Desa Pakijangan, Kecamatan Bulakamba.
Lokasi kejadian ana nang dampar sing laka palang pintuné perek pintu air nang wilayah Desa Pakijangan. Rong jasad korban ditemukna ana pirang seka lokasi kejadian. Motor ndéke korban uga kondisiné ringsek.
Polisi lagi ana nang lokasi kejadian nggo ngévakuasi motor lan jasad keloro korban ninggal dunya.
“Ya pancén bener ana kedadénan kuwé, kiyé nyong nembé anjog lokasi nggo ngévakuasi korban lan motor ndéké,” jaré Kapolsek Bulakamba AKP Ibnu Setiyadi. (*)
Discussion about this post