TEGAL — Wong-wong nang Kelurahan Krandon, Kecamatan Margadana pada gégér gara-gara ana mayid bayi sing laka sirahé ditemukna ngambang nang got sing ana nang wilayah RT 3 RW 3, dina Kemis (11/11/2021).
Kepala Kelurahan Krandon, Saefudin ngomong, mauné, warga sing nemu mayid bayi kuwé ngira golék dolanan.
“Nyong uga ana nang lokasi pas kuwé. Mauné ndarani golek, jebulé sawisé dipereki mayid bayi,” omongé Saefudin maring wartawan.
Saefudin ngomong, awan kuwé mauné lagi ana pegawéan mbongkar brug sing dikebeki runtah.
Sawisé dipastikna ari penemuan kuwé jebulé mayid bayi, pihaké latané nglaporna maring Bhabinkamtibmas setempat. Sing selanjuté diterusna maring kepolisian paling perek sing teka nang lokasi.
“Mayid kuwé selanjuté diévakuasi maring Rumah Sakit paling perek nggo divisum,” pungkasé Safeudin.
Sementara kuwé, Kasatreskrim Polres Tegal Kota AKP Vonny Farisky wayah dikonfirmasi wartawan ngiyakna anané penemuan kuwé. “Bener mas, dhéwék wis lidik kekait kedadénan kuwé,” omongé Vonny. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post