BREBES — Ana mayid bayi ditemukna ngglétak nang pinggir Dalan Pantura Kota Brebes manjing wilayah Banjaranyar, dina Jemuah (25/2/2022). Mayid bayi sing dinyana seka hubungan ora sah kuwé ditemukna warga sing nglinter lan sempet gawé gégér warga.
Jaré keterangan warga sing kebeneran nglinter, Ario (28), ana mayid bayi ngglétak nang pinggir dalan karo kondisi ngaplang-aplang kebungkus kain.
Dhéwéké ngomong, durung ngerti jenis kelaminé bayi kuwé. Soalé ora let suwé pihak seka kepolisan langsung teka nggo ngévakuasi bayi kuwé.
“Mauné bayi ngglétak karo posisi ngaplang-aplang, tapi ora patia jelas jenis kelaminé, pas pan dibuka ana polisi teka lan menging nggo dibuka. Pas kuwé polisi langsung masang garis polisi,” jaré Ario.
Pas kuwé, jaré Ario, bayi keadaané wis dianggoni klambi pepek karo popoké. “Ndéyan bayi kuwé dimaha diguwang sawisé dilairna, gara-gara katisen akhiré ninggal,” jelasé.
Sementara kuwé, Kanit Reskrim Iptu Iwan Sujarwadi ngiyakna kedadénan ditemuknané bayi kuwé. “Iya pancén bener mau ana bayi ditemukna wis ninggal. Saiki dhéwék ésih luruh informasi luwih lanjut, sabar ya,” jaré Iwan Sujarwadi. (*)
—
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post