BREBES – Melas nemen nasibé wong tani seka Désa Luwunggedé, Kecamatan Tanjung, Kabupatén Brebes kiyé. Dhéwéké ninggal dunya sawisé ketabrak sepur barang seka kulon mengétan utawa seka arah kulon nuju wetan, dina Senén (23/11/2020) soré.
Bati Tuud Koramil 04 Tanjung, Kodim 0713 Brebes, Pelda Rullyon ngungkapna, kecelakaan kedadén sekitar jam setengah limah soré. Jaraké satus meter seka palang pintu sepur Désa Luwunggedé.
“Almarhum arané Bapak Soléh (53), warga kononé sing ngalami déprési,” jaré Rulkyon.
Nurut keterangan Didik Raharjo (29), wong sing tugasé njaga palang pintu sing yakuwé uga tanggané korban, RT. 04 RW. 03, sadurungé kedadénan, korban wira-wiri nang sekitar dampar sepur, lan wayah sepur kuwé nglinter korban ketabrak.
“Dhéwék gagiyan ngebéll pihak Polsék lan Koramil Tanjung, latané gagiyan ngévakuasi korban karo bantuan warga kononé lan petugas,” omongé Didik Raharjo.
Anané kedadénan kuwé, pihak kluwarga korban nglilakna lan nrima kedadénan dadi blai. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post