Minggu, Januari 24, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Melas Nemen Nasibé Mbah Muadah, Urip Dhéwékan, Arané Dicoret seka Bantuan Corona

Nang umur tuwané, wong Pasarbatang, Brebes kuwé ngandelna welas asih seka tangga-tanggané.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2020/11/03 5:17pm
2 min read
0
Nenek Sebatang Kara ini Pasrah, Namanya Tercoret dari Bansos COVID-19 Pemkab Brebes

Nenek Muadah yang hidup sebatang kara ini tidak lagi mendapatkan Bansos Pandemi COVID-19 dari Pemkab Brebes.

220
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

Melas Nemen Nasibé Mbah Muadah, Urip Dhéwékan, Arané Dicoret seka Bantuan Corona

Nang umur tuwané, wong Pasarbatang, Brebes kuwé ngandelna welas asih seka tangga-tanggané.

BREBES – Melas nemen nasibé mbah Muadah sing umuré pitung puluh taun kiyé. Embah-embah sing asalé seka Kelurahan Pasarbatang Kecamatan Brebes mung  pasrah wayah dhéwéké belih olih maning bantuan sosial (Bansos) dampak pandemi COVID-19 utawa Corona.

Padahal, nang tahap pertama wulan April wingi, Mbah Muadah kuwé tau olih Bansos seka Pemkab Brebes segedhé Rp 200 éwu. Tapi, rong tahap pencairan bansos saterusé, arané dhéwéké belih muncul dadi penerima.

Baca Juga

Brebes Paling Akéh Penduduké nang Jateng, Jumlah Wongé Enggal Rong Juta

Brebes Paling Akéh Penduduké nang Jateng, Jumlah Wongé Enggal Rong Juta

23 Januari 2021
Wong sing Manggon nang Pinggir Kali Pedes Tonjong Keweden Mbokan Umahe Longsor

Wong sing Manggon nang Pinggir Kali Pedes Tonjong Keweden Mbokan Umahe Longsor

23 Januari 2021
Video: Bongkar Rahasia Durian Rajawetan

Video: Bongkar Rahasia Durian Rajawetan

23 Januari 2021
Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

23 Januari 2021

“Mboten ngertos Mas. Bansos tahap pertama angsal, tahap ke loro lan ke telu mboten angsal,” tuturé nini Muadah nang umahé, dina Senen (2/11/2020).

Uripé nini Muadah rada nelangsa. Dhéwéké mung nduwéni penghasilan hasil panen seka wit sawo déké dhéwék. Yakuwé, Rp 800 éwu per taun.

Ironisé, nini Muadah uga belih kedaftar dadi penerima bantuan apabaé sadurungé seka pemrentah, mbuh kuwé tah program BPNT utawané PKH Lansia. Nang umur tuwané, dhéwéké ngandelna welas asih utawa wéinan bahan panganan seka tangga-tanggané.

Nanggepi hal kuwé, Lurah Pasarbatang Edi Kusuma ngomomg, ana pengurangan jumlah penerima bansos COVID-19 sing sumberé seka APBD Pemkab Brebes saben tahap pencairan.

“Seka usulané dhéwék pas kuwé, sekitaréng 1.800 penerima, sing arané muncul nang tahap awal 1300-an. Tahap loro susut dadi 1100-an. Latané tahap ke telu susut 25 penerima. Data penerima dhéwék trima seka Dinsos,” jaré Kusuma Edi.

Sementara kuwé, Plt Kepala Dinsos Brebes, Masfuri ngomong, ana pirang faktor penerima Bansos COVID-19 susut nang saben tahap pencairan. Pertama, penerima Bansos nang tahap pertama belih nglakoni verifikasi kekait nomer kartu Kepala Kluwarga. Keloro, penerima Bansos dingerténi uga penerima Bansos program pemrentah liyané.

“Saliyané nggunakna NIK, dhéwék verifikasi karo nomer KK penerima kuwé. Soalé, nang tahap awal, BPKP nemu ana penerima sing wis nrima Bansos sadurungé. Nggo ngecek kuwé dhéwék butuh no KK kuwé. Soalé dhéwék terus nglakoni dandanan data saben tahap pencairan Bansos,” ungkapé.

Masfuri ngungkapna, Brebes dhéwék nganggarna Rp33 miliar nggo Jaring Pengaman Sosial (JPS). Karo target, 55.400 KK bisa kebantu. Dhéwéké nyebut, seka target, ora kabehané olih JPS seka Pemkab Brebes.

Malah, sawisé dilakoni pemeriksaan daning pihaké, data penerima bantuan tahap pertama seka Bansos Kabupatén ana sing ganda soalé olih bantuan seka skema liyané.

“Sawisé dilakoni pemeriksaan, ana 44.929 KK sing olih bantuan. Lan kuwé uga ora kabehané nglakoni pencairan,” pungkasé. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

 

Tags: bantuan Covid-19brebesWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Ganjar Sepakat Perpanjang PPKM di Jateng, Siap Diterapkan di 35 Daerah
Warta Ngapak

Kasus Corona Ésih Njengat, Kabéh Daérah Nang Jateng Wis Siap Satus Persén Nerapna PPKM

24 Januari 2021
Wong sing Manggon nang Pinggir Kali Pedes Tonjong Keweden Mbokan Umahe Longsor
Warta Ngapak

Wong sing Manggon nang Pinggir Kali Pedes Tonjong Keweden Mbokan Umahe Longsor

23 Januari 2021
Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka
Warta Ngapak

Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

23 Januari 2021
Wong Sing Sokan Nyucusi Bocah Cilik, Siap-siap ‘Anuné’ Dikebiri
Warta Ngapak

Wong Sing Sokan Nyucusi Bocah Cilik, Siap-siap ‘Anuné’ Dikebiri

22 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

MEDIA SOSIAL

  • 122.1k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X