TEGAL – Melas nemén nasibé pasangan lanang-wadon utawa pasutri nang Désa Yamansari, Kecamatan Lebaksiu, Kabupaten Tegal kiyé. Korban sing arané Hendi Purwanto (30) lan Citra Wati (25) kuwé dipaténi daning Kancané dhéwék sing huruf ngarepé AS (30), wong Bogares, Kecamatan Pangkah.
Keloroné ditemukna mati klopot daning getih nang ruko sing dhéwéké panggoni, dina Rebo (29/7/2020). Sekitar jam loro ésuk, lokasi ketemuné mayid latane ramé daning wong-wong sing kepéngin weruh langsung.
Salah siji saksi, sing arané Nukhasanah (40) ngomong, sekitaréng jam rolas bengi luwih dhéwéké sempet krungu suwara ana wong wadon njerit seka TKP.
“Nyong krungu sapisan suwara wong wadon njerit. Mung kur wayah nyong ngileng ruko kuwé sepi ora nana apa-apa” jaréné.
Dhéwéké kira, lubar maténi, pelaku mlayu seka arah mburi. Pasalé, laka suwara kemresek utawa rusuh.
“Korban pancen biasa turu nang kéné. Lan salah sijiné sing wadon lagi meteng 8 wulan,” jaréné.
Ke loro korban latané diévakuasi sekitar jam tengah telu esuk. Korban diévakuasi nang RSUD dr Soesilo Slawi.
Kapolrés Tegal, AKBP Muhammad Iqbal Simatupang, ngomong ari antara korban lan pelaku padha-padha kenal. “Pelaku wis dhéwék amanna lan antara korban karo pelaku kiyé padha-padha kenal,” jaréné.
Antara pelaku lan korban, Iqbal nglanjutna, melu kerja sama karo pelaku. Yakuwé nang bidang penangkaran manuk Love Bird.
“Pelaku karo korban émang duwé kerjasama adol tuku manuk. Ndean ana pembayaran sing telat sing korban. Dadine ndéan pelaku khilap,” jere Iqbal.
Polisi saiku wis lakoni olah TKP lan penyidikan. Termasuk nggoléti motif alias alesan pelaku maténi korban. “Nggo motif pastine ésih dhéwék dalami, apa ana kaitané karo bisnis kuwé apa ora,” jaréné. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post