TEGAL — Wong loro dilaporna kesetrum listrik wayah pan ngganti papan reklame nang gedung perkantoran sing ana nang dalan Kh. Ahmad Dahlan Kelurahan Mangkukusuman, Kecamatan Tegal Wetan, Kota Tegal, dina Minggu (11/10/2020).
Informasi sing ditampa Panturapost.com, wong siji nang antarané sing arané Wahyu (28) warga Kelurahan Slerok, Tegal Wetan dilaporna ninggal dunya. Sementara sijiné, Slamet (40) lagi dirawat nang RSI Harapan Anda Kota Tegal.
Salah siji saksi sing arané Oki, maring petugas ngomong, kedadénan molai, wayah keloroné pan ngganti papan reklame nang gedung bekas kantor Badan Narkotika Nasional (BNN) sekitar jam sanga ésuk.
Pas lagi munggah anda stainless, belih sengaja keloroné ngemék kabel listrik ndéké PLN sing tegangané dhuwur. Keloroné langsung nggletak nang tempat. Wahyu ngalami kritis utawa belih éling, lan Slamet ésih éling senajan trauma.
Petugas BPBD karo Pemadam Kebakaran (Damkar) sing olih laporan kuwé langsung ngluncur maring lokasi. “Siji ora éling, siji maning éling. Keloroné digawa maring Rumah Sakit,” omongé Oki, sing uga batir kerja ke loro korban maring petugas nang lapangan.
Sementara informasi seka petugas TRC BPBD sing olih informasi langsung seka pihak Rumah Sakit, Wahyu sing mauné ora éling akhiré dilaporna ninggal dunya.
“Nurut petugas BPBD sing langsung luruh data maring Rumah Sakit olih informasi siji korban jiwa ninggal dunya arané Wahyu (28), lan korban slamet arané Slamet (40) sing saiki lagi dirawat,” omongé petugas. (*)
Discussion about this post