Sabtu, Januari 16, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Melas Nemen, Wong Wadon nang Bumijawa Kiyé Ninggal Kurugan Lemah Longsor

Dhéwéké pas kuwe lagi maring kebon ngemét waluh siyem nang kebon.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2020/12/14 8:39pm
2 min read
0
Melas Nemen, Wong Wadon nang Bumijawa Kiyé Ninggal Kurugan Lemah Longsor

Warga dan aparat berusaha mengevakuasi jenazah korban yang tertimbun longsor.

27.5k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Melas nemen nasibé petani nang Désa Begawat, Kecamatan Bumijawa, Kabupatén Tegal sing arané Sariah (58) kiyé. Dhéwéké ninggal kurugan longsoran tebing sedhuwur satus méter wayah lagi ngemét waluh siyem nang kebon, dina Minggu (13/12).

Salah siji warga, Wasro (35) ngomong, peristiwa kuwé kedadén sekitar jam sanga ésuk wayah korban ngemét labu siam nang kebon perek tebing. Ujug-ujug tebing longsor lan nibani korban.

“Pas kuwé nyong uga ana nang kebon, ya ora adoh seka lokasi longsor. Mukur keboné nyong lan korban keletan kali. Pas kuwé nyong krungu ana suwara gemludug, lan wayah nyong nglinguk mana jebulé longsor,” jaréné.

Pas kuwé, dhéwéké weruh korban sempet usaha mlayu nylametna awaké dhéwék. Tapi soalé guguran material lemah tebing sing longsor cepet nemen, korban ya gagal nylametna awaké dhéwék lan akhiré kurugan longsor.

Baca Juga

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

15 Januari 2021
Jalur Pantura Tegal Terendam Banjir, Lalu Lintas Tersendat

Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

15 Januari 2021
Wasmad Bayar Denda Rp 50 Juta Namun Kejari Tegal Belum Mau Terima

Wasmad pan Mbayar Denda Séket Juta, Tapi Kejaksaan Durung Gelem Nrima

15 Januari 2021
Asal Mula Bandasantri Dadi Bandasari

Asal Mula Bandasantri Dadi Bandasari

14 Januari 2021

“Nyong sempet ndadak mlayu mono nggo nulung korban. Tapi nyong uga runtag akhiré nyong ora mana. Nyong latané njaluk tulung Pak Ruslim nggo njaluk bantuané warga,” ungkapé.

Sementara kuwé, salah siji relawan Banser Serba Guna (Bagana) Kecamatan Bumijawa, Ritno Prasetyo, ngomong, korban ninggal nang lokasi kedadénan. Korban ditemukna daning warga kurugan lemah karo posisi sikil nang ndhuwur lan kabéh awak kurugan material lemah.

“Iya bener, kaya kuwé nyong anjog maring lokasi korban wis ditemukna warga. Korban langsung diévakuasi lan digawa maring umah duka,” jaréné.

Jaré dhéwéké, kedadenan lemah longsor wis dilaporna maring pemréntah désa kononé, termasuk Puskesmas Bumijawa, Polsék Bumijawa lan PMI Kabupatén Tegal. Dhéwéké ngomong ari tebing sedhuwur kurang luwih satus méter kiyé longsor merga dampak seka curah udan sing dhuwur.

“Ya wilayah kiyé pancén rawan nemen longsor wayah mangsa rendheng. Nyong nglaruhi warga nggo luwih ngati-ati,” jelasé. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Longsortanah longsorTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Jalur Pantura Tegal Terendam Banjir, Lalu Lintas Tersendat
Warta Ngapak

Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

15 Januari 2021
Wasmad Bayar Denda Rp 50 Juta Namun Kejari Tegal Belum Mau Terima
Warta Ngapak

Wasmad pan Mbayar Denda Séket Juta, Tapi Kejaksaan Durung Gelem Nrima

15 Januari 2021
Status Gunung Slamet Meningkat Jadi Waspada, Berpotensi Erupsi
Warta Ngapak

Gara-gara Alas Ingsor Gunung Slamet Digunduli, nang Brebes Kidul Sering Longsor

15 Januari 2021
Banjir di Kabupaten Tegal Meluas, Ribuan Rumah di Lima Desa Terendam
Warta Ngapak

Gara-gara Banjir, Éwonan Umah Nang Warureja Tegal pada Keleb

14 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Video: Melihat Wajah Baru Alun-alun Kota Tegal dari Udara

  • Guru Honorer di Atas Usia 35 Tahun Diusulkan Jadi PNS Tanpa Tes

  • Tabrak Pembatas Jalan, Bus Sudiro Tungga Jaya Melintang di Tol Pejagan-Pemalang

MEDIA SOSIAL

  • 121.4k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X
Close Ads X