BREBES — Mohamad Irfan Afandi (32) wong sing dadi Ketua Lembaga Swadaya Masyarakat (LSM) dicekel daning Tim Resmob Satreskrim Polres Brebes, dina Senén (10/1/2022). Dhéwéké dinyané wis meres duwité lurah nang Kecamatan Bulakamba.
Pelaku yakuwé Ketua LSM Pandika Siliwangi Nusantara nang Kabupatén Brebes, warga Kecamatan Tanjung Kabupatén Brebes. Dhéwéké dicekel nang warung saté sing ana nang Kecamatan Brebes.
KBO Satreskrim Polres Brebes Iptu Puji Heriati ngomong, awalé, neng wulan Séptémber 2021 wingi korban sing uga dadi lurah nang Kecamatan Bulakamba diparani Irfan. Pas kuwé, Irfan ngélingna korban kekait rangkep jabatan. Yakuwé dadi Lurah lan Sekertaris Komisi Penanggulangan Aids (KPA) lan népotisme neng pengadaan karyawan KPA.
“Nah pas kuwé, angger dijorna jaréné tersangka pan nglaporna hal kuwé maring Dinas Keséhatan lan Polres Brebes,” jaré Puji Heriati nang Mapolres Brebes, dina Slasa (11/1/2022).
Pas kuwé, selanjuté, korban ora ngurusi pernyataané pelaku sing pan nglaporna dhéwéké. Krasa ora digubris korban, pelaku nglaporna korban maring Dinkes lan Polres Brebes nang awal wulan Januari kiyé.
“Krasa kewedén, korban kiyé akhiré njaluk rekan kluwargané nggo nemoni pelaku. Lan pelaku njaluk ketemuan nang minimarket sing ana nang Tanjung. Nah intiné, neng pertemuan kuwé pelaku njaluk angger nggo prosés pencabutan ana anggarané,” jelasé.
Akhiré, rekan kluwarga korban kiyé njaluk ketemu karo pelaku nang salah siji rumah makan sing ana nang Brebes nggo nyerahna duwit kuwé. Ora let suwé, polisi teka lan nyekel tersangka.
“Pelaku uga nyatut aran kepolisian, pas kuwé pelaku mojar ari nggo nyabut laporan kudu ana duwit,” jaréné.
Gara-gara kelakuané, pelaku diancam Pasal 368 KUHP kekait pemerasan. Anceman ukumané kurungan penjara lawasé sangang taun. Sedengé pelaku Mohamad Irfan Afandi ngaku duwit sing ditampa dhéwéké kuwé nggo nyabut berkas nang kepolisian.
“Angger biasané maring lurah nyong nganggo proposal. Sedengé duwit sing ditampa kuwé nggo nyabut berkas,” ngakuné Irfan. (*)
Discussion about this post