Minimarket nang Bulakamba Kebobolan, Rokok karo Duwit Puluhan Juta Pragat Laka sing Kalap – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Minimarket nang Bulakamba Kebobolan, Rokok karo Duwit Puluhan Juta Pragat Laka sing Kalap

Klompotan garong minimarket ngaksi maning nang Kabupatén Brebes.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
14 Oktober 2020
2 min read
0
Minimarket nang Bulakamba Kebobolan, Rokok karo Duwit Puluhan Juta Pragat Laka sing Kalap

Polisi ngecek eternit sing dijebol garong nang Minimarket Bulakamba, Brebes.

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES — Klompotan garong minimarket ngaksi maning nang Kabupatén Brebes. Saiki, sasarané siji minimarket sing ana nang wilayah Désa Bulusari Kecamatan Bulakamba, dina Slasa (13/10/2020). Aksi kuwé pertama pisan dingerténi daning salah siji karyawan minimarket sing pan manjing kerja sekitar jam enem ésuk. Pas manjing, dhéwéké kaget ngarti kondisi nang njero pating modal-madul ora karuan.

Informasi sing berhasil dikumpulna panturapost, aksi kuwé dilakoni sekitar dina Slasa (13/10/2020). Klompotan garong manjing maring njero minimarket karo ngliwati bagian mburi karo njebol gendengé. Aksi pelaku lumayan rapi lan profesional. Garongé nganggo alat khusus nggo nglancarna aksiné, nang antarané mesin grenda, graji wesi lan ngaksiné cepet nemen.

“Pas kuwé, nyong pan mangkat kerja, lan teka nang minimarket sekitar jam enem ésuk. Sawisé mbuka ranté gembok lan manjing maring minimarket, nyong weruh étalasé rokok pating modal-madul. Rokok sing ditawakna juga wis kopong, nggari sisa pirang bungkus. Kondisi nang jero uga wis modal-madul,” jaré Sugeng Andriyani (20), karyawan minimarket.

ADVERTISEMENT

Dhéwéké ya curiga. Latané, ngecék maring njero ruang sing pranti nggo ndokon brangkas. Bener baé, kondisi brangkas wis kebuka lan duwit sing kesimpen laka. Wayah ngecek nggon liyané, katon nang pirang titik nggon eternité wis jebol, termasuk eternit nang nggon kakus.

Baca Juga

Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023
Masih di Bawah Umur, 5 Pelaku Pemerkosaan Gadis Brebes Didampingi Bapas Pekalongan

Ésih Cilik, 5 Pelaku sing Merkosa Bocah Wadon nang Brebes Didampingi Bapas Pekalongan

24 Januari 2023

“Sawisé ngarti kiyé, nyong langsung nglapor maring pimpinan lan maring polisi,” jaréné.

Nemoni laporan seka masarakat, Tim Gabungan Résmob Satréskrim Polrés Brebes karo unit Réskrim Polsék Bulakamba ngluncur maring TKP.

“Dhéwék olih laporan dina Slasa ésuk mau sekitar jam pituan. Pelaku manjing karo cara ménék lan nggunting aub-aub, latané njebol aub-aub eternit. Sawisé manjing, pelaku langsung nyikat pirang-pirang barang bangsané rokok nang étalasé lan mbobol brangkas,” omongé Kanit Réskrim Polsék Bulakamba Ipda Widodo.

ADVERTISEMENT

Dhéwéké nambahi, rombongan garong kuwé nggondhol duwit seakéh Rp 28 juta nang jero brangkas. Total tuna Rp 55 juta. “Pelaku nganggo gerenda karo graji wesi nggo mbodhol brangkas. Pelaku uga nggawa kotak receiver SCTV minimarket,” jaré dhéwéké.

Sawisé nglakoni aksiné, rombongan garong kuwé mlayu metung dalan sing padha karo menek lan ngliwati aub-aub ternit. “Dhéwék bareng karo tim gabungan wis nglakoni olah TKP, dhéwék ésih njeroni kasus kiyé luwih lanjut,” jelasé. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: BulakambaGarongnewsPerampokanWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Lawasé 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran
Warta Ngapak

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In