Minggu, Januari 24, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Misteri Huruf “H” nang Mburi Aran

Nang Tegal ana aran wong wadon suksés aran mburiné huruf H.

Ria Candra Dewi dan Lanang Setiawan by Ria Candra Dewi dan Lanang Setiawan
2020/10/16 9:28pm
3 min read
0
Misteri Huruf “H” nang Mburi Aran
2.5k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

KAYA biasané Sidul, Kapér uga Darto ngumpul nang Pos Ronda ngobrol ngalor ngidul bareng Jon Dapuk. Nang tengah-tengah obrolan, sekonyong-konyong Darto mbalang pitakonan.

“Yanu dijaluki aran kanggo jabang bayi batié tanggané yanu. Mung yanu bingung mbokan angger gedé latané klakuané ora bener, yanu disalahna. Sebab kuwé yanu jaluk tulung karo énté!”

“Lha, Kapér karo Sidul ora dijak rembugan?” Dengarén Jon Dapuk langsung njawabi pitakoné jakwiré. Biasané adong durung lengkap jakwir-jakwiré pada takon, déwéké antér-antéran ngenténi jakwir-jakwiré pada mbalang suara. Bengi kiyé kayong istiméwa déwéké langsung nanggapi.

“Nyong ora sanggup Jon. Mbokata ora kebeneran, malah kenang paido karo sing duwé anak. Mugané nyong angkat tangan. Mending njaluk maring kowen,” omongé Sidul méin alesan.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

23 Januari 2021
Mengenal Getuk Lindri, Makanan Tradisional Sejak Zaman Penjajahan Belanda

Mengenal Getuk Lindri, Makanan Tradisional Sejak Zaman Penjajahan Belanda

23 Januari 2021
Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

23 Januari 2021
Mardiyah Dadi Obyék Lukisan

Mardiyah Dadi Obyék Lukisan

22 Januari 2021

“Kapér pimén?”

“Nyong pada baé angkat tangan Jon. Sebab masalah aran bocah ora kena sembarangan. Kaitané karo penguripan si bocah mengkoné,” omongé Kapér.

Jon Dapuk akhiré ngalah. Jakwir-jakwiré nyerah. Kiyé soal amanah, Jon Dapuk telanjur dadi panutan, tibané ora bisa nampik penjaluké Darto sing lagi dipercaya tetanggané.

“Tulung Jon? Yanu olih kepercayaan sing batir tetangga dijaluki aran kanggo bayi wadoné.” Darto memohon.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi pitakoné jakwir, déwéké nyeruput wédang téh pociné. Saterusé nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk sing kesanding nang adepan jakwir-jakwiré.

“Méin aran bocah, pancén kudu ati-ati gén ana rujukané ébén penguripané aja mblangsak. Méin aran ora usah royal-royal. Aja idepé mentéréng, sok kaya wong Barat tapi mburiné kuciwa! Luruha aran sing gampang dikenal tapi duwé bobot.”

“Kuwé sebabé yanu maring énté bén mengkoné yanu ora dipaido,” timpal omongané Darto.

“Kaya kiyé To. Goléta aran kanggo wong wadon, sing mburi arané ana huruf H!”

“Sih apa Jon?” Darto mikir.

“Ya… Ijah utawa Muah, To?!” omongé Kapér asal mecotot karo tangané nyomot kacang bogarés.

“Sikah! Énté angger nyotong asal clemong! Képrét ndasmu toli xixixixi…. Wis! Énté ora susah nyrandu. Meneng!” sentak Darto. Orabada nyekikik.

“Enyong ora mélu-mélu To. Mbokan ora kebeneran brabé. Wis serahna Jon Dapuk baé.”

“Iya Dul. Yanu pasrah karo Jon!”

Kahanan sepi sekléndab. Ora suwé Jon Dapuk nyuara.

“Nang Tegal ana aran wong wadon suksés aran mburiné huruf H,” omongé Jon Dapuk.

“Sapa Jon?” takoné Darto.

“Carimah!”

“Kuwé wong wadon sapa?”

“Carimah juragan iwak, wong Muarareja. Umahé kaya istana. Kapalé pirang-pirang. Nang nang Slawi ana umahé mentéréng. Nang Tegal samana uga duwé kontrakan pinggir dalan. Anaké dadi polisi pangkaté duwur. Sing dadi anggota déwan ya ana. Péndéké keluarga Carimah, keluarga terpandang. Cuté sehahahaha…. piyantuné wis kaji.”

“Toli sapa maning, Jon?” takoné.

“Hj. Rukayah.”

“Kuwé sapa maning, Jon?”

“Hajah Rukayah bos PO. Bus Dewi Sri sing duwé bis atusan. Pebisnis ulung pirang-pirang usahané. Harta bendané mowak-mawik. Anak-anaké ana sing tau njabat Walikota Tegal, Bupati Brebes, uga ana sing tau njabat Wakil Bupati Pemalang. Paribasan cuté laka seriné kanggo istilah wong wadon paling sugih!”

“Termasuké Mardiyah ya, Jon?” clemongé Kapér.

“Ya! Termasuké Mardiyah, legendaris wong wadon Tegal sing dunyané langka mungsuh. Sugihé por-poran. Dadi mitos wong paling sugih kanggo masyarakat Tegal lan sekitaré. Taun 1970-an. Mardiyah duwé pirang-pirang hotél nang Tegal. Kabaré, duwé pula hotel nang Mekkah. Termasuké duwé kapal sing ukurané super gedé, khusus kanggo angkutan wong-wong sing pan munggah haji!” Omongé Jon Dapuk.

Jakwir-akwiré Jon Dapuk mantuk-mantuk.

“Toli sapa maning, Jon? Ébén nggo pilihan batiré yanu sing lagi butuh aran,” takoné Darto.

“Kowen paham bojoné Rosul sing pertama?” takoné Jon Dapuk.

“Paham! Siti Khadijah.”

“Siti Khadijah pebisnis ulung. Harta kekayaan mowak-mawik. Profil bangsawan, berakhlak mulia, terhormat, pinter uga cantik. Nah, wis ana wong wadon papat aran sing mburiné nganggo huruf H pada suksés kabéh. Batiré kowen kon milih, endi sing cocok. Alesan kaya kuwé!”

“Okéh Bos! Matep nemen. Suwun!” omongé Darto karo nyalami Jon Dapuk. (*)

—
Ria Canda Dewi & Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel. 

Tags: MociTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis
Moci

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

23 Januari 2021
Mardiyah Dadi Obyék Lukisan
Moci

Mardiyah Dadi Obyék Lukisan

22 Januari 2021
Tembung Khusus Wong Tegal
Moci

Tembung Khusus Wong Tegal

21 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

MEDIA SOSIAL

  • 122.1k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X