Mitos Gérélan nang Laut, Putes – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Mitos Gérélan nang Laut, Putes

Darto, Sidul, karo Kapér éram mbangkana éram. Masalahé zaman wong telu mégin déwékan, ngejak tarok maring laut ndadak putes.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
5 Oktober 2020
3 min read
0
Mitos Gérélan nang Laut, Putes

Ilustrasi Dewi Ratamsari. (Foto: Lanang Setiawan)

Share on FacebookShare on Twitter

DARTO, Sidul, karo Kapér éram mbangkana éram. Masalahé zaman wong telu mégin déwékan, ngejak tarok maring laut ndadak putes. Ora sepisan pingdo, ping telu adil jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngranapi bab kuwé. Kayong rena tah rena. Dongé sing arané laut kuwé ana apané? Babakan kiyé sing ora dingerténi gonéng jakwir-jakwiré Jon Dapuk.

Salah siji dina jakwir-jakwiré Jon Dapuk olih wadulan saka tanggané soal bab sing tau diranapi. Mung jalaran babar blas ora paham, wong telu kur pada meneng gél. Mula kuwé, ning bengi kiyé obrolan sing digagas jakwir-akwiré Jon Dapuk masalah sing pernah diadepi.

“Enyong pan takon Jon. Winginané nyong ditekani jakwir tangga teparo wadul angger déwéké wis ping loro gérélan putus. Gara-gara putusé jalaran déwéké ngejak taroké maring laut. Ora béda waktu nyong tarok-tarokan, kosih ping telu adil putus kabéh. Jan-jané laut kéné kuwé ana apané Jon? Kosih sapréné nyong beléh paham,” omongé Kapér.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané Jon Dapuk kur meneng. Emoh njawabi omongané Kapér sadurungé jakwir-jakwiré pada nyuda omongan.

Baca Juga

9,7 Juta Batang Rokok Ilegal Dimusnahkan di Halaman Kantor Gubernur Jateng

9,7 Juta Batang Rokok Ilegal Dimusnahkan di Halaman Kantor Gubernur Jateng

31 Januari 2023
Talud dan Jalan Baru di Perumahan Pesona Abadi Slawi Kulon Ambrol, Bangunan Rumah Terancam Longsor

Taludé Ambrol, Bangunan Umah nang Perumahan Pesona Abadi Slawi Kulon Bisa Kegawa Longsor

31 Januari 2023

“Ora béda yanu, Jon. Mau ésuk yanu ketekan kanca lawas. Anjog ning umahé yanu kur pan crita soal putusé karo demenané. Sebabé ya kas ngejak taroké maring segara. Samingguné, ujug-ujug taroké njaluk putus. Kedadian kuwé ya énté wis paham, tarok-taroké yanu putus kabéh gara-garané tak jak maring laut.” Darto ora kalah nyambung wadulané Kapér.

“Nah kuwé, Jon! Taroké enyong sing bud-budan dongé pan tak jak kawin, éh ndadak laka udan laka bledég,weruh-weruh njaluk putus. Sebabé ora béda sing diranapi Kapér karo Darto. Waktu samana enyong kosih mriyang saminggu. Untung baé olih ganti tarok sing saiki dadi bojo. Mula kuwé, maring anak-anaké enyong wanta-wanti angger gérélan aja maring laut! Critané dongé pimén Jon? Bisané dong tarok-tarokan maring laut dadi putus?” ujaré Sidul.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké nginung wédang téh poci. Saterusé nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokoké Jon Dapuk

“Critané dawa, kaitané karo mitos Dewi Rantamsari. Paham kan Dewi Rantamsari?” Jon Dapuk sengaja mbalang pitakonan, ngetes maring jakwir-jakwiré.

“Paham Jon. Bangsa alus penjaga segara lor?” omongé Kapér.

“Sing biasa ngrasuki ragané Sintrén kan?” sambung Sidul.

ADVERTISEMENT

Jon Dapuk mantuk.

“Bisané ngawa-nggawa Déwi Rantamsari, pimén Jon?” takoné Darto.

“Miki nyong tembé ngomong, crita kiyé ana sambung rapeté karo Déwi Rantamsari. Nah, miturut mitos mistik sing tak waca nang buku, sosok Déwi Rantamsari demenan karo putra Raja Mataram Sultan Agung sing arané Ki Joko Bahu. Kasmaran antara Ki Joko Bahu karo Déwi Rantamsari dilarangan keras gonéng Sultan Agung.”

“Alesané?” takoné Sidul.

“Biasa. Ora adoh saka status sosial. Luwih-luwih Ki Joko Bahu kuwé keturunan Raja Mataram, sedeng Déwi Rantamsari keturunan wong biasa. Péndéké séwu siji wong mlarat bebojoan karo wong sugih!” semuré Jon Dapuk.

“Satus prosén tul!” delak Kapér. Maksudé tembung “Tul” kepéndékan saka tembung “Betul”.

“Lanjut Jon!” Sidul kayong ora sabaran.

“Nah! Kanggo medot sambung rapet demenané wong loro, Raja Sultan Agung mréntah Ki Joko kon nyerang VOC nang Batavia. Ki Joko sagseg nglakoni titah Raja mangkat maring Batavia nganggo prahu Kaladita. Nalika pan mangkat, Ki Joko ninggali saputangan maring Déwi Rantamsari kanggo tanda cinta lan setiané. Ora suwé Ki Joko perang nang médan laga, ujug-ujug ana warta Ki Joko gugur sajeroné peperangan….”

“Waduh! Melas temen nasibé Rantamsari!” omongé Kapér.

“Pungkas critané pimén Jon?” takoné Darto.

“Déwi Ramtamsari nglari jejak guguré kasih tercinta. Tapi ora ketemu, akhiré terjun maring segara!”

“Dadi asal-usulé kaya kuwé? Bisané saben wong pacaran nang segara kéné, latané putes?” takoné Darto.

“Ndéan baé.” Jon Dapuk njawab singkat.

“Buktiné nyong demenan ping telu tugel! Gegarané hér-héran maring laut!” omongé Kapér.

“Pada karo enyong!” ujaré Sidul.

“Pokoké wong telu, nglanapi kabéh Jon! Apa Déwi Rantamsariné culag ndeleng lanang wadon demenan?” sambung omongané Darto.

“Ndéan baé!” Jon Dapuk njawab singkat. (@)

—

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel. 

ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In