NING bengi kiyé Jon Dapuk pan crita mbedah masalah mitos hal ihwal manuk pligusit sing dadi dopokan jakwir-jakwiré. Masalahé, jakwir-jakwiré kewedén maring suarané sing pancéné gawé mrinding lan nyesét-nyését kulung ati.
Bengi kuwé, Jon Dapuk musti kudu bisa ménéhi pepadang pikir lang kebuka wawasané. Aja kosih percaya nemen-nemen maring barang sing ora dingerténi. Ora kebeneran bisa digeguyu wong liya gegara goblogé.
Manuk pligusit, akéh wong liya ngarani kasebuté manuk ulik-ulik utawané manuk tuwu. Manuk pligusit, kejaba sewiwiné ireng menges, matané oranye, cucuké mlengkung cukup dawa gén maburé liplap. Hal ihwal sing kaya kuwé diarani mitos sajroné penguripané menungsa. Gerak-geriké gawé penasaran uga konon kabaré ngundang sinyal patiné menungsa.
Hal ihwal sing kuwé ndadékna jakwir-jakwiré gayeng kepengin ngerti saluguné manuk pligusit sebangsa manuk sétan, belis, apa maskumambang?
“Angger ana pligusit cementéng nyuwara nduwur wuwungan, latané ana kepatén pimén sih Jon?” takoné Kapér.
“Nah kuwé! Ndéané manuk pligusit kuwé kirimané malaikat sing pan nyabut nyawa.” Sidul nyambung omongané Kapér.
Senajan Kapér karo Sidul wis nebar pitakonan, Jon Dapuk tetep baé ora ngaruh sadurungé jakwir-jakwiré pepek mbalang pitakonan.
“Pan ora ngandel kadang-kadang ana kedadén. Yanu sokan digawé kéder maring manuk pligusit. Jan-jané kuwé manuk apa, Jon? Manuk sétan apa belis?” ujaré Darto sekaligus nebar pitakonan maring Jon Dapuk.
Tekan nang kéné, Jon Dapuk molai ancang-ancang pan njawabi pitakonané jakwir-jakwiré. Tapi sadurungé njawabi, déwéké nyumed sigarét filteré. Kaya biasané Kapér ndudut saeler rokoké Jon Dapuk sing kesanding nang adepané.
“Kabéh makhluk Pengéran ora duwé wenang nyabut nyawa menungsa sapa baé. Kejaba Pengéran mréntah maring makhluké, apa sing ora nyata dadi nyata. Ana déné prihal uniné manuk pligusit kuwé pas kebeneran baé, ésuké utawa let dina, ana kaluwarga kepatén. Tapi jujur baé nyong ora wani ngarani adong uniné pligusit dadi perlambang bakal ana wong mati!” omongé Jon Dapuk.
“Nyatané ana kedadén Jon. Contoné waktu ana manuk pligusit nyuwara nggalik-nggalik ngrintih nang wuwungan tangga teparoné enyong, rong dinané ana anggota keluargané sing tawi!” omongé Sidul. Sing dimaksud tembung “Tawi” asalé saka bahasa Prokém Tegalan, artiné mati.
“Sing ora nana wong tuwa apa bocah, Dul?” takoné Kapér.
“Wong tuwa. Umuré wis 77 punjul.”
“Alaaaa…. pan njaluk urip pirang taun maning, Dul?” Omongé Kapér kayong ngelédék.
“Nyatané sawisé ana manuk pligusit nggalik-nggalik, déwéké ora nana. Sadurungé mung watuk-watuk gél!” Sidul tetep teguh maring omongané.
Olih bantahan daning Sidul, Kapér ndadak mikir. Ketambahan Sidul méin contoh kedadéan maning. Jaré déwéké, kaluwarga batir kerjané nalika déwéké dadi kenét bis, ndadak kepatén telung anggota keluargané sawisé ana océhan manuk pligusit.
“Jal, dong wis kaya kuwé pan ngomong apa? Tahayul?” ujaré Sidul negesna keyakinané hal ihwal manuk pligusit nggalik-nggalik.
Kapér karo Darto kepaksa ora wani mbantah. Suasana sakléndadaban ndadak sepi tapi ngendong sintru mrekitik. Kemangka benginé malem Jemuah Kliwon, wulan nang langit clirit. Gegodongan wit pring pinggir Pos Ronda, uniné kaya biola sing digésék daning ahli nabuh biola ndadékna suwasana tambah tabet.
Anjog ning kéné, jalan siji-sijiné Jon Dapuk kudu méin pencerahan maring jakwir-jakwiré ébén aja nganti percaya nemen-nemen maring mitos pligusit.
“Kiyé kaya kiyé bro. Enyong kowen kuwé, duwé Pengéran Allah. Gandulan urip lan patiné menungsa dudu jalaran manuk pligusit. Tapiné jalaran takdir Allah Ta’ala. Apa maning wong siji loro telu. Gen atusan uwong baé sagedagan dikukud Pengéran, ya cérém! Kowen kabéh ndéané mésih kélingan nalika nang Aceh ana malapetaka tsunami. Korban éwonan ader jalaran suara pligusit? Jal, sapa sing wani mbantah kedadéan kuwé tahayul?”
Nalika Jon Dapuk ngomong kaya kuwé, siji baé jakwir-jakwiré ora wani nyuwara. Ora Sidul, ora Kapér, ora Darto, cep klakep meneng getem.
“Nah! Kedadéan kuwé, sapa sing wani ngarani tahayul? Wong sajagad bisané kur ribut. Telepisi-telepisi ramé nyiarna ben dina. Wartawan média cetak karo média élektronik, onjo-onjonan ngunggah brita paling grés. Para politisi tebar pesona. Kritikus cangkemé ora mandeg-mandeg umbrus ning layar kaca. Tapi siji baé laka wong wani ngarani petaka nang Aceh tahayul. Kur siji loro ana wong mati, moniné jalaran ana manuk pligusit ngocéh nang wuwungan? Sing kaya kuwé tulung aja digedék-gedékna. Kabéh obahé jagad lan seisiné jalaran kersané Allah Ta’ala kang gawé urip lan paniné menungsa!”
Krungu wejangané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré ndadak sadar gén bener-bener élmu sangsaya tambah lan ora cepet percaya maring bab sing ora dingerténi. (*)
—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post