TEGAL duwé segudang kisah kuna makuna. Ora kur legenda adagé désa, para tokoh sing ujug-ujug dadi legenda ya ora kurang ning daérah kéné. Kejaba kuwé, ana para wali sing ndadak dadi pendiri wilayah gegara kur liwat utawané mung andon lérén. Ora krasa kedebugan mbangun wilayah, ujug-ujug ditokohna kasebut sing mbaurekso! Ampun ta ampun, rena ta rena. Nokohna uwong dadi ikon wilayah gampangan nemen.
Saiki ana crita ana kanda, salah siji radén keturunan Mataram kasebut Mbah Bujang, dadi sorotan obrolan jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Kepibén asal-usul sejarahé, Sidul, Kapér karo Darto rikat nekani Jon Dapuk.
“Jon, jakwir-jakwir kepéngin ngerti soal Mbah Bujang kuwé hal ikhwal pibé?” omongé Kapér mbuka omongan nalika jakwir-jakwiré wis kumpul nang Pos Ronda baréng Jon Dapuk.
“Iya Jon, yanu kayong penasaran. Lokén ana radén dadi bujang saumur-umur kosih mati? Mustiné ana sebab musababé ya? Sejarahé kepimén sih?” takoné Darto maring Jon Dapuk nyambung omongané Kapér.
“Kayong éram ah! Radéné kuming apa pancéné ora doyan wong wadon? Ndélén, critané kayangapa bisané déwéké ora kosih mbojo? Nyong percaya kowen mustiné paham crita kuwé, Jon?” omongé Sidul.
“Dadi kowen kabéh durung pada ngarti?” ujaré Jon Dapuk.
“Durung Jon!” jawabé jakwir-jakwiré Jon Dapuk.
Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, déwéké nyruput wédangé gén nyuled sigarét. Kaya biasané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Jon Dapuk sing disanding nang ngarepé.
Ora let suwé, Jon Dapuk nyuwara.
“Asal-usul critané kaya kiyé.”
Jon Dapuk nyedot rokoké saempotan. Jakwir-jakwiré njémbréng kuping, siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar crita. Jaré déwéké, nalika samana ning wilayah Kemandungan, ana sawiji bujang keturunan Mataram arané Radén Banawa. Alkisah, ning dina kuwé Radén Banawa nonton latihan pacuan kuda para Adipati nang lapangan Kraton sing lokasiné nang dalan Kaptén Ismail. Wilayah kuwé saikiné komplék sekolahan Pius.
Lagi gayeeng-gayengé nonton latihan pacuan kuda, déwéké weruh tlabangé wong wadon ayu menis-menis. Atiné Radén Banawa tratapan, pikirané gén pyang-pyangan. Déwéké terus mandeng ora kedep. Bocah wadoné kulité putih, guluné jenjang, rambuté dawa ireng menges gén matané kaya lintang kejora. Bener-bener ayuné laka padané. Paribasané ora bisa dipenging saking ayuné porporan.
Ndilalah ning waktu samana, bocah wadoné uga lagi nyawang Radén Banawa. Wong loro akhiré pandeng-pandengan.
“Asyik! Bujang ketemu prawan!” Seru Kapér sajeroné Jon Dapuk mbébér crita.
“Brisik, Pér! Raimu ana wong crita ditladung. Gepak sisan lha, ndasmu péang! Kikikik….” sela Sidul. Orabada déwéké cekikikan.
“Sikah! Gepak ndasmu pokah!” timpal Kapér.
“Wis! Aja réang. Lanjut Jon,” omongé Darto.
Jon Dapuk nglanjutna crita. Jaré déwéké, sauwisé wong loro pandeng-pandengan lan pada pésam-pésem, mbuh kepibén wiwitané, wong loro pada kenalé. Bocah wadoné jebulé anaké Adipati Tegal sing manggon nang Kraton kono. Suwé sangsaya suwé, wong loro tambah kraket kaya lem ban pit.
Alkisah, bocah loro critané lagi temon nang taman Kraton. Ujug-ujug jemedul Sang Adipati mergoki wong loro lagi gérélan. Rumangsa weruh anaké gérélan, Sang Adipati nakoni asal-usul Radén Banawa wong ngendi lan bibit bébété sapa. Dijawab Radén Banawa saanané, angger déwéké mégin trah Kerajaan Mataram. Sang Adipati Tegal ngrajug.
“Bisané ngrajug, Jon?” takoné Sidul medot omongané Jon Dapuk.
“Jaré si tukang crita, adong diurut-urut antara bapané Radén Banawa kambén déwéké négin ana sambung rapeté. Malah, Radén Bunawa maring anak wadoné, pernahé Mbakyu. Tegesé, antara anaké Sang Adipati karo Radén Banawa négin ana pertalian darah. Artiné, kanggo bebojoan ora ilok!”
“Waduh! Cilaka duabelas!” Délak Sidul.
“Balak rolas kebebeng!” Gembor Darto.
“Gawa mlayu baé ya?” Timpal Kapér.
“Kentir kowen, Pér!” Sidul nyuwara atas.
“Compong!” Darto matané mendelik
“Wis Jon, lanjut!” Omongé Sidul.
“Jalaran bab kuwé, percintaan wong loro tugel tengah dalan. Atiné Banawa rasané kaya disuwék-suwék. Déwéké akhiré sumpah janji: ora pan mbojo saumur-umur, kejaba kambén anaké Sang Adipati. Sampé patiné, Radén Banawa tetep mbujang. Kuwé sebabé nang wilayah Kemandungan, Kecamatan Tegal Barat, Kota Tegal, duwé mitos Mbah Bujang!” Ujaré Jon Dapuk.
“Kaya kuwé crita Mbah Bujang, Jon?” omongé Kapér.
“Yaul!”Jon Dapuk nutup babakan crita kuwé.
—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post