Mitos Ngédapi Nang Desa Pecangakan – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Mitos Ngédapi Nang Desa Pecangakan

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
26 Juli 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

SABEN désa duwé mitos déwék-déwék. Ana désa sing angger jam 11 awan ora kena nyambut gawé nang sawah. Ana uga désa sing ora kena nanggap wayang, lan uga ana désa sing wargané dilarang ngingu manuk. Tapi kiyé ana désa sing wargané kamigila dadi pegawé negri. Bab kuwé dikandakna Jon Dapuk nalika bengi kuwé jakwir-jakwiré ngobrol nang Pos Ronda.

Krungu omongan kaya kuwé, Sidul, Kapér uga Darto nglegleg. Nang pengangené wong telu, status pegawé negeri justu dadi inceran wong-wong saiki. Tapi omongané Jon Dapuk nang bengi kiyé, malah nganéh-nganéhi kaya ora mlebu nalar.

“Apa iya ana warga désa kewedén dadi pegawé negeri?” omongé Sidul.

ADVERTISEMENT

“Rasané nyong tembé krungu ana mitos kaya kuwé, Jon?” takoné Kapér.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

“Padahal, pegawé negeri kuwé dadi idaman wong-wong tuwa. Sebab dadi pegawé negeri uripé kepénak. Duwé gaji tetep lan olih pangsiun. Ditambah tunjangan ini itu. Péndéké anak bojo ora nganti kapiran. Ah! Mitos kuwé anané nang désa endi, Jon?” omongé Sidul.

Sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké nyuled sigarét. Kaya biasané, tangané Kapér nyowot rokoké Jon Dapuk. Lagu lawas.

“Mitos kuwé anané nang Desa Pecangakan.”

“Pecangakan sih nang wilayah endi, Jon” takoné Darto.

“Pencangakan mlebuné wilayah Kecamatan Adiwerna, Kabupaten Tegal,” semauré Jon Dapuk.

“Kuwé critané pimén? Musti ana kedadian gédé sing diranapi daning warga masyarakat kon!” sambung Sidul ndisiti Darto pan nyuwara. Kapér kaya biasa kur asyik bas bus udud baé.

“Crita mbiyén-mbiyéné kaya kiyé!” omongé Jon Dapuk.

Ora let suwé, Jon Dapuk akhiré mbabar asal-usul mitos sing ana nang Desa Pecangakan. Jaré déwéké, konon kabaré nang zaman penjajahan Landa, akéh amternar sing lakuné bar-bar ora duwé welas asih maring bangsa pribumi nang daérah Pecangakan. Kabéh sendi-sendi panguripan warga kono diobrak-abrik daning amternar Landa. Ora kurang wong-wong tuwa nang Pecangakan mati ‘ngenes’ daning tindakan penjajah sing kejemé ora lumrah kasebut manungsa. Salah setitik diajar, lan disiksa nang kunjara jalaran anak prawané ora olih didadékna selir dadi budak nafsu. Babakan kuwé sing ngakibatna para sesepuh wilayah Pecangakan nibakna sumpah serapah; man sapa anak putu keturunané wani dadi pegawé negeri, bakal nemoni pati.

“Sampé samono adohé ya, Jon?” ujug-ujug Kapér.

“Iya Pér! Wong tuwa kuna adong wis ngukutuk, ora baén-baén sampé pitung turunan anak putuné ora bakal olih ridho,” omongé Jon Dapuk.

“Daning kaya Mpu Gandring, Jon. Ana ngutuk segala?” omongé Kapér.

“Ish… ajib nemen énté paham Mpu Gandring, Pér?” omongé Sidul.

“Iya lah… zaman nyong SD kelas 5 sokan maca komik, dadi paham soal Mpu Gandring, dong….” semauré Kapér karo lambéné digawé mecucu.

“Ndelén, yanu tak takon. Mpu Gandring ngukuké maring sapa?” takoné Darto ngetés.

“Mpu Gandring kuwé ngutuké maring Ken Arok. Jalaran keris gawéané Mpu Gandring ora dadi-dadi, kalah séwoté Ken Arok nubles wetengé Mpu Gandring nganggo keris gawéané déwék,” semauré Kapér.

Darto karo Sidul langsung keprok. Rasa bungah lan onggrongané Kapé molai beraksi. Pundak karo awaké digoyang-goyang, sedeng cangkemé pénjap-pénjep.

“Kapér dilawan!” suwarané Kapér tambah atas. Bener-bener onggrongané metu. Jon Dapuk sing ndeleng ulahé Kapér mésem. Tapi nang jero ati, Jon Dapuk mélu bungah weruh jakwiré saikiné pada pinter. Artiné, ora percuma angger déwéké mulang saben bengi maring jakwir-jakwiré nang Pos Ronda. Hasilé bener-bener ora mubazir.

Ana pirang menitan, Kapér ngrasakna bebungah. Sidul karo Darto ikhlas ngakoni jawabané Kapér pancén satus prosén ora salah.

“Nyong salut karo kowen Pér, jebulé uteké kowen tésih waras!” celetuk Sidul ndadékna Darto nyekakak uga ditipal daning Sidul.

“Sikah! Emang gué gilééé…?” ujaré Kapér nganggo bahasa campuran antara Tegalan lan tembung Jakartanan: Gué!

Wong loro mangkina nyekakak.

“Wis, wis, wis…. mandeg! Pungkas crita mitos Pecangakan pimén, Jon?” omongé Kapér.

Jon Dapuk akhiré nudugna pungkas crita mitos nang Desa Pecangakan. Jaré déwéké, sebab anané kutukan utawané ila-ila saka sesepuh kamituwa nang kono, akhiré warga kono luwih ayem golét pangan dadi buruh tani utawané mbara maring Jakarta dadi tukang kayu, utawané dadi buruh bangunan ketimbang ngabdi dadi pegawé negeri.

“Nah kiyé pimén, Jon? Sénggané wong kono olih jodoh pegawé negeri, apa ila-ila sesepuh kono mésih ana tuahé?” takoné Sidul.

“Nalika enyong dadi wartawan mingguan Ibukota, nyong tau nakokna bab sing dadi pitakonané kowen, Dul?”

“Jawabané pimén, Jon?”

“Daning narasumber sing tak wawancarai, jawabané laka masalah. Tapi ya ana sebagian masyarakat sing mbandel nyambut gawé dadi pegawé negeri, ya aman-aman baé. Mung jumlahé ora akéh. Bisa diétung!” pungkas omongané Jon Dapuk (@)

 

 

ADVERTISEMENT

—-

Lanang Setiawan, Seniman dan penulis novel.

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In