SENGGANÉ ana desa nang wilayah Kecamatan Suradadi, Kabupaten Tegal, sing sawahé amba ngamplak-ngamplak, ora liya kur Desa Karangmulya. Paribasan, desa kiyé dikepung aréa persawahan. Nang lor sawah nang kidul sawah, nang kulon wétan uga sawah. Bisa dikandakna, total jéndral penduduk nang kéné luwih ayem ngambah sawah tinimbang mbara ning Ibukota. Kanggo warga setempat, Jakarta cuma impén sajeroné turu. Sedeng urip ning alam pedésaan, sawah mbentang saambané desa. Nang Jakarta? Kaliren tudug kaliren, laka sing nulungi laka sing ngaru biru. Lu-lu, guwé-guwé! Kuwé moto urip nang Jakarta. Nang pedésaan, urip gampang nemu pangan gén ora kedasrakan golét kasaban. Dadi buruh macul cepet olih pangan tur ngumpul karo sanak kaluwarga.
Urip nang désa, masyarakaté mégin kentel sesrawungan lan gotong royong. Ana lara krasa bisa sambat maring tetangga. Nang Ibukota kur impén-impén, sedeng nang désa sitik mboran kasaban tapiné dadi kasunyatan. Kuwé sebabé wong Karangmulya luwih jenjem urip, ketimbang tatak-takan nang Ibukota durung karuwan olih pangan. Bisa-bisa malah dadi gelandangan!
Desa Karangmulya pancén ombér pangan. Nék wis ombér pangan, kaningapa blusukan ngadu nasib maring Jakarta? Ora sudi wong désa kono urip sepisan mati kaliren nang tlatah rantau!
Ndeleng kahanan kaya kuwé, Jon Dapuk kepéngin ngerti babad asal-usul désa kono. Mulané, ora ndang-dut maning, déwéké mlencing maring Desa Karangmulya nganggo kendaraan roda loro.
Saka Kota Tegal Jon Dapuk malyu ngebut liwati désa tut désa. Wiwitané déwéké nembus Desa Wangandawa, Kecamatan Talang, latané lurus ngétan nembus gili bablas ngétan maning kosih mentok nang Pasar Kemantran. Jon Dapuk terus ngebut mlayu ngalor. Kira-kira rongatus méteran, motor mbélok nengen lurus bablas nembus Desa Kemuning. Motor terus dikebut lurus ngétan ngambangi Desa Jatibogor, mlebu wilayah Kecamatan Suradadi. Saka prapatan Jatibogor, Jon Dapuk bélok ngidul lurus mentok. Tujuané nekani Kantor Balai Desa Karangmulya.
Ora suwé déwéké anjog nang pelataran balai désa, latané nekani bekelé. Gelisan crita déwéké adep-adepan kambén bekel Desa Karangmulya.
“Kenalna arané enyong Jon Dapuk. Nyong penulis kolom Moci nang média oliné PanturaPost.” Jon Dapuk ngulurna tangané ngejak salaman karo bekelé.
“Nyong Bekel Karyangmulya. Énten kepentingan nopo Mas? Muga-muga nyong bisa mbantu,” takoné Sang Bekel.
“Ngéten Pak Bekel, tujuané nyong teka mriki péngin ngerti asal-usul désa.”
Sing ditakoni ora sagseg njawab, malah bingung. Rainé ndengak madep langit-langit pyan kantoré.
“Ngapunten Mas Jon. Jujur baé sajegé nyong urip nang désa kéné, ora paham sejarah asal-usulé Desa Karangmulya. Tapi sabar ya Mas. Nang kéné mégin ana sesepuh sing kayané ngerti. Sedélan ya Mas Jon? Njenengan tenggo riyin teng mriki.” Sauwisé ngomong kaya kuwé Bekelé metu saka ruangan. Jon Dapuk tengak-tenguk nang ruangan kerja Bekelé.
Ana sapuluh menitan, Jon Dapuk ditinggal déwékan, nang batin Jon Dapuk ékawicara, salahé pemerintahan désa kurang nggatékna maring bab literasi asal-usul désa, akibaté angger ketekan tamu goléti babad désa, pada tuktak-tuktuk. Bab kiyé sing seringé diranapi daning Jon Dapuk rata-rata pemerintahan désa ora kober nyatet sejarah asal-usul wilayahé.
Let ora suwé, Jon Dapuk krungu lawang ruangan kantoré Bekelé dibuka. Jebul, Bekelé manjing ora mung déwékan, tapiné ngejak wong lanang tuwa kira-kira umuré pitung puluh taun punjul. Gelisan crita, sauwisé Jon Dapuk basa-basi ngobrol, déwéké langsung tancap gas takon babad Desa Karangmulya maring wong tuwa sing digawa Bekelé. Sebut baé arané Mbah Sargad.
“Desa Karangmulya, jaré mbah buyuté enyong gemiyén-gemiyéné alas gledegan. Durung ana umah, isiné witwitan, alang-alang karo rawa-rawa. Ana déné crita asal-usul désa kéné, kawiwitané ana bocah loro kakang adi arané Kertamulya karo Adimulya. Sawijiné dina, bocah loro kuwé mbuka wilayah. Mbabad alang-alang uga witwitan. Lagi mbabadi alang-alang, Adimulya keblosok ning rawa-rawa sajeroné kali. Ora ngerti sajeroné rawa-rawa ana Biawak Rasaksa. Adimulya langsung dimangsa!” omongé Mbah Sargad nyitakena kawiwit bocah loro mbuka wilayah.
“Lajeng pripun Mbah? Adimulya pejah?” takoné Jon Dapuk tetep ngejor rekaman HP-né murub.
“Ora. Daning Kertamulya, kakangé, endasé Biawak digebug nganggo kampak watu. Sekal kuwé, Biawaké jempalikan Adimulya slamet. Déwéké uga ngantem endasé Biawak kosih pecah! Kuwé asal-usul nang wilayah kono diarani Desa Penyawakan.”
Jon Dapuk karo Bekelé mantuk-mantuk. Mbah Sargad nerusna crita. Jaré déwéké, sauwisé Biawaké mati, bocah loro nerusna mbabadi alang-alang uga nebangi witwitan. Dina sangsaya dina wilayah kono dadi amba. Daning bocah loro, wilayahé dibagi rong blok. Adimulya manggon nang blok Penyawakan, sedeng Kertamulya nempati wilayah jéjéré. Wilayah sing dipanggoni kakangé, diarani Desa Simendot. Asal tembung saka “mendoté” witwitan asem sing ana nang kono.
“Nang taun 1950, sauwisé ana daupan, rong wilayah kuwé diwor dadi siji arané Desa Karangmulya. Aran kuwé dienggo jenengé désa kanggo ngenang jasa-jasané Kertamulya karo Adimulya. Konon kabaré, nalika bocah loro kuwé mégin bayi, dibuwang nang Kali Cacaban daning wong tuwané!” Mbah Sargad nutup babad Desa Karangmulya.
“Kados ngoten critané, Mbah?” pitakoné Jon Dapuk.
“Sangertiné kula kados ngoten.”
“Matur suwun sanget Mbah,” omongé Jon Dapuk.
Ora suwé déwéké pamitan. Nang ati, rasa bombong ketemu nasasumber sing tétéh nyitakna babad Desa Karangmulya. (*)
——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post