MOCI: Babad Desa Pesaréan, Pagerbarang – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Babad Desa Pesaréan, Pagerbarang

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
12 Juli 2020
4 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

PIKIRANÉ wong kuna, kadang ngglambyar sokan monglah-manglih. Ora jejeg! Gawé aran désa gonta-ganti kosih ping telu. Kedadéan kiyé kebukti ning wilayah Kecamatan Pagerbarang, Kabupaten Tegal. Presisé nang Desa Pesaréan.

“Lokén kaya kuwé Jon?” pitakoné Darto nalika ngumpul nang tempat biasané.

Pitakonané Darto durung dijawab, slonong-boi Kapér ngémpar omongan.

ADVERTISEMENT

“Jaréné wong kuna sakti-sakti. Daning gawé aran baé, jégod ora. Tengkula gonta-ganti.”

Baca Juga

Demi Nguri-uri Kesenian Tradisi, Adi dan David Mbarang Jaran Lumping

Demi Nguri-uri Kesenian Tradisi, Adi dan David Mbarang Jaran Lumping

5 Februari 2023
Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023

“Enyong ya éram. Nang buku-buku sejarah, akéh wong kuna ditulis élmuné duwur-duwur, jebulé ngempra!” serang Sidul. Bab kuwé kanggoné Jon Dapuk ora éram malah ndadékna uteké déwéké keasah. Timbang jakwir-jawiré kur meneng, nrima pitutur apa anané, dileg mentah-mentah, kiyé malah mbaini. Ngajari uwong beléh bener. Jon Dapuk dudu uwong sing otoritér kaya raja-raja Jawa, uteké bengis gén senengé ngumpulna selir kanggo njajal kekuatan nafsu séksualé.

“Kedadian kuwé anané nang endi sih, Jon?” takoné Darto.

“Kowen tau krungu Desa Pesaréan?” Jon Dapuk balik takon.

“Sing ana nang Makam Amangkurat I ?”

“Dudu. Kuwé tah Pesaréan nang wilayah Kecamatan Adiwerna owh.”

“Enyong paham Jon. Pesaréan sing manggon nang Kecamatan Pagerbarang kan?” timpal Kapér. Kaya biasa tangané nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk. Ciri khasé Kapér.

“Satus kanggo kowen!”

Diomong olih biji satus, cunguré Kapér kembang kempis. Déwéké ngrasakna menang telak kebanding Darto.

“Trus bisané wong kuna diarani mblandrang nalika gawé aran désa kosih ping telu témbé sreg, awit-awité kepimén?” takoné Darto kayong penasaran baé.

“Critané kaya kiyé!” semauré Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pasang kuping. Siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar kisah babakan Desa Pesaréan bisané kosih ping telu adil ganti aran. Latané ditetepna dadi Desa Pesaréan.

Miturut crita nang buku “Mantu Poci, antologi Babad Désa dan Cerita Rakyat Tegal” terbitan Mimbar Pengajian Seni Budaya taun 1997, kasebut Ki Sura bareng jakwir telu ngambah alas gledegan. Wong telu yakin golok-goking wilayah sing diambah bakal dadi daérah subur lan berkembang. Sebab kuwé Ki Sura ngajak jakwir-jakwiré mbuka wilayah nang kono.

Wit-witan duwur tur gedé-gedé nang alas gledegan dibabadi. Ditegori mbuh suwéné pirang wulan. Samana uga rungkudé alang-alang ditebasi kosih alas nang kono dadi padang jembrang.

“Nebangi alas, mbadadi alang-alang suwéné pirang wulan Jon?” takoné Sidul.

“Kowen takoné makha-makha Dul. Ora nganggo utek,” timpal Kapér.

Krungu omongané Kapér, Darto ndadak nyekakak.

“Sikah! Ora nganggo utek ndasmu pokah!” serang Sidul.

“Pancéné. Lokén zaman samana ana tanggalan?”

“Éééhhh… kowen compong! Tetenger dina kuwé bisa nganggo wulan purnama, koplok?!” Sidul njadag méin alesan. Sing dimaksud tembung “Compong” daning Sidul artiné “Sinting”. Sedeng tembung “Koplok” maksudé wong sing “Ora nganggo utek”.

“Oh, ya ya ya…. sori bos!” semauré Kapér rumangsa omongané Sidul bener.

“Képrét sisan lah…” omongé Sidul. Orabada créngas-créngés.

“Wis Jon lanjut. Aja ngladéni wong-wong gebleg!” omongé Darto.

“Sikah! Gebleg ndasmu pokah!” sempal Sidul.

Darto nyekakak samana uga Kapér, krungu Sidul lagi diemplo-emplo alias dipingpong daning jakwiré. Ora bada wong telu nyekakak bareng. Jon Dapuk kaya biasané kur pésam-pésem.

“Crita kiyé sida diterusna?” omongé Jon Dapuk.

“Sida Jon. Lanjut!” Darto ndelak di-iyani jakwir-jakwiré.

Jon Dapuk sagseg mbabar lanjutan critané. Jaré déwéké sauwisé kahanan alas padang jembrang, wong telu nyeblok gubug. Tutup gubugé nganggo alang-alang. Wong telu latané nandur jagung, timun, gedang, bolét, bodin, lan sawerna tanduran.

Suwé sangsaya suwé, teka Mbah Besus. Déwéké latané gabung. Nang gubugé Ki Suro, wong lima mbahas bab keislaman. Mbah Besus nekakna guru pinter soal élmu keislaman kasebuté Syéch Abdurrahman.

Sajegé kuwé, kawiwit syiar Islam berkembang akhiré ngadegna mushola nang mbah wétan kali. Mung sialé, mushola kuwé kobongan bareng kitab-kitabé. Wong lima akhiré duwé rencana gawé mushola penggantiné. Wong lima salat istikharoh supaya olih petunjuk. Nalika kuwé, petunjuk sing nyata, ujug-ujug ana bedug ngglinding maring tempat mushola sing mauné kobongan. Nang tempat kuwé akhiré dibangun mushola maning.

Gelisan crita, Syéch Abdurrahman sédo disarékna nang wilayah kono. Daning Ki Sura, wilayah kono diarani Desa Pesaréan. Ora suwé, nang mburi aran “Pesaréan” ditambahi tembung “Suro”. Maksudé kanggo ngenang jasa-jasané Ki Suro. Wong pertama sing mbabad désa kono. Dadiné aran désa kono diarani “Suro Pesaréan.”

“Trus bar aran Pesaéan diganti Suro Pesaréan, latané diganti apa maning, Jon?” takoné Darto nyempal omongané Jon Dapuk.

“Taun 1930, désa Suro Pesaréan duwé Bekel utawané Lurah ora tanggung-tanggung loro…..” Kaya biasané Jon Dapuk nugel omongan.

“Ajib maning! Sadésa ana bekel rangkep! Aran désané apa baé, Jon?” pitakoné Sidul. Kapér kaya biasané bas bus bas bus udud baé.

“Suro Pesaréan karo Pamijén. Tapi, ora suwé daérah kono digabung dadi siji maning sauwisé ana daupan utawané kondrah bekel.”

“Trus arané diganti maning?” omongé Kapér.

“Yaul!”

“Arané apa, Jon?” cecer Darto.

“Dibalakna maning kaya mauné dadi Pesaréan. Tembung “Pe” asal tembung “Pesaréan”, sedeng tembung “Sa” asal aran “Sura”….”

“Anéh bin ajaib!” timpal Sidul.

Jon Dapuk ora ngurusi omongané Sidul, déwéké terus mbabar tutugé kacrita. Jaré déwéké, Desa Pesaréan awalé mlebu nang wilayah Kabupaten Brebes. Saikiné mlebu nang wilayah Kecamatan Pagerbarang, Kabupaten Tegal sauwisé Bupati Tegal karo Bupati Brebes rembugan.

“Crita kuwé narasumberé sapa, Jon?” takoné Darto.

“Olih sing Kiai Achmad Jarochi, zaman nyong ngabdi dadi wartawan nang SKM Swadesi, terbitan Jakarta!” Jon Dapuk nutup obrolan. (@)

 

 

——-

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In