MOCI: Bledugan Ning Kaligua – Panturapost.com
Minggu, Juli 3, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Bledugan Ning Kaligua

“Jon kiyé bener ora? Enyong pan takon. Jaré nang Kaligua tau ana bledugan?”

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
9 Juni 2020
4 min read
0
MOCI: Gambar Cecek

Lanang Setiawan. (Ilustrasi Foto: Arif)

105
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

“JON kiyé bener ora? Enyong pan takon. Jaré nang Kaligua tau ana bledugan?” omongé Kapér maring Jon Dapuk. Nalika kuwé, kaya biasané jakwir-jakwiré Jon Dapuk lémprakan nang Pos Ronda. Bengi kuwé pancén lagi ngiras-ngirus ngobrol ngalor-ngidul kosih tekan masalah perjuangané wong-wong Tegal lawan agresi Landa.

“Engko tuli Jon. Aja giri-giri dijawab. Yanu pan ngetés Kapér. Kowen ngerti tembung bledugan beléh? Tembung bledugan arti liyané apa sih?” omongé Sidul mancing perdébatan.

“Ééé… kiyé bocah songong! Bledugan kuwé istilah jaman ora énak, jaman perang nyad?!” semauré Kapér radan ngodor.

ADVERTISEMENT

“Nilai satus kanggo Kapér!”

Baca Juga

Harga Rajungan Anjlok, Nelayan di Brebes Terpaksa Menganggur

Gara-gara Rajungan Regané Mlorod, Nelayan nang Brebes pada Nganggur

2 Juli 2022
Nasdem Brebes Cari Bacaleg 2024, Pengusaha dan Tokoh Masyarakat Jadi Incaran

Nasdem Brebes Cari Bacaleg 2024, Pengusaha dan Tokoh Masyarakat Jadi Incaran

1 Juli 2022

“Ish…!! Kuwé artiné dudu blendung?” Darto nyoba nglédék. Masalahé dong Kapér ngodor, dayik madalé mangkina katon tambah wanyad!

“Kiyé maning, compong!” serang Kapér ndadakena jakwir-jakwiré nyekakak. Soalé nyawang dayiké Kapér, kayong wagas ketambahan matané pendelikan.

“Énté waktu SD pelajaran sejarah bijiné papat?” semauré Kapér karo nyekakak. Kahanan bengi kuwé dadi tambah rahat. Jon Dapuk malah olih hiburan ndeleng polahé jakwir-jakwir pada kemplu kabéh. Tapi kedaéan kiyé ndadékna pikirané ora bebel, tinimbang ngobrol kambén wong-wong gedé kadangkala pikirané cruwek. Isiné intrik ning ora kur otak-atik anggaran kepimén carané nyuyad cut bén ora konangan. Dolanané, dolanan proyék!

“Waduh! Nyong tadi kéder kyeh! Miki takon apa ya?” omongé Kapér karo tangané cekelan batuk.

“Soal bledugan Kaligua, nyad?” Omongé Sidul.

“Oh iya! Crita sing bener pibén, Jon?” Kapér ngulang pitakonan.

“Kowen ngerti crita kuwé pan nggo apa, Pér?” Darto takon.

“Nyong penasaran. Wingi bengi nang tanggané enyong ana lék-lékan puputan bayi. Ana wong tuwa crita soal bledugan Kaligua. Tapi critané pating pencolat-pencolot ora genah. Nyong dadi ora mudeng. Tak cecer omongan, jawabé kur: pokoké nang Kaligua ana perang gerilya Tentara Pribumi lawan Landa. Dadi nyong péngin genah crita bledugan nang Kaligua, pimén? Bén mengko nyong bisa nerangena maring sapa baé crita sabeneré.” Kuwé alesané Kapér bengi kiyé takon bab bledugan ning Kaligua.

“Oké Pér. Kanca-kancané nyong kudu dadi wong pinter. Senajan kowen kabéh kur sekolahé SD, tapi ébén aja dianggep wong rendahan….. “ omongé Jon Dapuk serius.

ADVERTISEMENT

Krungu omongan kaya kuwé, jakwir-jakwiré Jon Dapuk krasa diangkat drajaté. Mergané jakwir-jakwir hormaté maring Jon Dapuk kosih nyundul langit. Rasa bangga duwé kanca Jon Dapuk ora éman-éman bagi-bagi élmu.

“Matur kesuwun kowen gelem bagi élmu maring enyong-enyong kiyé sing sekolahné mung SD, Jon?” omongé Darto sing luwih tuwa di antara jakwir-jakwiré.

“Pada-pada sinau, To. Wis lah…. nyong tak crita soal pitakonané Kapér,” omongé Jon Dapuk.

Suasana dadi saclerengan suwung. Ora let suwé, Jon Dapuk mbabar oreg bledugan ning Kaligua. Miturut Jon Dapuk, kedaian serangan pasukan gerilya para pejuang béla kemerdékaan, asalé disebabna pasukan Landa nglanggar Perjanjian Renville. Waktu samana tauné 1948 tepaté ning tanggal 18 Désémber, langit Kaligua nang wilayah Brebes ketutup mendung. Alas pinus gledegan kegubed pedut. Angin mobat-mabit. Hawané tiris, atis mbangkana-kana. Mula-mula udané kletak-kletik ndadak deres kaya watu satrek disuntek.

Jam papat ésuk uput-uput para pejuang kemerdékaan mlebu alas. Tlusap-tlusup manjat bukit mudun bukit akhiré anjog ning Kaligua.

“Kayong serem ya? Tujuan para gerilyawan blusak-blusuk mono pan apa, Jon?” takoné Sidul karo Kapér.

“Tujuané ngobrak-abrik pabrik téh….” Kaya biasané Jon Dapuk medot omongan.

“Ngobrak-abrik pabrik téh sih, ana apané?” sela Darto.

“Dadi gudang senjatané Landa, To.”

“Ooo… ?” Jakwir-jakwiré pada mlongo.

“Lanjut Jon. Kayong menarik kiyé.” Omongé Sidul. Lan kaya biasané, tangané Kapér njukut saer ududé Jon Dapuk.

Jaré Jon Dapuk, nalika para gerilyawan weruh gudang senjata sekang nduwur bukit, agé-agé para gerilyawan rikat nyusun fromasi. Pasukan Kompi I, II, III sagseg mudun sekang bukit ngepung gudang senjata. Sawetara pasukan Kompi IV ngadang pasukan Landa sing ditaksir bakal teka sekang Bumiayu nggabung ning médan laga.

Ora sranta maning, letusan péstol mlédak tanda serangan ditapuki. Para pasukan lan gerilyawan ndadak nyerbu militér-militér Landa. Serangan dadakan sapu bersih militér-militér Landa ora setitik korban nang pihak Landa pada koit.

Jam pitu ésuk, bala bantuan Landa sekang Bumiayu teka. Bléh ampun maning, pasukan militér Landa diserang pasukan Kompi IV nganggo mitraliyur. Nang tengah brug, pasukan Landa sing ana nang nduwur trek brantakan olih gempuran pasukan Kompi IV. Geni mulad bareng treké jontas tur kobongan. Seisi trek mati sekal.

“Uih! Hébat nemen. Sung seru…” delak Kapér karo tangan loroné ngepel-ngepel kesenengen.

Daning Jon Dapuk, omongané Kapér ora ditanggapi. Déwéké terus mbabar crita lanjutané. Jaré déwéké, sauwisé pasukan Kompi IV ngobrak-abrik pasukan Landa nang nduwur brug, latané sajam sauwisé, ora kenyana ora keduga teka motor mabur tempur Landa. Saka nduwur langit pasukan pejuang dibrondong nganggo senjata mitraliyur boboté 12, 7 andebé.

“Waduh! Cilaka dua belas kyéh tah….” ndelaké Kapér nada omongané gemeteran. Rundag. “Toli pimén Jon nasibé pasukan kita?” pitakoné Kapér.

“Dobol énté! Ana wong crita dipedot-pedot baé!” omongé Darto kambén nggeplak pundaké Kapér.

“Nyong mélu gemremet bol! Saking gemesé. Toli tangané aja plak-plek owh… lara bol?!” delaké Kapér karo nyekeli pundak sing tembé digeplak Darto.

“Wis aja réang baé! Terusna Jon, aja ngurusi bocah loro. Wis pada kaplak ribut baé. Lanjut Jon,” omongé Sidul sing ngerasa keganggu.

“Olih serangan dadakan, konsentrasi pejuang Kaligua pating blangsak. Siji tut siji pada mlencar golét slamet mlebu alas. Sayang, ning waktu samana salah siji pejuang mati diterjang peluru penjajah kosih dadané rompal lan endasé pecah!” critané Jon Dapuk.

Krungu crita kaya kuwé, jakwir-jakwir Jon Dapuk ngrajug. Matané mendelik tur cangkemé mangap kabéh.

“Inalillahi waina lillahi rojiun….” suwara jakwir-jakwir Jon Dapuk bebarengan.

“Risiko pejuang dong ora mati ya selamet. Mugané kowen kabéh kudu ngormati maring para pahlawan! Bisané nyong kabéh bisa urip ayem, sebab jasa-jasané para pejuang kemerdékaan ora satitik!” sambung Jon Dapuk.

“Tapi sori Jon. Bisané kowen paham cerita kiyé, sumberé sing ngendi?” takoné Darto di-iya-ni daning jakwir-jakwiré.

“Sumber critané maca buku “Tegal Berjuang” sing disusun Pak Achmad. Beliau Sekeretaris MACAB LVRI Kabupaten Tegal. Penerbité Markas Cabang Legiun Veteran RI Kabupaten/Kodya Tegal. Nang buku kuwé sejarah perjuangan wong-wong tiga daérah Tegal, Pemalang, Brebes kosihkén Pekalongan, ana kabéh. Nang buku kumpulan Puisi Tegalan sing judulé “Wulan Kemayu” ana puisi sing nyritakena pristiwa bledugan nang Kaligua. Wis goléti baé rong buku kuwé! Perlu diwaca lan penting.” Jon Dapuk nutup omongan! (*)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: Bledugan ning KaliguabrebesKaliguaLanang setiawanMociSejarah
Share60TweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel
Moci

Kang Jampeng Menungsa Si Layar Sentuh

30 Juni 2022
Ki Sebayu Umahé nang Endi?
Moci

Ki Sebayu Umahé nang Endi?

28 Juni 2022
Nang Landa Ana Hajat Mantu Poci?
Moci

Tradisi ‘Mantu Poci’ Nyata Apa Kur Hoax?

20 Juni 2022
Kondangan nang Goyud Ombér, nang Cagut Digabur
Moci

Kondangan nang Goyud Ombér, nang Cagut Digabur

6 Juni 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tahlilan di Tegal, Tamu Bawa Pulang Berkat dengan Ember Besar dan Galon Air

  • 6 Rekomendasi Wisata di Brebes yang Cocok untuk Liburan Keluarga

  • Beli BBM Subsidi Pakai Aplikasi MyPertamina, Anggota DPR RI: Bagaimana Pengawasan Digitalisasi 5.500 SPBU?

  • Isi Berkat Tahlilan di Tegal yang Pakai Ember Jumbo dan Galon Air

  • Daftar 27 Perguruan Tinggi yang Terakreditasi Unggul, 3 di Antaranya Ada di Jateng

  • Diminta Mundur Usai Pindah ke PDIP, Wakil Wali Kota Jumadi: Jika Ada Aturannya, Saya Ikuti

  • 11 Daerah yang Wajib Pakai MyPertamina Saat Beli Pertalite dan Solar, Tegal-Brebes Belum Masuk

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In