MOCI: Crita Asal Usul Pulo Kodok – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Crita Asal Usul Pulo Kodok

Apa hébaté Pulo Kodok, sampé-sampé moncér maring endi-endi ora?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
21 Juli 2020
3 min read
0
MOCI: Crita Asal Usul Pulo Kodok

Pulau Kodok, Kota Tegal. (Foto: Irsyam Faiz)

Share on FacebookShare on Twitter

SAKA kantor redaksi média online PanturaPost.com, Jon Dapuk ngutir-ngutir, bablas ngalor ngliwati gili gedé. Saka lor kidul mlayuné kendaraan banter-banter kaya weruh sétan. Jon Dapuk terus lilplap, ngliwati Pasar Pépédan bablas ngalor. Mlayuné motor Jon Dapuk ora kalah karo kendaraan liyané. Anjog nang prapatan bangjo Jl. Pemuda Kota Tegal, kendaraan bélok nengen mlembu dalan sakidulé Perusahaan PLN. Ora suwé kendaraané Jon Dapuk tekan nang dalan pantura.

Kendaraan Jon Dapuk terus dikebut ngétan. Barang pan anjog Bruk Prepil, ndadak motoré mbélok ngalor, tinuju wilayah SUPM. Gelisan crita, déwéké anjog nang Pulo Kodok. Jebulé, sing dituju Jon Dapuk tempat wisata sing ana nang wilayah RT 06 RW 10 Kelurahan Panggung, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal.

Dina kiyé Jon Dapuk pancén olih tugas redakturé dikongkon ngliput destinasi Pulo Kodok. Apa hébaté Pulo Kodok, sampé-sampé moncér maring endi-endi ora?

ADVERTISEMENT

Jebulé, sauwisé déwéké anjok nang kono, wilayah Pulo Kodok mung segara gél. Pinggir-pinggir segara isiné tanduran cemara.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

Bayangané Jon Dapuk nang Pulo Kodok isiné kéwan kodok. Nyatané sing ditemoni mung patung kodok. Ukuran patungé raksasa, warnané ijo mencorong. Cuman kuwé sing diarani Pulo Kodok?

Untung baé, waktu Jon Dapuk tekan nang kono, wayahé pan ngadepi rep dadi déwéké bisa menangi srengéngé surup, kaya pan nyublek maring segara. Éloké srengéngé sing pan surup, warna langité abang mérét. Banyu segarané nang mbang kulon, ketimpa warna abang campur kuning emas. Sedeng bayangan séngéngéné katon separo, separoné maning ngebayang nang banyu sebagian ireng menges.

Suwara anginé semilir, ombaké lon-lon mlayu maring daratan. Jon Dapuk mandeng pemandangan srengéngé sing pan surup, atiné krasa ayem.

Nang Pulo Kodok, akéh masyarakat pada nikmati éndahé segara Pulo Kodok. Jon Dapuk nyekseni wong-wong sing pada teka nang kono, pasang aksi pada selfie latar belakangé langit ngadepi séndakala. Patung Kodok Raksaksa, ketimpa soroté lampu. Suwara ombak nggalik-nggalik bareng semiliré angin.

Lanang Setiawan.

Jon Dapuk nekani salah siji warga sekitar pantai Pulo Kodok, sebut baé arané Nurjanah, kebeneran déwéké dodolan wédang kopi lan jajanan. Maring déwéké nyambi médang kopi, Jon Dapuk nebar pitakonan.

“Mbakyu, nyong péngin ngerti asal-usul laut kéné diarani Pulo Kodok pimén?” takoné Jon Dapuk maring Nurjanah. Sing dimaksud “Mbakyu” daning Jon Dapuk panggilan akrab kanggo wong wadon.

“Sing enyong krungu, asalé wilayah kéné akéh balongané…”

“Mbalongan kuwé apa mbak?”

“Balongan kuwé, tambak mas?”

“Trus?” Jon Dapuk mleter pitakonan maring Nurjanah.

Ora suwé Nurjanah crita. Jaré déwéké, jalaran nang kono akéh balongan akhiré dadi tempat pemancingan. Suwé-suwé warga masyarakat pada mancing nang kono, ora kur ketongkrong nang siji balongan, tapiné sokan pindah-pindah panggonan.

Paribasané kodok, wong-wong sing pada mancing sokan mlempat mana-méné. Dadiné persis kaya kodok!” omongé Nurjanah.

“Asal-usulé Pulo Kodok kaya kuwé, mbak? Nagéna akéh kodoké, mogané nang kéné diarani Pulo Kodok,” omongé Jon Dapuk.

“Bener mas. Nang kéné akéh kodoké.”

“Nyatané kur patung kodok, mbak?”

“Patung Kodok kuwé sawijiné tetenger, angger nang wilayah kéné gemiyén-gémiyén dadi Istana Kodok!”

“Mbak Nurjanah ngerti adong nang kéné dadi Istana Kodok sing sapa?”

“Nyong déwéké ora menangi nalika nang kéné diarani Istana Kodok. Tapi crita wong-wong tuwa kuna, jaré nang wilayah Pulo Kodok gemiyéné akéh kodoké. Sing pada ngluruhi kodok, ya pirang-pirang. Akhiré nang kéné dijuluki Pulo Kodok,” jawabé Nurjanah.

“Bisané ora diarani Istana Kodok, mbak?”

“Nyong ora ngerti mas. Ndéyan baé, saking akéh kodoké nang wilayah kéné, diarani Pulo Kodok. Nék istana kuwé kan cilik? Nék pulo artiné wilayahé amba. Dadi luwih tepat diarani Pulo Kodok. Ketambahan, wong-wong sing pada mancing, pindah mana pinda méné persis kaya kodok hahahaha….” jawabé Nurjana karo gemuyu.

Ngrungokna jawabané Nurjanah, Jon Dapuk duwé penilaian angger Nurjanah kuwé wawasané luas. Nyatané, nalika Jon Dapuk mancing omongan, Nurjanah jawabané kayong cerdas. Dibélak-bélokna nganggo pitakonan daning Jon Dapuk, jawabané tetep Pulo Kodok didukung karo alesan sing maton.

ADVERTISEMENT

Tedeg olih jawaban asal-usul aran Pulo Kodok, Jon Dapuk pamitan. Wayahé wis adzan magrib. (*)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: MociPulo kodok
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In