JALARAN sering nulis kisah jaman kuna, Jon Dapuk sokan ditekani bocah-bocah pelajar. Sing WA maring déwéké ora étungan. Ana sing takon masalah penerbitan média massa taun 50-an kosih lair Sastra Tegalan taun 1994. Soal sejarah tembang Tegalan sapa tokohé, ya ngarti. Sing nekali omahé ora péré-péré. Awit bocah SMP, SMA kosih sing pan nggranggéh S3, saka ngendi kota. Adong bocah mahasiswa akéhé takon asal-usul lairé Sastra Tegalan sing saiki moncér klowér. Bisa dikandakena Jon Dapuk gudangé data paling lengkap sebabé rajin ngliping tulisan seni budaya. Buku-buku sastra lokal gawéané sekandang-bentang.
Saiki ana mahasiswa pengin ketemu ngobrol soal sejarah perjuangan wong Tegal. Khususé jaman bledugan nalika agrési Landa mlebu Tegal.
“Assalamualaikum… salam kenal Kang Jon. Enyong Mélinda Kadarwati, mégin kuliah semester 3 nang universitas kéné baé. Mugi-mugi Kang Jon énten wedal, saged kepanggihan kalih kula.”
Kuwé isi WA-né bocah wadon sing ngakuné Mélinda Kadarwati maring Jon Dapuk. Tutur tembungé campuran. Ana nyebut “Enyong” uga “Kula”.
“Walaikumussalam…. angger jam aya-méné nyong ora bisa diganggu. Kuwé jam-jam enyong sibuk.” Jon Dapuk mbales WA-né Mélinda.
“Sempeté jam pinten Kang?”
“Bar salat magrib.”
“Oké.”
Kanggo Jon Dapuk jam 10 awan padat acara ngubek brita. Bubar dzuhur kudu ngantor ngetik hasil liputan. Kadangkala ana acara dadakan ngikuti agénda Walikota utawané Bupati. Luwih pastiné lubar mahgrib paribasané témbé bisa ambekan.
“Mangké ketemu nang Kafé Yahér jalan Arjuna, njih?” WA pungkasané Mélinda.
“Ok.”
Détik, menit, jam nggincir. Pas jam setengah pitu bengi, Mélinda WA maring Jon Dapuk.
“Enyong wis nang Kafé Yahér, Kang.”
“Siap.” Jon Dapuk mbales WA-né Mélinda.
Sauwisé pamitan karo bojo, Jon Dapuk bying maring panggonan sing disebut Mélinda. Anjog nang tempat tujuan, Jon Dapuk lingak-linguk. Nang Kafé Yahér akéh bocah enom-enoman lanang wadon demenan njagong adep-adepan. Penerangané lampu riyem-riyem, sedeng nang méja pengunjungé ana ceplik sumbu sing dicemplungna nang gelas isiné lenga klentik.
“Kang, enyong njagong sisih wétan. Nganggoné kaos ijo pupus jakét warna biru dongker.”
Bléh buwang waktu, Jon Dapuk nuju arah sing diomong Mélinda. Anjog nang panggonané déwéké nyalami Mélinda.
“Pan nginung apa Kang?” omongé Mélinda karo nyodorna daftar menu.
“Espresso…” jawabé Jon Dapuk. Pilihan kopi sing diomong déwéké, inungan kopi paling dasar. Tekstur kopiné ireng ngeduweng pait, ditambah crema nang nduwuré kesenengan jaman mégin
enom.
“Kudapané apa Kang?”
“Gedang gépéng bakar campur kéju.”
Mélinda ngawéh pelayan.
“Kopi espesso loro. Roti bakar saporsi, gedang gépéng bakar campur kéju sapirsi,” omongé Mélinda nalika pelayané ana nang adepané.
Pelanyan lunga, kari wong loro.
“Mba Lin ngerti WA-né enyong sing sapa?” takoné Jon Dapuk basa-basi.
“Om Fikri Faqih.”
“Maksudé Kang Fikri Faqih sing tau dadi anggota déwan nang Kabupaten Tegal?”
“Bener Kang. Saiki wis nang pusat owh. Bisané Kang Jon kenal karo Om Fikri?” Mélinda penasaran. Jon Dapuk kur mésem.
“Sapa sing ora kenal Kang Fikri? Nyong sadurungé dadi wartawan média online, ngabdi nang Mingguan Swadesi terbitan Jakarta. Gemiyén nyong sokan wawancara karo Omé kowen nalika mésih dadi anggota déwan Kabupaten. Sampé saiki nyong karo Kang Fikri kekancanan. Wongé santun, apikan, tur sokan tetelungan. Dong ketemu titip salam ya?” omongé Jon Dapuk ora nyangka ketemu ponakané Kang Fikri.
“Iya Kang. Dong teka mring Tegal. Salamé Kang Jon tak sampékna.”
Wong loro kayong pada bérag. Kanggo Jon Dapuk, ngadepi Mélinda kudu diladéni temenan. Dudu soal kepibén-pibén, tapiné ngélingi Kang Fikri uwongé apikan. Ari mbantu kambén uwong ora ndeleng “warna klambiné”. Pedoman déwéké, ora liya nganggo ajaran Islam. Bab kuwé sing diajarena gonéng wong tuwa loroné. Dadi angger ngomong karo déwéké ora nganggo seket-seket alias dikotak-kotak. Hubungané dudu hubungan fungsi tapiné kemanungsan.
“Saiki apa sing perlu nyong bantu maring Mba Lin?” takoné Jon Dapuk.
“Nyong butuh bahan-bahan perjuangan wong Tegal nalika agresi Landa ngobrak-abrik Tegal?”
“Nyong takon disit kanggo apa?” takoné Jon Dapuk sadurungé njawab kudu ngerti masalahé.
“Nyong pan mélu lomba penulisan naskah drama rong babak. Tingkat mahasiswa se-Jawa Tengah. Hadiahé beasiwa kanggo S2.”
“Pergolakan nang Tegal pirang-pirang. Tentang Pengibaran Bendera nang pucuké Kantor Birao, Peristiwa Tiga Daerah jaman Kutil gawé oreg nang Talang, apa babakan Ibu Kardinah dibombréng, lan diarak sadawané dalan nalika peristiwa Kutil?” Jon Dapuk nawakena pilihan.
“Nyong kurang seneng bab kuwé. Masalahé wis akéh wong pada nulis. Tentang kepahlawanan wong Tegal ana beléh, Kang?”
“Ana! Kuwé sejarah bledugan Tegal nalika para pejuang nglawan agrési Landa,” omongé Jon Dapuk kemutan tau maca buku “Tegal Berjuang” sing disusun daning Achmad, Sekretaris MACAB LVRI Kabupaten Tegal.
“Setuju.”
“Tau krungu Kaptén Sudibyo?” omongé Jon Dapuk.
“Saiki témbé krungu. Kaptén Sudibyo kuwé sapa, Kang?” takoné Mélinda siap-siap mbuka HP nggo ngrekam Jon Dapuk mbabar crita.
Jon Dapuk molai crita sépak terjangé Kaptén Sudibyo nglawan Landa nang médan tempur. Wongé ora wedinan ndadékena wong-wong Landa kamigila. Awitané Sudibyo anggota Badan Perjuangan Laskar Rakyat nang Tegal, latané nggabung nang Biro Perjuangan Batalyon BPD XXIII Karesidenan Pekalongan nang Tegal. Jabatan pungkasé Komandan Kompi latané pangkaté disesuwékena dadi Kaptén DKD (Déwan Kelaskaran Daerah).
Sauwisé agrési Landa I, Kaptén Sudibyo diangkat dadi Komandan Sub Séktor S/Parikesit. Déwéké dibantu Pltd. Suyono saka ALRI Pangkalan IV dadi wakil. Wong loro mimpin para laskar lan gerilyawan nang wilayah Tegal bagian kulon kosih perbatasan Brebes. Saben bengi Sudibyo karo anak buahé nyergap patroli Landa. Saking kendelé, tau maténi Polisi Landa sing lagi jaga nang pos polisi prapatan bangjo Kemandungan.
“Uih… kendelé kaya Rambo!” omongé Mélinda karo nyaplok roti bakar.
“Pancén kendel, ora wedi mati!” omongé Jon Dapuk karo nerusna crita, “Buktiné ning tanggal 10 Oktober 1947 pasukan Sub Sektor S wani ninggalena markasé ning Desa Tunon.”
“Bisané Kang?”
“Pan nyerang markas Landa!”
“Gila ah! Kendelé porét.”
“Tengah wengi, pasukan Kaptén Sudibyo niat nyerbu Markas Pertahanan Landa sing ana nang dalan sing saiki dadi dalan Mayjen Sutoyo. Sonder nggawa senjata pasukan Kaptén Sudibyo, nyusup ngliwati penjagaan Polisi Landa kosih mlebu Desa Randugunting. Mung niat kuwé akhiré batal, olih préntah pimpin kongkon balik maring markas sing manggon nang Desa Tunon.”
“Waduh! Bisané balik maning, Kang?”
“Ndéan baé, Kaptén Sudibyo mikir jero. Maju perang ora nggawa senjata pada baéné mati konyol!”
“Iya ya…Kang? Timbang mati konyol disbrondong Landa, mending banting setir.”
“Bener Mba Lin. Tapi nang kéné, malah dadi dlanggung takdir sing ora keduga. Bengi kuwé para laskar lan Pasukan Parikesit liwat nang Dukuh Sampak, weruh militér Landa lagi steling sadawané dalan dampar sepur uga dalan sekitaré dipepeti. Waktu samana tentara Landa ngepung Desa Tunon. Kebukti ana pasukan Tank njegogrog nang gili gedé. Ngadepi mlenongé srengéngé, pasukan Landa nyusup manjing kampung-kampung Desa Tunon, kembang suruh mbrondong témbakan ora baén-baén. Ning waktu samana, Kaptén Sudibyo lagi nang markas karo anak buah bener-bener kekepung….”
“Terus kepimén nasibé Kaptén Sudibyo karo anak buahé, Kang?” omongé Mélinda motong critané Jon Dapuk. Pengrasané Mélinda ning bengi kuwé bisa diwaca daning Jon Dapuk katon waswas campur priyatin. Matané mandeng Jon Dapuk ora kedép gén ambekané manjat mudun. Kaya-kaya nang matané ana tontonan film perjuangan sing lagi diputer.
“Kaptén Sudibyo karo wakilé Pld. Suyono uga anak buahé ora mungkin lolos. Siji-sijiné dalan nglawan. Apa sing bakal kedadén, urip lan matiné menungsa ana nang tangané Gusti Allah. Rawé-rawé rantas, malang-malang putung! Sekabéhané metu ngadepi pasukan Landa senajan senjatané cukup nganggo pistol!”
“Gila! Luar biasa. Ngadepi militér Landa ora pantang mundur. Pergolakan sing kaya kiyé pan tak angkat nang lomba penulisan naskah drama. Tujuané ébén generasi enom saiki ngerti perjuangané para pahlawan béla mati maring megarané ora baén-baén. Bocah-bocah saiki kudu ngormati jasa-jasané. Oké Kang, lanjut!”
“Nang wayah subuh, masyarakat Tunon panik. Jénggélék tangi turu kedangsrakan playon nggolét slamet saking mrekitiké. Kira-kira jam 6 ésuk, Kaptén Sudibyo lolos saka Desa Tunon. Sialé, nang tengah sawah kepergok militér Landa sing porét penjagaané bersaf-saf. Tapiné tégadé Kaptén Sudibyo karo anak buah loroné ora kendor ngdadepi kafir-kafir Landa. Pertempuran wong telu lawan sekandang bentang militér Landa, akhiré gugur. Jenazah Kaptén Sudibyo dikubur nang Desa Kalinyamat Sumurpanggang. Arané dadi tetenger dalan nang Desa Dukuhsampak, Kelurahan Kemandungan, Kota Tegal. Luwih genahé, dalan kuwé saka prapatan bangjo Maya kosih mentok tekan pertelon Tirus!”
Sampé nang kéné matané Mélinda merkabak. Gumantung banyu matané ngsndong nang pepelapukan.
“Innalillah wainaillihi rojiuun….” karo mujar kaya kuwé, luh banyu mata Mélinda ora kuwat maning dibendung. Lon-lon ndléwér ngliwati léréng pipiné. “Muga-muga beliau-beliau jembar kuburané gén pikantuk panggonan saé nang suwargi. Aamiin….”
“Aamiin….” semauré Jon Dapuk.
“Oh iya Kang. Nasibé Pltd Suyono pimén?” takoné Mélinda sauwisé numplek rasa bélasungkawa.
“Senajan beliau nyangga tatu cukup parah, beliau selamat. Berhasil dislundupna maring RSU Kardinah,” ujar Jon Dapuk nutup critan.(@)
——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post