TEKA nang Gazebone Mas Jon, jakwir-jakwire pada meneng kabeh. Adate Mas Jon dong ora ditakoni ulate meneng getem. Kahanan bengi kuwe kayong sepi. Ana uwong kayong laka uwong.
Akhire Sidul mbuka omongan, “Timbang sepi kaya kiye laka dopokan sing dibahas, coba ndelen crita mbuh apa. Pokoke aja kayong sepi.
“Iya. Saka umah teka mene kur pan dolanan hape tok? Coba Jon crita mbuh apa,” timpal Darto.
“Lagi laka crita, bro. Mbokan Kaper ana bahan cacak, Per nggo seger-seger. Uteke nyong lagi bleng!”
Krungu omongane Mas Jon, jakwir-jakwire mahfum.
“Okem wis. Kiye ana crita konon kabare. Pan percaya kena ora ya wong arane crita konon kabare,” omong Kaper.
“Critane pimen, Per?” takone Mas Jon kepengin krungu dosbolane Kaper.
“Crita soal kewartawanan. Tapi aja sewot ya, Jon? Wong kiye crita guyon gen kur konon kabare.”
“Yaul. Wong crita konon kabare. Wis critane pimen, Per.”
“Critane kaya kiye….” Kaper molai pan mbabar crita, sekadar ngisi kekosongan. Sawetara jakwir-jakwire pada njembreng kuping siap ngrongokna Kaper crita.
Nah miturut Kaper, pada akhire kabeh uwong bakal ora nana kang bumi.
“Salah siji dina nang akherat, penduduke pada plonga-plongo kesepian. Akhire, ana ana bocah telu wartawan pada rembugan rencana gawe koran. Sebut bae arane Fulan, Dadap, uga Dalban.
“Dalban karo Dadap penduduk neraka. Sedenge Fulan penduduk sorga. Rencana wong telu mateng pan gawe koran.” omonge Kaper gawe Sidul, Darto lan Mas Jon pada nyimak omongane Kaper sing nadane serius.
“Gelisan crita Dadap karo Dalban nerbina koran harian. Judul korane “Neraka Wel” dekene Dadap. Sedeng dekene Dalban judul koran hariane “Neraka Jahanam”. Isi britane medeni nemen. Gen Fulan maca brita-brita kahanan neraka gawe penduduk sorga pada mrekitik.”
Krungu critane Kaper, jakwir-jakwire uga ngrasakna kamigila.
“Takon Per, Dalban karo Dadap wis pada nerbitna koran harian. Isine kahanan neraka. Sing tak takokna karo kowen, Fulan sawijine penduduk sorga pimen?” takone Sidul.
“Nah kuwe, Dul. Si Dalban karo Dadap ya pada ngenteni Fulan gawe koran. Soale apa? Wong loro wis setengah wulan mbritakna kahanan neraka sedenge Fulan, salembar koran ora terbit-terbit. Ya…. akhire Dalban karo Dadal ngonjogo Fulan. Goneng wong loro Fulan ditakoni bisane ora nerbitna koran alesane apa?”
“Jawabe Fulan apa, Per?” pitakone Darto.
“Jawabane Fulan, monine.. nang sorga laka wartawan!”
Krungu omongane Kaper, jakwir-jakwire pada nyekakak kabeh.
“Wanyad ah! Dobol ente! Kakakaka….” omonge Darto nang sela-sela Kaper ndosbol. (*)
___
Lanang Setiawan, kolomnis lan novelis penerima Hadiah “Rancage” 2011.
Discussion about this post