WONG tuwa umur 60 taun punjul nangis ngglolo nyawang geni mulad-mulad ngobong bangunan usahane.
“Duh Gusti Pengerane enyong, keningapa bisa kaya kiye? Keningapa Panjenengan ngglontor musibah gede ora mufakat maring enyong?” tangis nggrentese, gulung kuming.
Geni mulad-mulad emoh lereb. Mulad-mulade geni kaya nyimpen dendam ngobong sakabeh bangunan usahane kanggo sandaran pungkas uripe dadi PNS.
Geni sangsaya gemladag. Cukup limang menit, bangunan ludes bareng nggletake deweke nang kamar UGD. Kondisi kejet-kejet, sekarat.
Anjog ajale teka, Malekat pencabut nyawa mudun sekang nduwur, nembus eternit marani deweke.
“Poma rong poma aja sepisan-pisan kowen nangis nggolo gegara banda dunyane kowen ludes! Pengerane kowen wis sabar ngenteni kowen kosih limalas taun kanggo mbalekna banda harame kowen selawas kiye dinggo usaha!
Kowen nyandang status haji, kuwe artine Islame kowen wis sempurna. Tapi selawas kowen dadi pejabat, kowen nglecehna ukum-ukum agama. Kowen bangga karo usaha sing dirintis nganggo duwit perijinan protitusi uga inungan memabokan. Rasakena piwalesane Pengeran sing larane ora kira-kira!”
Sauwise ngomong, Malekat liplap ngilang bareng sirnane ruh wong tuwa sepuh. Nyawane dicabut kayadene sutra disuwek-suwek nganggo eri tanduran sing paling lancip gen akas (*)