YAGYAGAN maring désa-désa, segudang cerita anéh-anéh tumplek blek. Nang kono ora kurang dongéng warisan moyang subur diuri-uri daning masyarakaté kosih sapéné. Nang kono uga ana petuah sing ora kena dilanggar. Man sapa wani mbandel, kena tulah. Misalé ndadak sinting, kesurupan, utawa mati saradan alias mati sadurungé mati. Kuwé sing arané mitos utawané takhayul.
Fanastisme masyarakat pedésaan maring keyakinan mistik, jalaran tutur tinular para sesepuh sajeroné patuh maring mitos sing dicekeli kenceng. Suwé-suwé nular maring anak-anaké lan akhiré nyebar dadi kepercayaan.
Soal tradisi, uga mitos warisan moyang sing kurang mlebu nalar, ora satitik ditemoni Jon Dapuk. Salah siji contoh misalé, tradisi ‘besel’ kanggo bocah-bocah cilik. Besel sing dimaksud, ora liya jarit putih digulung mirip bandul kalung isiné mantra dukun. Besel kuwé, wajib dikalungna maring bocah maksudé bén bisa nolak bala ‘sawan’ sing pan teka. Sing diarani sawan yakuwé gangguan penyakit gegera tekané roh-roh jahat ngrasuk maring bocah.
Siji maning sing mégin dipatuhi daning masyarakat désa, mitos kepercayaan ‘gaman’. Benda kuwé, wujudé lading lipat sing wajib digantung nang kempongané wong wadon sing lagi mbobot jabang bayi. Maksud wong wadon meteng kudu nganggo ‘gaman’, ora liya upaya nolak sawan bocah sing ana nang wetengan ibuné.
Crita-crita soal takhayul, siluman, demit, uga legenda ora kurang sumebar nang désa-désa. Babakan kaya kuwé, kanggoné Jon Dapuk nambah pengetahuan, wawasan, analisis, uga segudang crita dadi bahan dopokané kanggo jakwir-jakwiré supaya bisa milah-milah, endi crita sing perlu lan endi sing cuman dadi dongéng saduruné bocah mapan turu.
Bengi kiyé kaya biasané, Jon Dapuk kumpul-kumpul karo jakwir-jakwiré nang Pos Ronda. Wédangé empon-empon bumbu pawon kayadéné kamijara, jahé, manisan jangan, pala, mrica, kapulaga, lan liya-liyané diwor dadi siji dicampur gula jawa ditambah cengkéh. Wédang sing kaya kuwé kanggo nampik serangan penyakit. Nang awak rasané anget tur byar pengangené.
“Rong dina ora ketemu ngliput maring endi baé, Jon?” takoné Darto nyuwék sepi.
Jon Dapuk ora giri-giri njawabi. Déwéké nyuled sigarét.
“Ora ketemu kowen, utek kayong bebel,” omongé Kapér. Kaya biasané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk.
“Pan kloyong maring sapa, rasané kéder!” sambung omongé Sidul.
Jon Dapuk ngrasakna atiné jakwir-jakwiré suwung. Sepi liti weruh rainé jakwir-jakwiré, kosong.
“Sori bro! Rong dina nyong olih tugas liputan ngubek crita-crita rakyat ning désa-désa. Ngandang ngumah tengah wengi, awaké lémpoh,” ujar Jon Dapuk nerangna rong dina ora tumon nang umah.
Jakwir-jakwiré ngrumangsani. Mahfum.
“Ya… kebeneran. Olih-olihé crita sing menarik apa, Jon?” takoné Darto.
“Olih-olihé pirang-pirang. Tapi tak critani siji disit. Liyané tak critani liya dina.”
“Oké. Akur!” Wong telu kayong jawab srempak kaya pedaminan.
“Kowen kabéh tau krungu kisah Mbah Bangsi?” takoné Jon Dapuk miwiti crita.
Wong telu gédég.
“Kuwé dodoké nang endi?” takoné Sidul. Kapér durung nyuwara. Déwéké kaya biasané bas bus udud baé.
“Kuwé kisah nang sekitar Pedukuhan Makamdawa, Desa Jatinegara, Kecamatan Jatinegara, Kabupaten Tegal.”
“Critané pimén sih?” lanjut pitakonané Sidul.
“Critané kaya kiyé!” Omongané Jon Dapuk.
Let ora suwé Jon Dapuk miwiti mbabar crita Mbah Bangsi. Jaréné, omongé déwéké, Mbah Bangsi sakalé wis dikubur pirang-pirang abad, moniné mégin peduli maring masyarakaté.
“Lokén?!” Wong telu ngrajug.
“Yanu tembé krungu crita sing kaya kuwé. Ajib temen ya?” Darto ora yakin.
“Takhayul!” slemong Kapér.
“Wong kuna ari gawé crita, gorohé ngletek! Ngawegé ora tanggung-tanggung!” sosor Sidul.
“Crita sing kanané kaya kuwé, Dul. Sing arané wartawan kuwé, kudu laku jujur. Ora kena goroh. Aja nambah-nambahi. Tugasé wartawan nampa saanané narasumber. Sing ditulis fakta, fakta, lan fakta….” omongé Jon Dapuk.
“Takon Jon. Sing dimaksud fakta kuwé apa?” takoné Darto.
“Omongané narasumber. Ana déné narasumberé goroh, dudu urusané wartawan.”
“Oké Jon. Lanjut!” semauré Darto.
Jaré Jon Dapuk, sing dimaksud Mbah Bangsri bisa dijaluki tetulung maring masyarakat, sakalé jazadé wis dikubur pirang-pirang abad, miturut kepercayaan masyarakat kana bener-bener dipercaya.
“Contoné njaluk apa Jon?” Ujug-ujug Kapér mbalang pitakonan.
“Misalé, butuh barang pecah belah kayadéné gelas, piring, dandang, nampan, wajan, lan téko kosih seperangkat gamelan dibenuhi,” jawabé Jon Dapuk.
“Ringkesé, Mbah Bangsri bisa ngusahakna kabéh apa sing dibutuhna masyarakat?” sosor Sidul.
“JAréné kaya kuwé,”
“Dadi artiné, zaman Mbah Bangsi mégin urip, usahané nyéwak-nyéwakna barang pecah belah, termasuké gamelan? Kaya kuwé Jon?” takoné Sidul nritil.
“Narasumber ora crita anjog mono. Sing jelas baé, konon kabaré semasa Mbah Bangsi mégin urip, déwéké duwé pirang-pirang barang pecah belah.”
“Syarat wong kono bisa nyilih barang-barangé Mbah Bangsi apa, Jon?” Darto nidisi Sidul nyuwara.
“Syaraté, sing bersangkuta kudu njaluk restu maring juru kunci Makamdawa, tembé barangé bisa metu.”
“Brarti juru kunciné kelebu wong sakti uga ya, Jon?” timpal Sidul.
“Ndéyané kaya kuwé. Masalahé sumber britané fokus crita soal Mbah Bangsi.”
“Omong-omong, barang-barang Mbah Bangsi kosih sapréné tésih bisa disilih?” Kapér nyuwara.
“Barang-barang kuwé wis ora muncul maning. Sebabé, ulah wong jahil sing srakat njukut salah siji barang pinjamané Mbah Bangsi. Konon kabaré, wong sing jahil kuwé ndadak kentir!” ujaré Jon Dapuk.
Kapér mantuk-mantuk.
“Yanu takon Jon. Énté olih crita kuwé saka sapa?” takoné Darto.
“Kuwé critané Kepala Desa Jatinegara sing arané Saheri, zaman enyong mésih dadi wartawan SKM. Swadesi!” pukas omongané Jon Dapuk. (@)
——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post