“LAGI kaé, kowen tau kanda Sunat Poci. Nyong krungu maning, nang wilayah Kabupaten Tegal seliyané Sunat Poci ana hajatan Mantu Poci. Kiyé genahé kepibén, Jon? Tegal kayong ana-ana baé?”
Kuwé omongané Sidul nalika bengi kuwé karo jakwir-jakwiré ngumpul nang panggonan Pos Ronda mburi umahé Jon Dapuk.
“Bener Dul. Jaré wong-wong tuwa kampungé yanu, moniné kaya kuwé. Yanu déwék jegé paham. Jan-jané Mantu Poci kayangapa sih?” omongé Darto nyambung omongané Sidul. Sing dimaksud tembung “Jegé” asliné saka bahasa Prokém Tegalan sing artiné “Beléh” uatawané “Ora”.
“Nah kuwé! Enyong ya kepengin ngarti. Cak Jon, jakwir-jakwir diterangna asal-usul riwayat kuwé kepimén bisané ana hajat Mantu Poci segala?” takoné Kapér ora kalah penasarané.
Jon Dapuk kaya biasané sadurungé njawabi nyruput wédang téh tubruk. Kapér langgan lawas tangané nyomot saeler sigarét dékéné Jon Dapuk sing diumbar nang adepané.
“Asal-usulé kaya kiyé,” omongé Jon Dapuk.
Jakwir-jakwiré pasang kuping. Siap-siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar riwayat Mantu Poci sing ndadékna jakwir-jakwiré penasaran. Jaré Jon Dapuk, média sing digunakna hajat Mantu Poci ora béda kaya Sunat Poci, yakuwé nganggoné poci lemah. Mung nang kéné ana bédané. Angger hajat Sunat Poci bahan pociné kur siji. Sedeng kanggo hajat Mantu Poci bahané sepasang. Poci sing wujudé cilik, diibaratna mempelai wadon. Anadéné sing wujudé gedé kanggo mempelai lanang.
“Dadi pociné ana loro ya Jon?” takoné Sidul.
“Yaul.”
“Bisané kudu nganggo poci lemah sejarahé pimén Jon?” takoné Kapér.
“Zaman gemiyén durung ungsum poci almunium, Pér?” jawabé Jon Dapuk.
“Bocah soglog!” semprol Darto. Sing dimaksud tembung “Soglog” arti harpiahé “Goblog” alias “Bloon”.
“Bisané soglog?” Diarani soglog Kapér radan ora trima.
“Iya lah…. zaman gemiyén poci almunium durung ana owh, bol?” Darto balik nyerang. Sing dimaksud “Bol” asalé saka tembong “Dobol”, arti sakenané “Ngawur”.
“Bocah apa sih? Dasar wanyad!” sambung Sidul. Orabada cekakakan. Sing dimaksud “Wanyad” Arti harfiahné, sebutan kondang masyarakat Tegal sing maksudé ngempra utawané ngawur, ora nganggo utek, kurang becus atawané sakarepé déwék.
“Wis lah! Ngomong karo wong kentir, bati waduké kaku,” omongé Kapér karo cangkemé mucu-mucu. Sing dimaksud tembung “Bati Waduké Kaku” ora liya “Gawé atiné mangkel”.
Weruh Kapér mucu-mucu, jakwir-jakwiré malah nyekakak. Kaya biasané Jon Dapuk kur pésam-pésem. Jon Dapuk ngerti, saluguné Kapér lagi digoda Sidul karo Darto. Tapi adaté Kapér gampang kepancing.
“Yanu takon Jon?” omongé Darto sauwisé rampung cekakakan.
“Iya To? Pimén?”
“Asal-usul nang wilayah Tegal ana hajat Mantu Poci pibén sih?”
“Asalé kaya kiyé!”
Jaré Jon Dapuk sing ngerti ana hajat Mantu Poci saka buku “Mantu Poci antologi Babad Désa dan Cerita Rakyat Tegal” terbitan taun 1997 daning Mimbar Pengajian Seni Budaya, konon kabaré ana sepasang pengantén saka wilayah Desa Sidakaton, Kecamatan Dukuhturi, Kabupaten Tegal nékat kabur jalaran emoh dijodohna daning wong tuwa. Alasané, antara mempelai wadon karo mempelai lanang wis pada duwé demenan. Walhasil, nalika samana kahanan dadi kacau ora lumrah. Padahal hajat penganténé kari telung dina. Sedeng undangan wis disebar.
“Wah! Enyong bisa mbayangna waktu samana gégéré kaya apa ya?” omongé Sidul medot critané Jon Dapuk.
“Sekarang-karang!” clemong Kapér.
“Akhiré pimén Jon?” takoné Darto.
Jon Dapuk langsung nerusna crita. Jaré déwéké, sajeroné suasana gégér ora umum, teka salah siji warga méin solusi kanganggo nutup wirang. Carané, masing-masing sing duwé hajat mantén nggelar Mantu Poci. Solusi kuwé akhiré disepakati. Kanggo mbédakna endi mempelai wadon endi mempelai lanang, dideleng gedé ciliké poci. Kaya sing wis dicritakna nang nduwur, poci sing cilik kelebu simbol mempelai wadon, sedeng simbol mempelai lanang tandané poci sing wujudé gedé.
“Sawisé kuwé pimén, Jon?” takoné Kapér.
“Sepasang mempelai poci lemah dijéjér nang nduwur méja, lengkap roncé-roncé kaya umumé hajat pengantén.”
“Wah menarik!” omongé Sidul.
“Luar biasa!” timpal Darto.
“Bisa dikandakna hajatan alternatif ya Jon?” Sidul tambah nyerocos.
“Yaul! Wong Tegal pancén kreatif.” Kapér ora gelem kalah omong.
Jaré Jon Dapuk, sajegé kedadian kuwé, tradisi Sunat Poci lan Mantu Poci mangkina nyebar. Utamané kanggo pasangan lanang wadon sing taunan durung diméin keturunan latané nganakna hajat Sunat Poci. Sauwisé puluhan taun kaluwarga sing gemiyéné tau nggelar Sunat Poci, nggelar maning hajat sing diarani Mantu Poci. Tradisi kuwé, salah siji upaya kanggo narik sumbangan sing wis ditokna nalika déwéké olih undangan hajatan saka jakwir-jakwir utawané tangga teparo.
Hajatan sing kaya kuwé, kondangé nang Desa Sidakato, Sidapurna, Kupu, Kepandéan, Lawatan, lan péndéké nang basis désa Warteg. (@)
—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post