Jumat, Januari 22, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Nganggo Sukmané Pekerja, Tuan Halbosh Gawé Brug Tonggara

“Ana sing paham asal-usul Brug Tonggara, gawéané sapa?”

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2020/06/11 8:17pm
4 min read
0
MOCI: Gambar Cecek

Lanang Setiawan. (Ilustrasi Foto: Arif)

83
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

KAYA biasané, bengi kuwé kelompok Jon Dapuk Cs jagongan nang Pos Ronda. Kebeneran malemé Jemuah Kliwon, jakwir-jakwiré kepéngin dicritani bab misteri. Khususé nang sekitar wilayah Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal. Tepaté nang Desa Tonggara nalika PG. Pangka dipimpin daning Tuan Halbosd zaman Kolonial Belanda.

“Énté kabéh tau maring Obyék Wisat Cacaban?” Jon Dapuk takon maring jakwir-jakwiré nalika pan miwiti crita misteri.

“Tau!” jawab jakwir-jakwiré.

“Sadurungé anjog Cacaban liwat Brug Tonggara, kan?”

Baca Juga

Tembung Khusus Wong Tegal

Tembung Khusus Wong Tegal

21 Januari 2021
Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

20 Januari 2021
Manfaat Ndeleng Lukisan

Manfaat Ndeleng Lukisan

19 Januari 2021
4 Kapal Tongkang Terdampar di Pesisir Pantai Tegal Akibat Cuaca Buruk

4 Kapal Tongkang Terdampar di Pesisir Pantai Tegal Akibat Cuaca Buruk

19 Januari 2021

“Brug sing dawa?” Sidul njawab pitakoné Jon Dapuk ndisiti jakwir-jakwiré.
“Bener.”
“Enyong dong liwat mono hawané mrekitik!” jaré Kapér.
“Rasané kayong ana sing ngganduli,” sambung Darto.
“Sintru, anyeb, tur tabet, ya?”
“Bener Jon. Nyong kosih tangané mrinding kyéh! Krasa atis.”

Krungu omongané Darto, njagongé Kapér ndadak ngéngsod ndempél Sidul. Nada omongan Darto sengaja digawé-gawé, sebab ngerti yén Kapér kuwé jakwir paling kecing.

“Ana sing paham asal-usul Brug Tonggara, gawéané sapa?” pitakoné Jon Dapuk.
“Laka Jon!” omongé jakwir-jawiré.
“Wis Jon lanjut!” Sidul ora sranta kepéngin ngerti asal-usulé Brug Tonggara.

Sadurungé ngglanjutna crita, Jon Dapuk nyumed rokok. Kaya biasané Kapér slonong-slonong nyawuk saler rokoké Jon Dapuk.

“Critané kaya kiyé….” omongé Jon Dapuk sauwisé nyedot rong empotan rokok, “Kanggo lancaré angkutan nggawa produksi gula lan alat-alat pabriké, Pemerintah Hindia Belanda mbangun pirang-pirang brug nang Pulo Jawa. Salah sijiné mbang wétan PG. Pangka wilayah Tonggara. Meneer Halbosh sing dadi Tuan Besar PG. Pangka langsung dadi penanggungjawab pembangunan Brug Tonggara. Konon, nalika para pekerja lagi gawé konstruksi bangunan, akéh kedadian ora mlebu nalar.”

“Kedaian apa Jon?” takoné Sidul.

“Salah siji dina, Tuan Halbosh ngontrol para pekerja sing lagi nglembur. Déwéké ngongkon pekerjané pada turu. Jaré déwéké, sapa sing ora nurut prétahé, ora nampa bayaran….”
“Waduh! Kayong énak temen. Ora kerja malah dikongkon turu!” delak Darto.
“Mega kuwé pekerja-pekerjané pada éram. Ana majikan ngongkon pekerjané pada turu. Kan énak ya?” jaré Jon Dapuk.
“Enyong baé gelem kerja mung kon turu tok!” timpal Kapér karo tangané nggegem.

Akhiré, lanjuté Jon Dapuk, para pekerja pada turu angler. Bengi sangsaya bengi, wulan ceplok endog terus ngglincir. Singkaté crita, Tuan Halbosh nggugah para pekerja kon pada tangi sebab wayahé wis subuh. Apa sing kedadén?

“Ora paham Jon!” jaré wong telu kaya pedaminan.
“Para pekerja pada kagét kabéh!”
“Kagét pimén?” takoné Kapér.
“Nalika wong-wong turu angler, bahan-bahan brug sing awité pating jlalat, sauwisé pekerjané pada tangi, weruh-weruh brugé wis ngadeg mung pirang jam tok!”
“Ajib!” Matané jakwir-jakwiré Jon Dapuk mendelik, cangkemé ndomblong.
“Jebulé…” Jon Dapuk ora urusan jakwir-jakwiré pada mlonggo. Terus baé crita. Jaré déwéké, miturut narasumber sing ditekani Jon Dapuk nalika ngliput asal-usul ngadagé Brug Tonggara, Tuan Halbosh nduwéni élmu kesektén luar biasa. Nalika pekerja lagi turu, sukmané dienggo kanggo nyambut gawé bareng para réwang bangsa alus ngrampungna ngadegé Brug Tonggara. Merga kuwé, barang pekerja-pekerjané pada tangi turu, sekujur awaké kayong mopo.

“Luar biasa! Tuan Halbosh bisa nyilih sukmané menungsa kon nyambut gawé. Saluguné Tuan Halbosh kuwé sapa, Jon?” takoné Darto.

Dicritakena daning Jon Dapuk, Halbosh kuwé salah siji Tuan Besar (Administratur) PG. Pangka sing paling kesohor. Sampé saiki adong nyebut PG. Pangka, masyarakat sekitar kélingan karo déwéké.

“Saluguné Tuan Halbosh dudu wong Landa totok. Para pinisepuh Desa Pangkah sing ngalami zaman samana, Tuan Harbosh termasuké menungsa setingkat wali. Mégin keturanan Mbah Semédo kambén Mbah Wungu. Mbah Semédo dikubur nang Desa Semédo, Kecamatan Kedungbanténg. Sedeng Mbah Wungu dikubur nang Dukuh Wungu, Desa Pangkah.”

“Adong dilacak saka arané, tembung Halbosh asli wong Landa, Jon!” omongé Sidul jeli lan cerdas.
“Bener Jon. Nyong baé radan sangsi. Tuan Halbosh pasti wong Landa. Tapi genahé pimén Jon?” omongé Darto.

Jon Dapuk ngerasa bangga. Sebab jakwir-jakwiré molai pada kritis. Ora percuma saben bengi ngumpul nang Pos Ronda. Panggonan kanggo tukar pikir apa sing dadi masalah jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Kebeneran baé Jon Dapuk bocahé pinter, anaké keluarga mampu, sekolahé duwur kosih tekan sarjana. Béda karo jakwir-jakwiré krana wong tuwané ora sanggup mbiayai, sekolahané mung anjog nang SD. Mula kuwé Jon Dapuk duwé tanggung jawab moral kudu bagi élmu maring jakwir-jakwiré bén pada pinter. Saora-orané olih tambahan élmu saka déwéké nalika ngumpul nang Pos Ronda.

“Versi crita pancén ana loro. Versi pertama wis tak critakena nang nduwur. Versi keloro, béda maning. Nang buku sing judulé “Well Come To Agro Tour”, para sesepuh desa sekitar PG. Pangka ana kanda, Tuan Halbosh pancén keturunan Landa. Déwéké salah siji militér sing pinter nang bidang teknik industri. Daning Pemerintah Hindia Belanda déwéké dipercaya dadi assitektur pembangunan pabrik-pabrik gula nang Pulo Jawa. Tuan Halbosh ora kur pinter ngomong bahasa Indonesia, tapiné ahli ngomong Jawa,” omongé Jon Dapuk ndadékna jakwir-jakwiré mlongo saking kagum maring pengetahuané.

“Wah hébat ya?” timpal Darto. Kapér déwék mégin bas bus bas bus ngrokok.
“Tuan Halbosh termasuké ya tekun maring élmu kejawén. Daya supranaturalé alias kesaktiané luar biasa. Mung sampé saiki, pungkas uripé mégin teka-teki. Tuan Halbosh duwé bojo apa ora? Ana sing ngomong ora duwé, tapi ana sing kanda bojoné noni Landa!”
“Jaré énté sing bener endi, Jon?” takoné Kapér.
“Soal kiyé, liya dina baé Pér. Wayahé wis bengi.” Jon Dapuk ngileng jam nang HP wayahé pan jam 12 kurang pitung menit.
“Bener Jon. Kiyé malem Jemuah Kliwon, wayahé sunah Rosul!” omongé Darto.

Wong-wong pada bubar. Jamé wis bener-bener momod! (@)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: Brug TonggaraMociPG PangkaSejarahTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Tembung Khusus Wong Tegal
Moci

Tembung Khusus Wong Tegal

21 Januari 2021
Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak
Moci

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

20 Januari 2021
Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis
Moci

Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

18 Januari 2021
Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang
Moci

Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

17 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

  • Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

MEDIA SOSIAL

  • 122k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X