Moci: Pusat Blanja Bangsa Alus – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Moci: Pusat Blanja Bangsa Alus

PERCAYA kena, ora ya bléh papa.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
24 Juli 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

PERCAYA kena, ora ya bléh papa. Bengi kuwé Jon Dapuk pan crita soal Pusat Blanja Bangsa Alus. Pusat Blanja kuwé kasebuté Pasar Milangkori.

“Is… kuwé temenan Jon?” takoné Sidul éram.

Jon Dapuk mantuk.

ADVERTISEMENT

“Kuwé nang endi?” Darto nyuwara nglancangi Sidul sing pan nerusna omongan.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

“Nang pejaratan,” jawabé Jon Dapuk. Sing dimaksud “pejaratan” artiné kuburan atawa makam.

“Pejaratan ngedi sih?”

“Desa Semedo, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupaten Tegal,” semauré Jon Dapuk.

“Nyong témbé krungu ana Pasar Milangkori. Jebulé bangsa alus ya ora kalah karo menungsa, ya Jon?” omongé Sidul.

“Yaul.”

“Brarti bangsa alus kejaba sokan blanja, termasuké seneng méjéng nang pusat shopping, ya Jon?” takoné Kapér campuran bahasa Inggris.

“His… énté royal kadal nganggo tembung Inggris kedingan. Paham artiné shopping apa sih, Pér? Aja kur ngaksi!” ujaré Sidul.

“Lokén tembung shopping baé ora paham? Shopping kuwé artiné perbelanjaan, Plok?” jawabé Kapér. Sing dimaksud “Plok” asliné tembung “Koplok”, arti kasaré “Bodoh amat” aliasé “Jendel”.

“Satus nggo kowen, Pér!”

“Percuma nyong batiran karo Jon Dapuk ora paham bahasa asing. Sitik-sitik mboran jégod! Kikikikik….” Kapér sok metu ngaksiné. Tapi orabada cengéngésan.

“Wis! Aja ribut kuwé baé. Ngomong sing maton gén? Yanu pan takon, sing kasebut Pasar Milangkori kuwé apa, Jon? Maksudé yanu, nang kono ana apa baé?” takoné Darto ngandeg omongané Kapér karo Sidul, sekaligus mbalang pitakonan maring Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

Kaya biasa, sadurungé Jon Dapuk nyawabi, déwéké nyeruput wédang téh poci. Sauwisé nyumed rokok. Kaya biasané, Kapér épél udud njukut rokok saeler dékéné Jon Dapuk.

“Sadurungé nyong njawab kabéh, tak terangna disit tembung Milangkori. Kowen ngerti tembung Milangkori, Pér?” takoné Jon Dapuk.

Kapér gédék. Samana uga waktu déwéké takon maring Sidul uga gédég.

“Milangkori kuwé saka tembung Jawa. ‘Milang’ artiné ‘Ngétung’. Sedengé ‘Kori’ artiné ‘Lawang’. Mung aja dingerténi ‘Ngétung Lawang’, ngko diarani wong ‘sédéng’ alias gendeng….” omongé Jon Dapuk.

Krungu tembung ‘sédéng’, Darto karo Sidul nyekakak. Kapér pésam-pésem karo bas bus udud baé.

“Nék sédéng tah Kapér, biasa ngétung lawang tut kampung hahaha….” gasak Sidul maring Kapér.

“Sikah!” semauré Kapér karo mringis.

“Kan nyata owh ya? Angger laka proyék bangunan, kowen sokan ngamén kliling désa. Ngétung lawang mlongo langsung jréng.. jréng, jréng tapuk ngamén. Hahahaha….” omongé Sidul dipungkasi nyekakak.

Sebab krasa sokan ngamén, Kapér kur créngas-créngés. Darto gemuyu kaku. Jon Dapuk kaya biasané, pésam-pésem.

“Wis mandeg bro! Tembung Milangkori tak rampungna. Tembung kuwé, asliné ‘Jajah Désa Milangkori’. Artiné ‘Lunga saka désa maring désa liya’. Zaman gemiyén, bocah-bocah enom pada golét élmu maring Kyai Panutan nang padépokan, atawané nang Pondok Pesantrén. Dadi sing dimaksud ‘Jajah Désa Milangkori’, dudu bocah ngamén. Tapi golét élmu agama.” Jon Dapuk nerangna sejelas-jelasé.

“Sedeng sing dimaksud ‘Pasar Milangkori’ alias Pusat Blanja Bangsa Alus pimén, Jon?” takoné Sidul.

“Kaya sing wis tak kandakna, Pasar Milangkori nang hutan jati Semedo, jaré wong sing tau dikatoni, wujud bangunané mirip bangunan-bangunan arsitektur gaya Yunani kuno nalika zaman watu. Arsitekturé campuran antara kuil karo bangunan modéren. Tiang-tiang penyangga bangunané duwur-duwur gén gedé-gedé. Lampuné padang jembrang. Tapi nang salah siji bangunan Pasar Milangkori, ana bangunan Kuil Athena sing digawé nganggo watu kapur. Tapiné, bangunan kuil kuwé kari tiang-tiang sakané, sedeng atapé burak-rantak.

Apa sing didol nang kono? Ora béda anéka panganan, sandangan, lan liya-liyané komplit. Bangsa alus sing manjing nang Pasar Milangkori, lelembut-lelembut sing ngendi-ngedi ora. Ana kulit kuning, kulit putih, kulit ireng, uga sawo mateng. Para priayi, kaum amtenar, pamong praja kosih raja-raja Jawa lan liya-liyané!” omongé Jon Dapuk nang buku “Babad Desa dan Cerita Rakyat Tegal”.

“Pasar Milangkori kuwé, muncul angger wayah apa, Jon?” takoné Kapér.

“Biasané, malem-malem tertentu. Tapi sing tetep, dong malem Jemuah Kliwon!”

“Brarti mirip crita Kaligelap nang Desa Pakulaut? Munculé angger malem Jemuah Kliwon, pating sliwer wong-wong Portugis?”

“Iya Pér.”

“Ngomong-ngomong, Jon. Bisané bangsa alus munculé angger malem Jemuah Kliwon kaningapa, sih?” takoné Sidul.

“Takon baé karo Kapér, sing rainé persis belis!” clemongé Darto.

Krungu omongan kaya kuwé, ndadak jakwir-jawiré Darto nyekakak saporété. Wetengé Sidul kosih lara saking kaku mbangkana-kana. Jon Dapuk, sing biasané mung pésam-pésem, bengi kuwé gemuyuné lata-lata. Matané kosih ngruwicéh. Sedeng Darto malah kapiselek. Irisan pelem sing lagi dipangan, nyangkol nang telaké. Déwéké glogakan. Bengi kuwé, kahanan nang Pos Ronda bener-bener rahat daning suwara cekakakan. Tapi orabada, Kapér mélu nyekakak ndeleng Darto ketelak irisan pelem. (@)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Lanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In