SRENGÉNGÉ kemletak. Panasé semelét kosih tekan mbun-mbunan paribasan kaya uwong ketongkrong nang ngarep penggenén. Urubé geni gemladag. Untung baé akéh wit cemara ngiyubi wong sekandang bentang, tumplek blek ngarep PG. Pangka. Sadawané dlanggung sisih kulon nganti mbang wétan, rénténgan pedagang dadakan nggelar dagangané kosih lubéh tekan pinggir gili jurusan Kemantran – Slawi.
Samana uga nang mbang kulon ora kalah. Anggoné nyetél tipe rekoderé seru-serunan. Angél disimak endi musik dangdut endi lagu-lagu pop lan campursari. Warga masyarakat ning awan kuwé, metu kabéh. Mahfum nang wilayah Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal, jarang ana tontonan dadi masyarakat kemerlob kaya iwak wader pada ngabar ning kubangan.
Kahanan sing kaya kuwé, dlanggung nggo liwat ndadak bebel. Sebab apa? Saben-saben musim giling tebuné teka, PG. Pangka nggelar tontonan anéka rupa kesenian tradisional. Ana tari topéng éndél, kuntulan, balo-balo sing dipadu karo senggakan syair wangsalan, uga ora kétang dangdutan. Kanggo pungkas tontonan, pihak PG nanggap wayang kulit utawané golék sawengi dur. Kabéh kuwé diwiwiti sauwisé arak-arakan “Mantén Tebu”.
Nang awan kiyé, arak-arakan “Mantén Tebu” digelar. Kiyé tradisi paling yahér ditunggu-tunggu warga masyarakat saka ngendi paran. Ora hébat angger wong Tegal durung tau weruh sing arané prosesi “Mantén Tebu”, kelebuné ketinggalan zaman.
Daning rasa penasarané, Sidul, Kapér uga Darto kepéngin weruh acara kuwé, ngedrél maring Jon Dapuk mélu nyekséni acara kuwé.
“Enyong péngin weruh, Jon. Aja kur jaré-jaré arak-arakan Mantén Tebu kuwé kaya apa?” omongé Sidul waktu Jon Dapuk rencana pan ngliput acara giling tebu.

“Olih mélu ya Jon? Selawas kiyé, nyong durung tau weruh sing arané Mantén Tebu,” sambung omongané Kapér.
“Sapisan-pisan mboran, Jon. Ébén enyong bisa nggo crita maring bocah-bocah,” timpal Darto.
Jon Dapuk sing pancéné duwé kepénginan jakwir-jakwiré ora buta maring peradaban, apa sing dijaluk jakwir-jakwiré, ngiyani. Akhiré nang dina kiyé, jakwir-jakwiré diajak ndeleng agénda liputan giling tebu.
Cekaké crita, prosési arak-arakan “Mantén Tebu” dimolai. Long lonjor batang tebu ditandani persis mempelé mantén, diarak nang lingkungan PG. Pangka diiringi tetabuhan gending. Lonjoran pasangan tebu sing nglambangna sepasang pengantén diarani Bagus Prakoso Aditama kanggo aran mempelé lanang. Kanggo mempelé wadon diarani Roro Arum Larasmadu. Sepasang pengantén tebu kuwé selanjuté dilebokna nang roll wesi sing biasa dileboni tebu maring mesin giling. Nalika roda-roda mesin raksasa muter leled, kress… kress… kress… pasangan “Mantén Tebu” kuwé ludes diklindes, diolah bén dadi gula. Wong-wong sing nyekséni pada keprok. Pelaksanaan “Mantén Tebu” suksés laka sawiji alangan. Wong-wong pada muji syukur.
Sauwisé “Mantén Tebu” suksés digiling, lori-lori sing momot lonjoran tebu, siji tut siji disuntek nang mesin penggilingan lan seterusé. Bab kuwé nandai acara pésta kesenian rakyat digelar saminggu dur.
Jon Dapuk sauwisé rampung wawancara karo Administratur PG. Pangka, ngejak jakwir-jakwiré mlebu warung sop dengkil. Panggonané mbang lor brug sawétané PG. Pangka.
“Maksudé mantén tebu kuwé apa sih, Jon?” takoné Kapér karo camkemé nggragot déngkil embé alias wedus.
“Temantén tebu kuwé sawijiné persembahan….” jawabé Jon Dapuk. Kaya biasané déwéké nggantung omongané. Sapisan, jalaran déwéké lagi nyedot sumsum nang jero balungé dengkil. Kaping loroné, bén jakwiré ana sing takon.
“Maksudé persembahan kuwé, persembahan nggo sapa?” takoné Sidul.
“Kowen tau weruh ritual sedekah laut?” Jon Dapuk balik takon.
“Zaman nyong bujang, tau diajak Kaji Tambari Gustam, jakwiré yanu sing dadi juragan kapal. Kenal, Jon?”
“Kaji Tambari sing sokan gawé lan maca puisi Tegalan?”
“Iya Jon.”
“Nah! Enyong pan takon, wujudé persembahan sedekah laut kaya apa sih?” takoné Jon Dapuk.
“Nglarung ndas kebo, Jon.”
“Tul! Kuwé sing arané bentuk syukuré para nelayan. Selawas setaun, para nelayan diparingi along iwak ora mufakat, latané nglarung ndas kebo maring segara. Sapisan, bén iwak-iwaké rasan déndéng kebo. Kaping loroné, muji syukur maring Pengéran. Dadi, sing arané persembahan Mantén Tebu kuwé, ya persembahan maring alam semesta mén pelaksanaan giling tebu suwéné enem wulan, lancar lan langka sawiji korban jiwa.”
“Maaf Jon. Enyong pan takon, apa hubungané giling tebu karo korban jiwa?” omongé Darto nunggel omongé Jon Dapuk.
“Kuwé ana critané. Konon, ning awal pelaksanaan giling tebu sadurungé ana ritual Mantén Tebu, mbiyén-mbiyéné ana baé korban jiwa. Akhiré dianakna acara ngarak Mantén Tebu.”
“Bisa dikandakna, acara kuwé salah siji simbol tolak bala?” lanjut omongé Darto. Sedeng Kapér tetep baé bas bus bas bus udud.
“Bisa dikandakna kaya kuwé.”
“Jan-jané acara ngarak Mantén Tebu kuwé awit kapan sih, Jon?” takoné Sidul.
“Prosési ritual Mantén Tebu sajegé jaman penjajahan Landa, kosih saiki.”
“Artiné acara kuwé, wis kuna lecit ya, Jon?” ujug-ujug Kapér nyuwara.
“Iya Pér. Paribasané zaman sepur lempung!”
——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post