MOCI: Riwayat Ki Ageng Benglé – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Riwayat Ki Ageng Benglé

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
16 Agustus 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

ARAN désa kadangkala lucu-lucu. Ana désa diarani sakarepé boyok. Samana uga ana désa arané Pacul, Lemahduwur, Pesaréan, Sesepan, Pépédan, Gantungan, Bongkok, Bulakpacing, lan sejenisé. Bab kuwé sing ndadékna jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada éram kabéh. Kayadéné nang bengi kiyé jakwir-jakwiré Jon Dapuk lagi mbahasa soal aran Desa Benglé, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal. Embuh aran kuwé dijukut saka tembung apa, jakwir-jakwiré Jon Dapuk babar blas ora paham.

Apa tembung “Benglé” asli bahasa Tegal apa bahasa Jawa kuna. Masalahé, nang Kamus Tegalan gawéané Moh. Hadi Utomo laka. Samana uga digoléti nang tembung bahasa Prokém Tegalan ya laka. Tapi embuhlah, siji-sijiné wong sing paham lan nguasani soal asal-usulé désa, ora liya maning kur Jon Dapuk. Mula kuwé, nang bengi kiyé, jakwir-jakwir Jon Dapuk ngumpul nang Pos Ronda. Tujuané ora liya takon soal kuwé maring Jon Dapuk.

“Yanu sokan gagal paham, Jon. Wong kuna angger ngarani desa asal metu. Winginané yanu liwat nang wilayah Kecamatan Talang, ana aran désa diarani Desa Benglé. Dongé asal-usulé kepimén gén artiné apa, Jon?” omongé Darto miwiti mbuka suara.

ADVERTISEMENT

“Ana sing pan takon maning?” omongé Jon Dapuk sadurungé njawabi. Masalahé, angger déwéké pan njawabi ana jakwiré sing ngrandu. Aluwung déwéké tarén disit maring jakwir-jakwiré.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

“Ora Jon!” jawabé Siduk karo Kapér. Sebabé nang bengi kuwé jakwir-jakwiré khususon pan takon asal-muasalé agédé Desa Benglé.

“Oké!” jawabé Jon Dapuk.

Sepi sakléndab.

“Kaya kiyé sejarahé,” omongé Jon Dapuk pan molai mbabar crita.

ADVERTISEMENT

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pasang kuping. Siap ngrungokna Jon Dapuk crita. Tapi sadurungé déwéké njawabi, rokok sing kari separo diusek nang asbak. Kaya biasané Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk.

Lon-lon Jon Dapuk molai mbuka suara. Jaré déwéké, agedé Desa Benglé kawiwit teka Ki Ageng, sawiji ulama gledegan kang tembé ngangsu élmu agama Islam nang Cirebon. Jlang-jlangan déwéké ngembara maring ngendi paran. Jaré sing tukang crita, nalika Ki Ageng njajah milangkori, déwéké dikancani bangsa alus kadéhé loro.

“Ajib temen kancané Ki Ageng bangsa alus,” omongé Kapér motong Jon Dapuk.

“Arané baé wong sakti dadi kancané ora sebaéné,” ujar Sidul.

“Mahlum! Wong arané baé legenda. Mumpung laka wong sing ngerti, pengarangé gawé crita sakarepé boyok!” omongé Darto ngemu nada nyinyir.

“Soalé wong percaya apa orané, urusan mburi, ya To?”

“Yaa… kaya kuwé lah! Sing pan nglarang sapa. Wong pengarané embuh arané sapa. Ader ana sing ngarti?” timbal Darto.

“Wis lah To, aja manteng nemen-nemen. Ngko endasé bengel kaya Ki Ageng Benglé! Hahahaha….” sambungé Kapér karo nyekakak nimpali cekakané jakwir-jakwiré.

“Wis Jon. Tutugé akhir riwayat Ki Ageng Benglé pimén?” mujaré Sidul.

Ora kesuwén maning, Jon Dapuk nglanjutna crita. Miturut déwéké, sauwisé Ki Ageng jlang-jlangan maring wilayah tut wilayah nang tlatah Tegal, déwéké nemokna alas gledegan uga rawa-rawa. Daning déwéké karo jakwir-jakwir bangsa alusé, alas karo rawa-rawa disulap dadi pedukuhan. Suwé sangsaya suwé, pedukuhan kono duwé daya tarik kanggo para pengembara sekaligus genau agama maring Ki Ageng.

Dina ganti minggu, lan minggu liplap ganti wulan. Daning murid-murid Ki Ageng pedukuhan kono akhiré diarani “Benglé”. Aran kuwé atas usulé murid-murid Ki Ageng. Konon kabaré, aran “Benglé” ana kaitané karo “mbedudé” kanca-kanca lelembuté sing sokan ribut jalaran béda pendapat nalika ngrima petuah saka Ki Ageng. Bab kuwé sing akhiré Ki Ageng kewalahan lan ninggalna Desa Benglé, jalaran endasé bengel!

“Brarti arti tembung benglé kuwé endas bengel, Jon?” sela Sidul.

Jon Dapuk mantuk.

“Ya bener kan? Wong kuna angger gawé aran saclerengé. Ora bénda karo aran Buwang, Runtah, uga Turah!” ujaré Darto.

“Termasuké Kapér ya To? Kikikikik….” sela Sidul.

Krungu omongané  Sidul, Darto langsung nyekakak. Sedeng Jon Dapuk kaya biasané kur pésam-pésem. Pan ngguyu kayong ora kolu ndeleng cangkemé Kapér mucu-mucu. (@)

 

—–

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In