MOCI: Sejarah Adegé Museum Situs Semédo – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Sejarah Adegé Museum Situs Semédo

Omongan dadi kasunyatan.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
8 Juli 2020
4 min read
0
MOCI: Sejarah Adegé Museum Situs Semédo

Museum Semedo. (Foto: Lanang Setiawan)

Share on FacebookShare on Twitter

MAN sapa sing ngomong ala bakal ketiban cilaka. Man sapa sing ngomong apik bakal olih apik. Kanggo wong Tegal, tembung kuwé kasebuté “Ula-ula mandi”. Mulané, duwé cangkem kudu singget alias dijaga, aja kosih ngomong gejar-gejur. Aja asal njeplak. Kuwé artiné mantak alias pamali!

“Suk embén pan ana ‘Kebo Bulé’ manjing Desa Semedo. Mbesuk rejaning jaman, Semedo bakal dadi pasar pilang kerep. Sing didol apu karo uyah. Sing didol dudu barang sembarangan, tuku sapincuk dilayani sapincuk, tuku sewakul diyayani sewakul.”

Pitutur kuwé, diomongna maning daning Jon Dapuk maring jakwir-jakwiré nalika ngumpul nang panggonan biasa. Jon Dapuk ngomong tembung kuwé, ngutip omongané wong tuwa sing ana nang Desa Semedo. Jaréné pituturé Nénék Moyang.

ADVERTISEMENT

“Enyong péngin ngerti tembung ‘Kebo Bulé’ kuwé artiné apa, Jon?” omongé Darto.
“Sing dimaksud tembung ‘Kebo Bulé’, ora liya wong-wong Eropa.”
“Wong Eropa sing matané blaruk?” sela Kapér.
“Iya Pér?”
“Nah, tembung terusané artiné apa, Jon?” takoné Sidul.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Kilas Balik Museum Situs Semedo Tegal: Impian Dakri yang Kini Terwujud

Kilas Balik Museum Situs Semedo Tegal: Impian Dakri yang Kini Terwujud

31 Oktober 2022

“Tembung saterusé, artiné kira-kira kaya kiyé; ‘Mengko ning zaman maju, Desa Semedo bakal dadi wilayah paling ramé, manjing metu ditekani wong sajagad’. Lan saiki pancén bener dadi kasunyatan!” omongé Jon Dapuk.
Jakwir-jakwiré kur mantuk-mantuk.

“Omong-omong, wiwitané sejarahé pimén, Jon?” takoné Darto.

Jon Dapuk nyruput téh tubruké. Latané nyumed sigarét filter. Kaya biasané Kapér nyomot saeler rokok sing kesanding nang ngarepé Jon Dapuk.

“Critané kaya kiyé!”

Desa Semedo, Jon Dapuk molai mbabar crita, klebuné Kecamatan Kedungbanteng, Kabupaten Tegal. Jéjéran karo Desa Sigentong, Kecamatan Warureja. Mbang lore Desa Sidomulya, sawetara mbang kulo Desa Semedo, Desa Karangmulya, Kecamatan Kedungbanteng.

Lokasi Desa Semedo dikepung pebukitan kambén alas Cempluk Wuni sing akéh wit jatiné. Nang alas jati Semedo, ana Kali Bruk Picis sadawané pebukitan awit lajur mbang wétan kosih lajur mbang kulon. Miturut crita, abad 16 nalika zaman walisongo, ana putri Kesultanan Cirebon nyangga penyakit laka obaté. Sang Sultan nganakna sayembara, man sapa uwongé bisa ngobati Sang Putri bakal nampa hadiah.

Nalika kuwé, nang Jayakarta sing saiki arané Jakarta, Kanjeng Pangéran Surahadikusumo krungu kabar kuwé, latané mlencing maring Kasultanan Cirebon nekani Sang Sultan pan nambani Sang Putri. Ditambani Surahadikusomo, penyakité Sang Putri ndadak waras. Tapi apa sing kedadén?

Lanang Setiawan. (Ilustrasi Foto: Arif)

“Kanjeng Pangéran Surahadikusumo olih hadiah!” delak Kapér.
“Ora!” jawabé Jon Dapuk. Wong jakwir-jakwiré Jon Dapuk mlongo.
“Bisané?” jakwir-jakwiré Jon Dapuk kaya pedaminan mujar serempak.
“Sultan apus janji!” semauré Jon Dapuk.
“Maksudé Sultané kur dobol?!” seru Sidul.
Jon Dapuk mantuk.
“Sultan kok ingkar njanji ya?” mujaré Darto.
“Dasar Sultan wanyad!” sambungé Kapér.

Jon Dapuk ora ngréwés. Déwéké nerusna crita sing durung tutug. Jaré déwéké, sauwis Surahadikusuwo ngoloh jentik ora olih hadiah apa-apa, malahan déwéké digentak-gentak daning Sang Sultan. Kalah isih, déwéké lunga maring ngétan tinujuné pegunungan sing saiki mlebuné wilayah Kedungbanteng. Nang wilayah kono, déwéké syiar Agama Islam kosih pungkas uripé dikubur nang Semedo.

“Sori Jon. Aja diterusna dingin. Critané mandeg sit!” potong Sidul.
“Iya Dul. Pimén?”
“Aran Semedo kuwé asalé saka tembung apa?”
“Asal tebung semédi.”
Jakwir-jakwiré Jon Dapuk manggut-manggut.

“Yanu takon Jon,” omongé Darto.
“Iya.”
“Mau, énté ngomong. ‘Kebo Bulé’ alias wong-wong Eropa lan wong-wong sajagad bakal ramé ngunjungi Desa Semedo. Buktiné apa?” lanjut omongané Darto.

“Énté termasuké wong tliti, ngemati maring uwong sing lagi crita. Oké To, tak jelasna!” semuré Jon Dapuk.
Kasebut aran Dakri, omongé Jon Dapuk miwiti crita. Dakri, salah siji uwong asal Semedo saben dina senengé mancing karo luruh kayu bakar nang alas jati. Salah siji dina ning taun 1987, déwéké mancing, saka kadohan weruh benda sakepel satelapak tangan balita nancep nang dinding kali. Sangsaya benda kuwé kesorot pantulan sinaré srengéngé, benda sing ketutup lemah ijo kebiru-biruan asal endapan bayu laut, dimik-dimik diparani Dakri nyemplung maring kali. Nalika bener-bener déwéké cedek, langsung benda kuwé dijukut. Jebul, wujudé benda plek-jiplek kaya kéwén sing biasa urip nang segara. Padahal, lokasiné nang Kali Brik Picis dataran pegunungan sing duwuré 148 meter diétung saka permukaan laut.

Sauwisé benda kuwé disawang-sawang, jebul kur fosil kerang laut. Sajegé kuwé, Dakri molai ngluruhi benda-benda sing anéh. Saking sregep nggal dina nggoléti barang-barang kuwé, ora étungan temuan fosil-fosil biota alias makhluk-makluh sing uripé nang laut, déwéké nemokna maning pirang-pirang fosil moluska kaya déné; terumbu karang, bintang laut, untu hiu, tempurung penyu, geraham ngingsor buaya, dengkul gajah, lan gading gajah dawané patang méter. Ora kur kuwé, déwéké uga nemokna lutut macan plus taringé, untu plus taring kuda nil, rahang ngingsor stegodor, kosih sing paling gawé gégér, nemukna atap tengkorak manusia purba umuré 0.7 juta taun.

“Nah, kuwé bukti adong omongan Nénék Moyang Semedo dadi kasunyatan. Latané wong-wong ngendi paran termasuké ‘Kebo Bulé’ pada anjok nang Desa Semedo,” omongé Jon Dapuk.

Darto karo jakwiré mantuk-mantuk.

“Wong-wong bulé sing teka maring Semedo wong ndi baé, Jon?” takoné Kapér.
“Miturut crita anaké Dakri, Tanti Asih moniné saka Australia, Canada, Jerman, lan liya-liyané. Tekané wong-wong Eropa maring Semedo pan nglakoni penelitian.”

“Terakhir Jon, yanu takon!” omongé Darto karo telunjuké ngacung kaya murid SD takon maring guruné.
“Iya To.”
“Fosil-fosil sing ditemukna Pak Dakri bisané ngarti, angger kuwé fosil-fosil kéwan lan manusia purba? Pak Dakri ngerti sing sapa?”
“Pitakonan jempolan. Pak Dakri sekolahé kur SD, jelas beléh ngarti soal kuwé. Latané sapa sing ménéhi ngarti? Ora liya para pakar ahli perpubakalaan sing teka maring umahé Pak Dakri. Benda-benda kuwé latané ditliti nang Balai Arkeologi Yogyakarta hasilé benda-benda purbakala sing umuré jutaan taun!”

“Suwun Jon. Yanu tambah élmu!” omongé Darto mantep.
“Ana sing durung paham?” omongé Jon Dapuk.
“Owh iya Jon. Wilayah Semdeo lokasiné nang pegunungan. Fosil-fosil sing ditemukna Pak Dakri kaya déné kerang, untu hiu, bintang laut, terumbu karang lan liya-liyané brarti mbiyén-mbiyéné Desa Semedo segara?” takoné Sidul. Sedeng Kapér biasa kur bas bus bas bus udud baé.

“Bener Dul. Malah panggonan “Paku-né” ana nang Desa Pakulaut. Mbiyén-mbiyéné, wilayah Tegal kéné kosih anjog Desa Pakulaut, Kecamatan Margasari, isiné banyu segara!” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk mantuk-mantuk. Ngalem por maring Jon Dapuk sing pengetahuané sing luas.

ADVERTISEMENT

“Pungkas ya? Enyong wanta-wanti maring kowen kabéh, termasuké maring pribadiné enyong déwék. Poma rong poma, tulung aja sokan ngomong ala. Aja gejar-gejur niba omongan sing ora apik. Luwih-luwing ngomong ora apik maring anak putuné déwék, aja nganti! Mbokan ula-ula mandi, apa sing diomong dadi kasunyatan! Ngomonga sing apik-apik bén anak putu pada begja lan sentosa!” pesené Jon Dapuk mungkasi omongané. (*)

———-

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociMuseum Situs SemedoSejaraSejarah Museum SemedoSitus Semedo
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Kisah Perseteruan Adipati Pragolopati dan Panembahan Senopati Kerajaan Mataram
Sejarah

Kisah Perseteruan Adipati Pragolopati dan Panembahan Senopati Kerajaan Mataram

1 Februari 2023
Sejarah Sate Blengong hingga Jadi Kuliner Khas Brebes
Sejarah

Sejarah: Jejak Rasa hingga Gastrodiplomasi

1 Februari 2023
Sejarah Sate Blengong hingga Jadi Kuliner Khas Brebes
Kuliner

Sejarah Sate Blengong hingga Jadi Kuliner Khas Brebes

24 Januari 2023
Wong Siji Arané Dobel-dobel, Ngablu!
Sejarah

Sejarah Tegal: Saat Martoloyo Tanding Melawan Martopuro

9 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In