SIFAT kolonial Landa kejemé ora lumrah. Karepé menang déwék, paling pentolan uga adigang adigung. Karepé maksa lan nindes pribumi. Man wongé sapa créngkéng dipleter tekan ngendi paran. Prinsipé kudu ketangkep. Angger durung ketangkep, ora jarang akéh wilayah sing dibakar daning penjajah Landa. Kaya déné sing kedadén ning Desa Kalisoka, Kecamatan Dukuhwaru, Kabupaten Tegal, abad XVI.
“Kayongé yanu tembé krungu Desa Kalisoka dibakar Landa. Kuwé pas sajeroné pristiwa apa, Jon?” Kaya biasané Darto mbuka omongan angger Jon Dapuk mbabar crita.
“Bener To. Selawas urip nyong tembé ngarti ana kedadian kuwé. Nalika kuwé zaman apa, Jon?”
Jon Dapuk mégin meneng, durung nyuwara. Déwéké mésih nunggu giliran Sidul ngomong, tembé njawabi pitakonané jakwir-jakwiré.
“Jon…”
Nah bener kan? Apa sing ana nang penganené déwéké ora salah. Ujug-ujug Sidul nglémpar pitakonan.
“Iya Dul, pimén?” takoné Jon Dapuk.
“Sejarah Desa Kalisoka diobong militér Landa, kaitané karo pristiwa apa? Sangertiné enyong, sing dibumi hangus daning Landa mung Kota Tegal,” ujaré Sidul.
“Bener Dul. Kota Tegal uga pernah diobong daning Landa. Sedeng Desa Kalisoka dibumi hangus daning Landa, kedadiané ning abad enem-belas nalika Landa ngoyok-oyok Undung Suropati.”
“Owh… kaya kuwé?” jakwir-jakwiré serempak nyuwara.
“Pristiwané kaya kiyé!” ujar Jon Dapuk.
Jakwir-jakwiré pasang kuping. Siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar crita. Tapi sedurungé déwéké crita, nyuled rokok filteré. Kaya biasané, Kapér njukut saeler rokok dékéné Jon Dapuk.
Sauwisé Jon Dapuk nyuled rokok. Critané ditapuki. Jakwir-jakwiré njagong anteng kaya bocah SD ngadepi guruné lagi nerangna pelajaran. Ora let suwé déwéké crita. Nah, jaré déwéké, ngutip crita nang buku sejarah “Tegal Sepanjang Sejarah” gawéané Soemarno, BA karo kanca-kancané, terbitan Kantor Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan Kabupaten Dati II Tegal 1984, pristiwa dibakaré Desa Kalisoka kawiwit Tumenggung Sindurejo ora nana latané Amangkurat II ngangkat Kyai Tumenggung Honggoworo Secomenggolo dadi Bupati Tegal, gelaré Tumenggung Reksonegoro I (1680 – 1697). Nalika diangkat dadi bupati umuré wis uzur.
Ora let suwé Tumenggung Reksonegoro I dadi bupati, VOC ngadepi perang Untung Suropati ning taun 1686. Tumenggung Reksonegoro I kepaksané mbélani Untung Suropati, nglindungi saka kejarané Landa.
Sajeroning bledugan kuwé, pirang-pirang korban rakyat jelatah daning brutalé Landa nalika nggoléti Untung Suropati ora ketemu-temu. Akhiré militér-militér Landa ‘kembang suruh’, nembaki sapa baé sing ditakoni ora méin ngerti ngumpeté Untung Suropati nang endi. Prajurit sing dadi korban ning zaman bledugan kuwé, yakuwé Rantamsari karo Santeg nang wilayah Pagerbarang, Kecamatan Pagerbarang.
Kalah séwoté Kompeni Landa ora bisa nangkep Untung Suropati, ndadak ngamuk kaya wong sinting. Ujung-ujungé wilayah Kalisoka diobong. Kalisoka ndadak dadi segara geni. Rakyat cilik kewedén ngungsi maring alas geledan, uga wilayah-wilayah pegunungan. Harta benda ditinggal brung. Tukang-tukang kemasan samana uga ora sempet nggawa barang-barang emas lan berliané.
“Owh…. dadi sejarahé jalaran Landa ngoyok-ngoyok Utung Suropati?” Takoné Sidul.
“Iya!”
“Landa pancén asu!”
“Dasar tengik!”
“Badeg!”
Saking séwoté omongané jakwir-jakwiré Jon Dapuk, metu tembung-tembung klas Tegal sing nang kuping krasa panas, saking culagé maring Landa. Bangsa sing sokan njajah negarané liya, mbangun negarané saka hasil rampasan, ora idep isin!
“Nah, kuwé asal-muasal sejarah Desa Kalisoka diobong Landa!” omongé Jon Dapuk ora ngréwés omongan jakwir-jakwiré sing pating pecotot.
“Nasibé Untung Suropati akhiré ketangkep apa pimén, Jon?” takoné Kapér.
“Suropati sag-seg ninggal Tegal, mlayu maring Gunung Slamet. Kompeni ngejar kosih tekan Mataram. Ning taun 1686, Kaptén Tack modar nang tangané Untung Suropati!” omongé Jon Dapuk.
“Puas ladas!” Sidul ndelak.
“Nasib Tumenggung Reksonegoro I sing nglindungi Untung Suropati pimén, Jon?” takoné Darto. Sawetara Kapér tésih udud baé.
“Landa culag. Wilayah Tegal digempur. Akibaté Tumenggung Reksonegoro I njaluk wisan dadi bupati. Sebagé digantiné diusulna putuné kang aran Secowijoyo. Tapi kompeni ora setuju. Sauwisé Tumenggung Reksonegoro I ninggal ning taun 1697, Secowijoyo diangkat dadi Bupati Tegal,” critané Jon Dapuk.
Jalaran jakwir-jakwiré laka sing pada takon, déwéké rikat nerusna critané. Jaré déwéké, nalika zaman samana, Amangkurat II yakuwé Adipati Anom kang gelaré Amangkurat II, ujug-ujug mélu mihak maring Untung Suropati. Déwéké méin wilayah Pasuruan lan diméin gelar Aria Wiranegara ndandékna Kompeni culag mbangkana kambén Mataram.
“Bisané Amangkurat II akhiré mbélani Untung Suropati, Jon? Padahal déwéké dadi sekutuné Landa?” pitakoné Darto.
“Pertama, gara-garané wilayah Kalisoka diobong. Kota-kota liyané kayadéné Tegal pernah dibumi hangus. Diserang lan diduduki dani Landa. Kaping loroné, Amangkurat II sauwisé klakon nangkep Raden Trunojoyo, harta benda bumi Mataram diperes enténg-enténgan….”
“Enténg-enténgan pimén, Jon” sambung pitakoné Darto. Sing pancéné angger ngomong karo déwéké kudu genah tur nritil.
“Kaya sing diterangna nang buku “Banyumas: Sejarah, Budaya, Bahasa, dan Watak” karyané Budiono Herusatoto terbitan taun 2008, kanggo numpes gerakané Radén Trunojoyo, Landa njaluk syarat sing gedéné ora mufakat. Sapisan, Landa njaluk biaya perang kanggo nglawan Trunojoyo ditanggung Mataram. Keloro, sekabéhané pelabuhan dékéné Mataram nang pesisir mbang lor awit sing wilayah Karawang kosih ujung Pulo Jawa paling mbang wétan digadékna maring VOC lan dibalékna sauwisé Mataram nglunasi utangé. Syarat sing ketelu, sluruh wilayah Mataram antara mbang kulon Kali Pamanukan kosih pesisir mbang wétan diserahna maring VOC.
Kaping papat, VOC diméin hak monopoli kanggo perdagangan kain saka India uga Pesia, lan beras saambané wilayah Mataram. Kurang maleké, VOC njaluk pasukan militéré manggon nang Ibukota Mataram! Nah, kuwé sing akhiré Amangkurat II culag latané nglindungi maring Untung Suropati.”
Krungu penjelasané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré pada kamitenggengen. Nang ati, jakwir-jakwiré ngalem saporété maring Jon Dapuk. Wong siji kiyé pancén uteké éncér.
“Bisané Untung culag asalé kepibén?” ujug-ujug Kapér nyuwara.
“Kiyé ringkesé baé.” Omongé Jon Dapuk.
Miturut crita sing dikutip buku “Betawi Queen of the East” gawéané Alwi Shahab taun 2004, Untung Suropati kuwé asliné Surawiroaji, asli wong Bali. Déwéké dadi budak belian nang umahé Landa kang aran Tuan Moor. Saben dina kejaba ngerjani tugas-tugas liyané, uga ngladéni keperluané Suzanne, putri Tuan Moor. Gelisan crita, Untung kambén Suzanne pada demené. Akhiré wong loro béda “kasta” kuwé nggelar acara nganténan meneng-menengan.
Ana paribasan, barang mambu senajan disimpen rapet, suwé-suwé konangan. Samana uga perkawinané Untung Suropati kambén Suzanne konangan daning Tuan Moor. Untung akhiré ditangkep dilebokna nang tahanan. Nang penjara, déwéké sokan disiksa jalaran wani por ngawini anaké pejabat tinggi Belanda.
Saking melasé maring lakiné, Suzanna mbébasna déwéké uga meneng-menengan. Sajegé kuwé, Untung Suropati culag maring Landa. Déwéké duwé tekad mbales maring klakuané Landa waktu dipenjara, ketambahan maning jalaran lara atiné dipisah karo bojoné.
“Owh…. pantes, Untung culag!”
“Ya… kaya kuwé sejarahé Untung Suropati brontak lawan Landa!” pungkas omongané Jon Dapuk. (@)
———-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel
Discussion about this post