Kamis, Januari 21, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Sujud Syukur Mabag Malam Takbiran

Sujud syukur ora mung dadi tetenger kotané menang ngelawan korona, tapi luwih jero, sujud syukur mabag malem lebaran kang kebek takbir!

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2020/05/23 4:17pm
3 min read
0
MOCI: Sujud Syukur Mabag Malam Takbiran

Lanang Setiawan.

73
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

MANING-maning Tegal gawé gégér. Sauwisé dalan-dalan dipepeti beton. Lampu-lampu sejagad kota disipeti sajeroné wabah pandemi COVID-19, saiki ana acara “Apel Malam Penutupan PSBB dengan Sirine & Kembang Api, Spektakuler”.

Banner penguman acara kuwé, wis sumebar maring ngendi paran ora kur nang medsos, tapiné ana nang WhatsApp sejegé dina Kemis ésuk tanggal 21 Mei 2020.

Maca niatan Pemkot Tegal kaya kuwé, atiné Jon Dapuk semedot digempur pengrasa mrina, dugal, tapi ora duwé daya kanggo nglaruhi. Pol-polané, kur ngedumel.

Sepada-pada pengrasané Jon Dapuk, pengrasa masyarakat Tegal uga sami ngandong marakuciwa maring Ndoro Kanjeng sing lagi jumeneng nang istana kota, duwé niatan ora mufakat ngabluné. Ning mangsa wabah COVID 19 lagi diadepi daerah tetangga; kidul, wétan, uga kulon, malah Ndoro Kanjeng pan hura-hura nganakna Pesta Kembang Geni alias Kembang Api.

Baca Juga

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

20 Januari 2021
Manfaat Ndeleng Lukisan

Manfaat Ndeleng Lukisan

19 Januari 2021
4 Kapal Tongkang Terdampar di Pesisir Pantai Tegal Akibat Cuaca Buruk

4 Kapal Tongkang Terdampar di Pesisir Pantai Tegal Akibat Cuaca Buruk

19 Januari 2021
Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

18 Januari 2021

Merga kuwé, nang group WhatsApp “Republik Tegalan” pating crowét tulisan-tulisan minir, kayadéné uneg-unegé Kang Yuda mawujud puisi péndék sing kasebuté karya sastra “Kur 267”. Karya paling anyar sing lagi moncér nang Tegal.

Kur 267 Kang Yuda
*TEGAL PANBELIH*
Ngawag
Nalar ora kanggo
Spektakulér péndéké

Kuwé wujud mangkélé Kang Yuda maring Ndoro Kanjeng, sing ora bisa angon waktu maring kahanan nasional lagi gawat ngadepi pageblug korona. Mula kuwé, Kang Yuda terus ngunggah “Kur 267” ora sepisan pingdo.

Kur 267 Kang Yuda
*NGGÉSÉR BETON 1*
Simbol
Rumangsa wis aman
Aja ndisiti takdir

Kur 267 Kang Yuda
*NGGÉSÉR BETON 2*
Pésta
Ngobong kembang geni
Manasi kulung ati

Nongol maning panguneg-unegé Kang Noto, sing biasané mung méin tanda jempol, saiki luar biasa gawé “Kur 267” kedingan. Kaya kiyé isi “Kur 267” gawéané Kang Noto.

Kur 267 Kang Noto
*KEMBANG GENI*
Onar
Penting kota ramé
Cut sagepok diobong

Sing dimaksud “Cut” gonéng Kang Noto, ora liya “Fulus”. Istilah “Cut” kiyé wis kondandang nang kalangan Group WhatsApp “Republik Tegalan” dikomandani Jon Dapuk.
“Rasa mangkel uga getun maring Ndoro Kanjeng ora kur nang group-group WhatsApp, Twetter, Instagram, uga ana nang media medsos akun Facebook. Salah siji statusé Yu Mblandrang sing dikutip Jon Dapuk, kiyé:

“China kuwé rajané pésta kembang geni. Mung nalika wabah penyakit mawujud covid 19 ngobrak-abrik Wuhan lan akhiré China sanggup ngatasi wabah, ora nana Pésta Kembang Geni sawijiné wujud kemenangan ngadepi pageblug korona. Sebab wong-wong China sadar lan ngerti maring bab kamanungsan angger sajaba Wuhan égin ana jutaan menungsa pada ngglétak antara urip utawané mati gegera ketanggor korona. Samana uga negara Jerman, Turkey, malahan sampé Inggris, laka sing pada nyuled Kembang Geni sauwisé menang sajero pertempuran lawan pandemi korona. Nyong malah beléh ngarti adong kur targété sénsasi gél!”

Maca statusé Yu Mblandrang, Jon Dapuk matané ngecembong banyu mata. Pengangené ngelayab adoh. Nang luar negeri, wong-wong pada mati. Nang negarané déwék korban mati gara-gara korona jumlahé atusan jiwa. Nang endi-endi daerah uga lagi pada kisruh nangani pageblug koronan. Nang wilayah Brebes, Pemalang, uga nang Kabupaten Tegal, kategoriné daerah Zona Abang. Masa sih? Nang kotané Jon Dapuk pan hura-hura Pésta Kembang Geni? Matané Jon Dapuk merkabak, kaya-kaya ora kuwat nahan banyu mata sing ngendon nang pelapukané.

Ujug-ujug Darto Kemplu bareng Kapér Wanyad nggeplak pundaké. Réplék déwéké nglinguk.
“Dalban ah! Kagét owh…” omongé Jon Dapuk.
“Krungu brita ora?” ceplos Kapér Wanyad.
“Brita apa Pér?”
“Pésta Kembang Geni… batal!” delak Darto Kemplu ndisiti Kapér Wanyad nyuwara.
“Is..! Sing bener…”
“Sung! Dibatalna Gubernur!” Gembor jakwir-jakwiré Jon Dapuk bebareng. Jakwir-jakwir Jon Dapuk sakalé dudu wartawan tapiné sokan maca lan nyimak brita nang TV utamané sing lagi booming.
“Trus?”
“Diganti acara sujud syukur!” sambung Darto Kemplu.

Krungu warta kaya kuwé, Jon Dapuk langsung sujud syukur. Lan déwéké janji ngko bengi bakal nekani acara “Apel Malam Sujud Syukur” nang Alun-alun. Sadurungé, déwéké ora sudi nekani acara “Apel Malam Penutupan PSBB dengan Sirine & Kembang Api, Spektakuler” sing pan digelar Pemkot. Saiki, teka maring acara kuwé, musti dikudu! Kanggo déwéké, acara “Apel Malam Sujud Syukur”, ora mung dadi tetenger kotané menang ngelawan korona, tapi luwih jero, sujud syukur mabag malem lebaran kang kebek takbir! (*)

——

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: Lanang setiawanMociTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak
Moci

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

20 Januari 2021
Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis
Moci

Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

18 Januari 2021
Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang
Moci

Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

17 Januari 2021
Utang Sanggané Andeb
Moci

Utang Sanggané Andeb

16 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

MEDIA SOSIAL

  • 121.9k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X