MOCI: Sunat Poci, Hajatan Nggo Pasangan Sing Durung Duwé Momongan – Panturapost.com
Kamis, Agustus 11, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Sunat Poci, Hajatan Nggo Pasangan Sing Durung Duwé Momongan

Fénoména Sunat Poci kawiwit jaman kuna-makuna.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
26 Juni 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

149
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

KAYA bengi sing uwis-uwis, wong papat pada ngumpul nang Pos Ronda. Pas kebeneran kahanané padang. Wulané gedé kaya tampah China. Warnané abang tembaga gumantung nang langit, mencorong cayané. Hawané adem, angginé semriwing aduh asyiké!

Wulan ning bengi kuwé édahé por. Tengah-tengah wulan ana gambar ibu lagi njagong. Wong papat nglémprak nang nduwur klasa. Pacétané kacang godog wédangé téh poci. Kapér, Sidul uga Jon Dapuk bas bus nyedot kukus sigarét. Darto tamtem-tamtem ngunyah kacang.

“Wingi nyong ketekan jakwir Bantarbolang, Pemalang jaman nyong dadi kenét bis. Omong punya omong, jakwiré nyong takon Jon,” Sidul nglémpar pitakonan sekaligus nyuwék sepi.

ADVERTISEMENT

“Takon apa?” omongé Jon Dapuk balik takon.

Baca Juga

Makna Kirab Benda-benda Pusaka di Momen Hari Jadi Kabupaten Tegal

Makna Kirab Benda-benda Pusaka di Momen Hari Jadi Kabupaten Tegal

19 Mei 2022
Penyair “Kaisar” M. Enthieh Mudakir Ultah ke-60 Tahun

Penyair “Kaisar” M. Enthieh Mudakir Ultah ke-60 Tahun

27 April 2022

“Jakwiré nyong penasaran.”

“Penasaran pimén, Dul?” Jon Dapuk maning-maning balik takon.

“Jaréné jakwiré enyong, déwéké sering krungu angger nang Tegal hajat Sunat Poci. Jan-jané Sunat Poci kuwé pimén, Jon?”

ADVERTISEMENT

“Lhaaa… pitakon kuwé ta pada karo jakwiré enyong, Dul!” omongé Darto langsung disenggak Kapér.

“Pada kepimén? Énté senengé mélu-mélu ish!”

“Sikah! Mélu-mélu endasmu pokah! Énté ngarti apa, Pér? Kari udud bas bus baé ka kakehen cangkem!” timpal Darto.

“Wis, wis To! Aja nggogoni sétan,” omongé Sidul.

Diomongi sétan, Kapér ora trima langsung réaksi.

“Sikah! Énté ngarani yanu sétan? Énté belis gundul!” walesé Kapér.

Omongé Kapér ndadakna Sidul karo Darto nyekakak. Orabada Kapéré tiru-tiru cekikikan. Sedeng Jon Dapuk kaya biasané mung pésam-pésem, nyawang jakwir-jakwiré pada gasak-gasakan tapiné tetep seduluran. Sebab apa? Jon Dapuk sering wanta-wanti, kena gasak-gasakan tapiné kekancanan aja kosih pedot. Prinsipé Jon Dapuk, golét kanca angél lan sing arané kanca kuwé sejatiné nambah paseduluran lan ditresnani Pengéran.

“Wis… pan gluwéhan apa tak méin ngarti soal Sunat Poci?” Jon Dapuk ngerém nggoné jakwir-jakwiré pada réang.

“Iya Jon, sori. Miki sekedar intermézo!” omongé Sidul gawé alesan.

“Wis Pér. Aja gluwéhan. Kiyé serius, meneng!” Darto nglaruhi.
“Oké Bos!”

Kahanan sepi sakedépan mata. Jon Dapuk mbusek tegesan rokok nang asbak.

“Crita Sunat Poci kaya kiyé,” Jon Dapuk ngawali crita.

Ora suwé déwéké mbabar asal muasal bab Sunat Poci. Jaréné, hajatan Sunat Poci biasané digebér nang désa-désa wartegwan kayadéné Desa Kepandéan, Sidapurna, Sidakaton, Kupu lan Desa Lawatan. Desa-desa kuwé mlebu wilayah Kecamatan Dukuhturi, Kabupaten Tegal.

Nang désa basis wartegwan kuwé, fénoména Sunat Poci kawiwit jaman kuna-makuna. Bisa dikandakna tradisi peninggalan nénék-moyang. Apa sing ndadékena nang kono dianakna hajat Sunat Poci, jaré narasumber sing tau ditakoni Jon Dapuk, asalé ana pasangan wong lanang wadon ora duwé keturunan. Puluhan taun saben ana hajatan déwéké olih uleman hajatan tangga teparo lan kanca batir porét laka étungané. Sedeng déwéké ora duwé keturunan ari pan nganakna hajatan bingung déwék.

Salah siji dina, pasangan wong lanang wadon kuwé ketekan kanca. Daning kancané, wong lanang wadon kuwé olih solusi mujarab.

“Solusi mujarab kepimén Jon?” takoné Darto nugel critané Jon Dapuk. Kepaksa Jon Dapuk medot critané latané njawab pitakoné Darto.

“Solusi kancané wong lanang wadon kuwé dikonkon nganakna hajat alternatif.”

“Hajat alternatif apa maning, Jon?” takoné Sidul.

“Wong lanang wadon kuwé dikongkon nggelar hajat Sunat Poci!” omongé Jon Dapuk sing ndadékna wong telu ndomblong. Jon Dapuk ngerasakna angger jakwir-jakwiré kéder uga bingung.

“Daning wagu nemen. Ana hajat sunatan nganggoné poci?” Kapér mujar ora kalah bingung. Katon nemen nada iramané anéh.

“Bener omongé Kapér, Jon. Jaré enyong ya wagu mbangkana-kana wagu! Lokén ana Sunat Poci? Kayong anéh!” Sidul nimpali.

“Pancén anéh! Tapi biasa adong barang anyar, katon wagu uga anéh. Mengo adong wis kulina, pantes-pantes baé. Jaré enyong, kiyé malah kréatifé wong Tegal bisa nyipta hajatan alternatif. Saora-orané dadi solusi kanggo pasangan wong lanang wadon sing durung diméin momongan,” omongé Jon Dapuk.

“Iya ta iya. Toli tatacara Sunat Poci kuwé kepimén, Jon?” takoné Darto.

Sadurungé Jon Dapuk njawab, déwéké nyripit téh pociné sing tésih kebek. Kaya biasané Kapér nyomot rokoké Jon Dapuk sing diumbar nang adepané. Ora let suwé, Jon Dapuk mbabar tatacara hajat Sunat Poci. Wong lanang wadon sing durung diméin momongan nyediakna poci lemah. Latané moncong poci sing diibaratna alat vitalé si bocah, digubed nganggo perban diméin obat mérah. Selanjuté, poci sing wis disunat didokon nang nduwur méja. Olih baé méin buah-buahan, minuman, lan roncé-roncé hiasan. Péndéké méh mirip bocah sunat.

“Ooohhh…. kaya kuwé, Jon?” omongé jakwir-jakwiré.

“Sing enyong krungu kaya kuwé!” semauré Jon Dapuk.

“Wong Tegal, pancén utéké jalan. Ana-ana baé!” omongé Kapér. (@)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: BudayaBudaya TegalSunat Poci Tegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Asal Usul Plat Nomor Kendaraan Sing Ngendi?
Moci

Asal Usul Plat Nomor Kendaraan Sing Ngendi?

11 Agustus 2022
Ana Wong Bisa Demenan Karo Siluman Buaya Putih? 
Moci

Bab Mitos Ora Kur nang Tegal, nang Italia Uga Luwih Sinting

5 Agustus 2022
Dalan Pancasila Tegal, Kawasan Paling Bebas
Moci

Dalan Pancasila Tegal, Kawasan Paling Bebas

4 Agustus 2022
Asal Mula Desa Argatawang
Moci

Asal Mula Desa Argatawang

30 Juli 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Atifa, Juara Dunia Pencak Silat Asal Tegal Bercita-cita Masuk Korps Wanita Angkatan Laut

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Trek sing Ngangkut Puluhan Motor Klasik Kobongan nang Tol Kanci-Pejagan, Tunané Atusan Juta

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

  • Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In