MOCI: Tegal Pelabuhan Gula – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

MOCI: Tegal Pelabuhan Gula

Nang abad 18 Maséhi Tegal olih julukan “Tegal Pelabuhan Gula”.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
9 Juli 2020
5 min read
0
Asyiknya Naik Kereta Antik di PG Pangka Tegal

Kereta Antik di PG Pangka Kabupaten Tegal. (Foto; Muhammad Irsyam Faiz)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL pernah dijuluki “Home industri Jepangé Indonesia”. Sebab nang wilayah kono njeprah home indrustriné. Nang Pedukuhan Cempaka, Kelurahan Kejambon, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal kosih daérah Karanganyar, Kecamatan Dukuhturi, Kajen – Talang, Kecamatan Talang tekan wilayah Kecamatan Adiwerna, Kabupaten Tegal, apa baé bisa digawé. Ajibé maning, wong-wong Tegal zonder patokan gambar pesenané, bisa persis apa sing dadi contohné.

Peradaban logam sing ditekuni wong-wong Tegal, keétung awit zaman penjajahan Portugis kosih sapréné-préné. Ana tembung Ketua Asosiasi Antropologi Inang Winarso ngomong, jaré Meriam Sijagur sing ana nang Museum Fatahillah atawa Museum Batavia, Kota Tua, Jakarta, gawéané wong Tegal. Alesané, wujud meriamé anéh. Sakepel tangan jempolé dikempit diantarané driji telunjuk karo driji tengah. Simbol kuwé nlambangna uwong pan njaluk rabi utawané ngejak rabi. Angger kuwé dudu gawéané wong Tegal sapa maning? Lokén wong Portugis? Nonsén!

Jaré déwéké, simbol pada umumé wong-wong bulé angger pan njaluk rabi, cukup ngacung driji tengah. Kuwé keyakinan déwéké soal Meriam Sijagur!

ADVERTISEMENT

Ana crita maning sing nguwati angger peradaban wong Tegal duwur, nglampoi telung peradapan. Critané, ning taun 1970-an ana juragan besi tuwa arané Ghofur tuku puing-puing motor mabur sing tiba pinggir Kali Muaratua wilayah Desa Muaratua, Kecamatan Tegal Barat, Kota Tegal, berantakan pating besasat diborong Ghofur. Konon bakaré, puing-puing motor mabur kuwé disulap dadi alat-alat dapur kayadéné séndok, panci, dandang, onderdil alat-alat pit uga motor, lan liya-liyané sauwisé dilebur.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

Kejaba kuwé Tegal uga tau olih julukan “Kota Teater”. Anané julukan kuwé ning taun 1950-an sumebar group-group seni drama awit pribumi kosih warga keturunan China kosih saiki kelompok-kelompok teater muncul. Ora salah angger Bambang Sadono njuluki “Tegal Kota Teater” nang koran harian Jawa Tegah taun 1980. Sadurungé wilayah Tegal olih rong julukan, nang abad 18 Maséhi olih julukan “Tegal Pelabuhan Gula”.

Bab kuwé sing dadi pikiran jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Siji-sijiné uwong sing bisa ngudari permasalahan kiyé, ora liya kur Jon Dapuk. Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pancén ngongkrong soal pengetahuan.

Lanang Setiawan.

“Jal pimén, asal-usulé wilayah kéné olih julukan “Tegal Pelabuhan Gula” kepimén, Jon?” omongé Darto kaya biasané miwiti pitakonan angger jakwir-jakwiré duwé permasalahan.

Kaya biasané Jon Dapuk kur meneng, sawangané nekuri panggonan sing dijagongi, sedeng tangané nyekeli sigarét sing lagi disedot. Kebul sigarété mbulek nang adepan rainé. Déwéké meneng, ngenténi jakwir-jakwiré tutug mujar omong.

“Bener Jon, wong telu kiyé péngin genah jalan critané,” omongé Sidul. Prédiksiné Jon Dapuk ora salah. Sadurungé déwéké nyuwara njawabi pitakonané Darto musti ana sing takon. Déwéké bakal njawabi angger jakwir-jakwiré wis tutug takon.

“Enyong uga pada kepéngin ngerti, Jon!” omongé Kapér gén kaya biasané nyomot saeler rokoké Jon Dapuk langsung disuled.

“Oké! Laka sing pan ngomong maning?”

“Laka Jon!” seru jakwir-jakwiré serempak mujar.

Sakléndaban sepi njiret. Jon Dapuk mbusek tegesan sigarété nang pising sing dienggo tatakan tegesan-tegesan.

“Asal-usul critané kaya kiyé!” omongané Jon Dapuk. Jakwir-jakwiré pada pasang kuping, siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar crita.

Ora suwé Jon Dapuk mbabar asal-usul “Tegal Pelabuhan Gula”. Jaré déwéké, ning abad 18 Maséhi wilayah Tegal ana 7 pabrik gula dibangun Pemerintahan Kolonial Landa. Pabrik-pabrik gula kuwé sumebar ning Desa Pagongan, Kecamatan Dukuhturi, Desa Pangkah, Kecamatan Pangkah, Desa Dukuwringin lan Dukuh Kemanglen, Kelurahan Pakembaran, Kecamatan Slawi, uga Desa Balapulang, Kecamatan Balapulang, Desa Ujungrusi, Kecamatan Adiwerna, uga nang Desa Kemantran, Kecamatan Kramat.

“Nah! Anané pitung Pabrik Gula, akhiré wilayah Tegal témpo doeloe dadi centra gula awit zaman Landa….” kaya biasané Jon Dapuk medot crita. Maksudé éndah jakwir-jakwiré mujar pitakonan. Bab kiyé kanggo ngetés sapira gematiné jakwir-jakwiré nggunakna pikir sajeroné déwéké crita. Nyangkol nang utek apa manjing kuping tengen metu kuping kiya?

“Enyong takon Jon!” ujug-ujug Kapér nyuwara. Jon Dapuk seneng angger ana sing takon.

“Iya Pér. Takon apa?”

“Sebab wilayah kéné dadi centra gula, akhiré mbabar julukan Tegal Pelabuhan Gula? Kiya-kira bener ora, Jon?” Kapér sakalé negas omongan tapi kayong ora percaya maring pendapaté.

“Seratus kanggo kowen Pér!” omongé Jon Dapuk sing ndadékna Kapér cangkemé mésem gén cunguré kembang kempis. Nandakna déwéké seneng olih biji seratus.

“Alhamdulillah… olih biji satus. Yahéééérrrrrr…!!!” omongan Kapér ndelak karo tangané ngepel.

“Nyong pan takon Jon!” Sidul ora gelem kalah karo Kapér.

“Iya Dul. Takon apa?”

“Sauwisé tebu digiling dadi gula. Trus gulané dikirim maring endi baé?”

“Produksi gula-gulané disebar ora kur nang wilayah Nusantara tapiné tekan Benua Eropa. Nah, jaré kowen kendaraan sing nggo ngirim gula saka Tegal maring saambané Nusantara kosih tekan Benua Eropa, apa?” omongé Jon Dapuk sisan njawabi Sidul sekaligus nebar pitakonan.
“Nganggo kapal, Jon!” delak Darto.

“Alesané?”

“Hiya… kowen. Alesané apa?” timpal Kapér. Suarané kaya wong nggedag-nggedag maling.

“Énté ora usah kakehen suara Pér? Képrét sisan toli….” walesan omongé Drto.

“Wis bet!” delaké Sidul. Orabada nyekikik.

“Képrét ndasmu pokah!” jadag Kapér. Orabada uga nyekikik.

Kaya biasané, Jon Dapuk kur pésam-pésem. Pristiwa sing kaya kuwé wis dadi ciri khasé jakwir-jakwiré. Péndéké angger wong telu kumpul, kahanané dijamin réang tapiné tetep akur ora nganti kedadén gelut. Sebab, welingé Jon Dapuk, kekancanan aja kosih crah apa maning medot paseduluran.

“Asem! Kowen réang yanu pan njawab dadi klalén. Sori Jon, pitakonané énté diulang,” omongé Darto. Sedeng Kapér karo Sidul nyekikik karo nutupi cangkem.

“Alesan bisané hasil produksi gula diangkut nganggo kapal?”

“Owh iya, Jon. Alesané, sebab ning zaman samana durung ana kendaraan, siji-sijiné angkutan kur-kuré kapal laut. Kuwé sebabé, jaré wong tuwané yanu, nang pelabuhan akéh gudang kanggo ngandong gula pasir!” jawabé.

“Satus kanggo kowen To!” Jon Dapuk ndelak. Déwéké ngrasakena jakwir-jakwiré sangsaya pinter. Ora sia-sia saben bengi nggelar gendu-gendu rasa nang Pos Ronda nang mburi umahé.

Krungu Darto olih biji satus, Kapér keprok. Darto mantuk-mantuk karo pésam-pésem. Sedeng matané lirak-lirik maring Sidul.

“Nyong takon Jon!” Sekonyong-konyong Sidul nyuwara.

“Iya Dul. Pimén?” karo ngomong kaya kuwé, Jon Dapuk nebar éseman. Déwéké rumangsa angger bengi kiyé persis kaya pelajaran mencongak nalika wong papat mégin sekolah nang SD. Pelajaran kuwé, biasané angger ngadepi wayah pan balik guruné musti méin soal. Man sapa sing bisa njawab pitakonané, langsung balik ndisiti.

“Nyong péngin ngerti anané PG. Pangka kuwé jasané sapa?”

“Sing dimaksud jasané sapa, kowen apa?” Jon Dapuk mbalang pitakonan. Sebab sewulan kepungkur déwéké tau crita soal PG. Pangka khususé tentang sisi melik Tuan Halbosh sing njabat Administratur nang kono.

“Maksudé enyong sing mbangun PG. Pangka, Jon!”

“Jaré kowen sapa?” Jon Dapuk terus ngetés.

Radan mikir Sidul repan njawabé. Penganené muter. Tapi ora let suwé déwéké nyuwara.

“Tuan Halbosh!”

“Satus kanggo kowen Dul!” Delak Jon Dapuk bener-bener déwéké bangga maring Jakwir-jakwiré pada ora klalén maring crita sing tau diwedarna.

Krungu jawabané Sidul olih biji satus daning Jon Dapuk, Kapér karo Darto keprok. Tanda wong loro kuwé sportif ngerasa bangga maring Sidul.

“Jujur nyong bangga maring kowen kabéh. Apa sing wis tak omongna nyangkol nang pikiran,” omongé Jon Dapuk.

“Suwun Jon. Berkat énté saben bengi ménéhi piwulang, jakwir-jakwir pada olih tambahan wawasan. Awité yanu-yanu kiyé ora paham seluk-beluk wilayah Tegal dadi ngarti kabéh,” omongé Darto nadané kayong sendu. Sedeng Jon Dapuk kaya biasané ora ngaruh maring pujian. Kanggo déwéké, cekelan wong ombér élmu dadi kewajibané mbagi maring sapa baé. Élmu kuwé ora bakal langgeng sénggané kur dikekepi déwék. Sebaliké duwé umur dawa angger diamalna maring sapa baé.

“Enyong pan takon, asal-muasal pabrik gula nang Pangkah diarani PG. Pangka?” takoné Jon Dapuk.

Kapér, Sidul lan Darto pada pandeng-pandengan. Tandané ora pada mudeng asal-usul aran sing diomongna Jon Dapuk.

“Ora paham Jon!” Kaya pedaminan, jakwir-jakwiré serempak mujar.

ADVERTISEMENT

“Critané kaya kiyé!” omongé Jon Dapuk.

Miturut Jon Dapuk, bisané pabrik gula nang Kecamatan Pangkah diarani PG. Pangka, Tuan Harlbosh nandur wit klapa. Bibité klapané asalé saka Desa Sigentong. Barang wit klapané gedé, jebulé ngepang loro. Sajegé kuwé, pabrik gula diarani Tuan Halbosh PG. Pangka pas kebeneran manggon pabriké nang Desa Pangkah.

“Nah crita singkaté kaya kuwé.” Jon Dapuk nyangiri critané.

“Bisa dikandakna asal-muasal Desa Pangkah ya saka wit klapa sing ngepang loro ya, Jon?” timpal Sidul.

“Satus kanggo kowen Dul!” delak Jon Dapuk.

Kapér karo Darto keprok. Bisa dikandakna bengi kuwé wong telu olih biji satus kabéh daning Jon Dapuk! (@)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: Lanang setiawanMociPG PangkaTegal Pelabuhan Gula
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In