TEGAL – Tumpakan sing arané odong odong utawa sepur kelinci sing bésiké ana mesin motoré molai tanggal 1 Méi 2021 dilarang daning polisi ora olih nglinteri neng dalanan kota Tegal. Odong-odong sing ésih nganggo mesin motor atawa mobil diwéin waktu ébén diganti dadi odong-odong genjotan sikil paling suwé wulan April buntas.
Kasatlantas Tegal Kota, AKP Nuraini Rosyida ngomong, pengingan kuwé nganggo dasar UU No. 22 Taun 2009 ngenani Lalu Lintas lan Angkutan Jalan. Aturan kuwé nyatakna odong-odong termasuk neng kategori tumpakan nganggo motor sing ora menuhi téknis nggo layak dalan.
“Éféktif penindakan per 1 Méi, penindakan hukum. Soalé durung ana paguyuban odong-odong ndéyan mengko istilahé getok tular,” omongé Nuraini, lubar sosialisasi karo stakeholder lan sing duwé odong-odong nang Mapolrés Tegal Kota, dina Kemis (1/4/2021).
Kasi Lalu Lintas dan Keselamatan Dinas Perhubungan Kota Tegal, Teguh Prihatmo ngomong, odong-odong nganggo cara téknis ora menuhi nggo ngangkut penumpang. Belih mung nrawasna penumpang lan pengemudiné, uga nrawasna pengguna dalan liyané.
“Soalé nang angkutan dhéwék kan ana kawasan tertentu, lan kekait modifikasi uga kudu diuji tipe ndisiti,” jaréné.
Nggo kuwé, jaré Teguh, Dinas Perhubungan tertentu ora ngolihna operasional odong-odong sing bésiké motor utawa mobil soalé nglanggar aturan.
“Nggo kuwé dhéwék cacak tawakna solusi awal odong-odong genjotan, kaya nang Dlanggung Pancasila lan alun-alun soalé wis dadi déstinasi wisata mengko bisa dhéwék usahakna,” jaréné.
Teguh dhéwék nyatakna kerep nemoni odong-odong modifikasi sing bésiké mobil. “Sing tau dhéwék seka mobil sing diubah karo ditambah tempat njagong, lan motor karo rangkéan utawa gandéngan lan nganggo cara téknis nrawasna né por,” omongé Teguh.
Sementara kuwé, salah siji sing duwé odong-odong sing teka neng rapat audiénsi, Yon Haryono, ngaku pan nuruti nggo bisa ngrubah dadi odong-odong genjotan utawa ontél.
“Kebeneran pancén durung ana paguyuban. Seka Kasatlantas apik nemen nganakna forum kiyé ébén kondusif. Dhéwék éling salah, lan kepribén solusiné. Seka Polrés lan Dishub mesti pan usaha ngrampungna karo solusi,” jaréné. (*)
Discussion about this post