Mujarabé Idu Wayu Mané – Panturapost.com
Kamis, Februari 2, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Mujarabé Idu Wayu Mané

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
1 November 2020
2 min read
0
Mujarabé Idu Wayu Mané

Ilustrasi lidah. (Foto: pixabay)

Share on FacebookShare on Twitter

KOSIH sapréné jakwir-jakwiré Jon Dapuk mésih beléh mudeng nalika jaman cilik, adong lara mata cukup ditambani nganggo idu wayu-né Mané. Sing ajib maning, Mané durung sikatan acan-acan langsung ngilati matané si bocah. Éramé, idu wayu-né Mané céspleng! Mata sing lara dadi mari langsung padang.

Bab kiyé sing gawé Sidul, Darto, lan Kapér pada bingung. Métode kuna makuna kiyé bener-bener tokcer!

“Lara mata ditambani pirang-pirang tamba ora mari-mari, barang dilati nganggo idu wayu-né Mané langsung mari. Kosih sapréné yanu bingung, ora temu nalar tapi ajaib. Ndelén Jon, jaré énté sajeroné idu wayu-né Mané ana apané?” omongé Darto maring Jon Dapuk nalika jakwir-jakwiré pada kumpul nang Pos Ronda.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané Jon Dapuk ora gelem njawabi sadurungé jakwir-jakwir teluné pada nyuara.

Baca Juga

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023
Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023

“Kwéhhh..!! Sing enyong éram. Tembé nganggo idu baé, Mané bisa ngobati mata….” omongé Kapér.

“Lha kuwé Pér, enyong baé éram. Jan-jané idu wayu Mané ana apané Jon?” Sidul bener-bener éram adong kémutan jaman cilik lara mata cukup ditambani idu wayu-né Mané angsung mari.

Genep jakwir teluné wis rampung nyuara, Jon Dapuk kaya biasané nyuled sigarété. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Jon Dapuk.

“Lara mata cukup ditambani nganggo idu? Nang kuping rasané anéh tapi kiyé métode kuna sing ora pernah mlését. Ana apané idu wayu kok cespleng nggo obat mata?”

“Iya kuwé pimén, Jon?” takoné Sidul ndisiti Darto pan ngomong.

“Idu wayu kuwé ngandung zat mineral, kalsium, lan fluor sing khasiaté ora kur kanggo rongga muut, tapi uga kanggo mata. Idu wayu uga pernah ditliti jaréné ngandung sél darah putih kanggo nglawan penyakit lan inféksi. Idu wayu uga ngandung lendir sing adong awor karo sé darah putih, bakalan sanggup njebak bakteri pada gyayapan, ndadékna apa baé tatu cepet mari.”

Krungu penjelasané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré kur mantuk mantuk.

ADVERTISEMENT

“Brarti Mané kuwé, luwih hébat para dokter yan Jon?” tiba-tiba Kapér nglemong ndadékna Sidul karo Darto langsung mndeng rainé Kapér.

“Maksudé énté rijék Pér” omongé Darto ndisiti Jon Dapuk pan njawabi. Sing dimaksud “Rijék” asalé saka tembung basa prokém artiné “Pibén”.

“Maksudé, sadurungé para dokter paham manfaat idu wayu, Mané-mané nyong kowen, wis ndisiti paham!” tandas omongé Kapér.

“Biji satus kanggo kowen Pér! Salut!” omongé Jon Dapuk. (@)

 

——–

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In