BREBES – Wong Kecamatan Kersana, Kabupaten Brebes pada heboh gara-gara ana ula sanca dawa nemen, Jemuah (25/3/2020). Ula sing dawane telu karo tengah meter kuwe ditemukna lagi ngringkel katisen nang jero ruko sing ana nang ngarep SMK N 1 Kersana.
Ula sanca kuwe latane dievakuasi daning Petugas Pos Pemadam Kebakaran (Damkar) karo Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Kabupaten Brebes. Komandan Regu Damkar Pos Kersana Rizal Arif Faozan ngomong, pihake bisa ngevakuasi ula sanca, dina Jemuah (27/3) sekitar jam loro esuk.
Ula sing jenise sanca kuwe, pertama konangan daning wong sing tes balik dodolan. “Bengi kuwe ana wong sing nglinter nang lokasi arah Ketanggungan maring Kersana kuwe weruh ula sanca nyebrang nang dalan. Latane Barang kaya kuwe laporan maring Pos Damkar,” jarene.
Saiki, jare deweke, ula sanca kuwe wis diamana daning pihak Damkar. Rencanane, ula kuwe pan diingu nggo kegiatan nang Pos Damkar. “Ula sanca kiye pan diingu anu arep nggo kegiatan anggota pos damkar nang kene,” pungkase. (*)
Discussion about this post