Nang Margasari Pan Ana Kincir Angin Gedhé Nemen, Fungsiné Nggo Gawé Listrik – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Nang Margasari Pan Ana Kincir Angin Gedhé Nemen, Fungsiné Nggo Gawé Listrik

Kincir angin raksasa kiyé pertama dibangun nang Pulau Jawa.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
14 Agustus 2020
2 min read
0
Pertama di Pulau Jawa, Kincir Angin Raksasa Penghasil Listrik Akan Dibangun di Margasari

Ilustrasi Pembangkit Listrik Tenaga Bayu (PLTB). (Foto: Dok. PT Java Energi Eoliana atau Akuo Energy)

Share on FacebookShare on Twitter

Sabeneré ana pilihan lokasi liyané, tapi Kabupatén Tegal jaréné paling pantes.

TEGAL – Investor seka Perancis, PT Java Énérgi Éoliana utawa Akuo Énérgy duwé rencana pan mbangun Pembangkit Listrik Tenaga Bayu (PLTB) nang Kecamatan Margasari, Kabupatén Tegal. Sabeneré ana rong pilihan lokasi nang Pulo Jawa, tapi studi rong taun, jebulé Kabupatén Tegal dinilé paling pantes.

Hal kuwé keungkap wayah digelar Forum Konsultasi Publik Studi Analisis Ngenani Dampak Alam dan Lingkungan (AMDAL), nang Hotel Grand Dian Slawi, dina Slasa (11/8). Forum kuwé nglibatna ana pirang unsur pemrentahan, lembaga swadaya masarakat, lan masarakat sing keimbas dibanguné PLTB.

ADVERTISEMENT

Nang kesempatan kuwé, Bupati Tegal, Umi Azizah nyambut apik rencana dibanguné PLTB kuwé. Jare dhéwéké, anané PLTB ndukung kebijakan ketahanan énérgi nasional. Saliyané kuwé, pan kecipta lapangan kerja anyar utamané nang wayah konstruksi.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

“Seka sisi édukasi, pan ningkatna citra kawasan soalé anané daya tarik anyar sing ora akeh ditemoni nang tempat liya. Nggo wilayahéng Pulo Jawa baé, mbené kiyé sing pertama,” jaréné.

Umi ya ngaku siap ngréwangi kabéh sing diperlukna nang hal investasi lan layanan perizinan sing diperlukna. Termasuk mbangun komunikasi lan kesepahaman nang masarakat.

ADVERTISEMENT

“Yuh, dhéwék dukung bareng suksésé pembangunan PLTB nang Margasari kiyé dadi sumbangsih dhéwék nang negara nggo marisi lingkungan urip lan urip sing resik, alami, produktif, lan lestari,” jaréné.

Kepala Dinas Lingkungan Urip Kabupatén Tegal, Muchtar Mawardi, ngomong, PLTB karo kapasitas pembangkit listrik segedhé 67,2 megawatt utawa setara 215,5 gigawatt hours per taun kiyé bisa molai operasi taun 2022 mengko.

“PLTB rencanané pan dibangun nang ndhuwur lahan seamba 47 hektar sing iris-irisan nang telung désa, yakuwé Désa Pakulaut, Désa Marga Ayu lan Désa Kalisalak,” ungkapé.

Sementara kuwé, Direktur PT. Java Énérgi Eoliana, Refi Kurnaefi, nyampékna matur nuwun karo anané dukungan Pemréntah Pémkab Tegal. Mugané konsultasi wong umum studi AMDAL kiyé bisa kelaksana.

“Forum kiyé nggo mbangun kemémperan persépsi antara pémda karo pemréntah désa uga masarakat khususé nang wilayah Kecamatan Margasari ngenani rencana pembangunan PLTB,” jelasé.

PLTN kuwé rencanané pan ngoprasikna 17 turbin sing bentuké kincir angin sing bentuké gedhé nemen utawa raksasa. Masing-masing turbin pan nduwéni kapasitas pembangkit segedhé 4 megawatt karo luasan lahan sing dienggo dhéwék-dhéwék sa hektar nggo sa turbiné.

Sawisé ana tahap ngukur banteré angin, studi aksés, lan logistik uga prosés perizinan kiyé, dadiné saiki ngleboni tahapan studi AMDAL dadi dasar ngejlig maring tahap konstruksi.

“Hasil diskusi kiyé mengkoné pan dadi bahan masukan nggo dhéwék wayah nyusun dokumen AMDAL. Lan sadurungé manjing maring tahap konstruksi, pan ana proses lelang nang PT. PLN Persero sing nentukna nemen lanjut orané proyek kiyé,” pungkasé. (*)

Tags: Berita ngapakkincir angin raksasaWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In