Nang Panggung Ora Ilok Nanggap Wayang – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Nang Panggung Ora Ilok Nanggap Wayang

Pernah krungu nang salah siji wilayah Kota Tegal, wargané alergi maring jagad pewayangan?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
24 Oktober 2020
2 min read
0
Nang Panggung Ora Ilok Nanggap Wayang
Share on FacebookShare on Twitter

PERNAH krungu nang salah siji wilayah Kota Tegal, wargané alergi maring jagad pewayangan? Atusan taun sajegé wilayah kono dipanggoni jalma manungsa, sapisan baé ora tau ana wargané wani nanggap wayang. Jaréné ora ilok! Nah, kepimén critané bisané nang wilayah kono, anti pati lan ora ilok nanggap wayang?

Kapér, Sidul karo Darto ngerasa éram, nalika Jon Dapuk mbabar bab sing kaya kuwé. Merga kuwé, jakwir-jakwiré Jon Dapuk dadi penasaran ora digawé-gawé!

“Kuwé nang daérah endi, Jon?” takoné Darto karo endasé ndengak kaya-kaya lagi métani wilayah endi sing antipati maring wayang.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané Jon Dapuk ora sag-seg njawabi pitakon jakwiré sadurungé jakwir-jakwiré pepek mbalang suara.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

“Enyong tembé krungu ana wilayah ora seneng maring kesenian wayang. Pancén ana wilayah sing antipati maring wayang, Jon?” sambung omongané Kapér.

“Kayong éram ya? Musti ana apa-apané bisané wargané ora gelem nanggap wayang. Kuwé daérah endi, Jon?” Omongé Sidul negesna pitakoné Darto.

“Panggung!”

“Ha?” Ndadak cangkemé Darto mlongo.

“Ader?” Kapér nimpali.

“Kayané… iya ya? Nyong ora pernah krungu nang wilayah Kelurahan Panggung ana wong duwé gawé nanggap wayang. Sebabé pimén, Jon? Apa pernah ana kedadian sing mrekitiki?” takoné Sidul.

Jon Dapuk ngunjal ambekan. Kaya biasané déwéké sadurungé njawabi, tangané ngangkat gelas isi inungan téh poci, latané nyuled sigarét. Kaya biasané Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk sing kesanding nang adepané jakwir-jakwir.

“Tak goléti nang buku-buku soal antipatiné wong Panggung ora seneng maring wayang, laka. Maring perpustakaan kota uga laka. Jalaran penasaran, nyong mburu takon maring para sesepuh Pedukuhan Kalibuntu. Daning wong tuwa, nyong tembé dong adong nang wilayah Panggung pancéné ora kena nggo nanggap wayang. Jaréné ora ilik!” omongé Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

“Bisané Jon?” Darto ngoyok jawaban.

“Miturut wong kuna kono, wilayah Panggung kelebuné daérah keputihan….”

Anjog nang kéné, Jon Dapuk kaya biasané ngandeg crita. Tujuan utamané bén jakwir-jakwiré penasaran latané mbalang pitakonan.

“Sing dimaksud keputihan apa Jon? Daning kaya penyakité wong wadon?” omongé Kapér asal njeplak. Orabada cengéngésan.

“Sikah! Énté angger nyotong sametu-metuné sih? Compong énté?” sentak Darto kayong waduké kaku ari krungu omongané Kapér sokan srang-srangan.

“Hambad baé To. Nyingkrak!” Nada omongané Sidul kayong sengak. Sing dimaksud tembung “Hambad” ora liya artiné “Jotos”. Sedengé tembung “Nyingkrak” maksudé “Kebangeten”.

“Hambad… hambad, ndasmu pokah?!” Kapér ora kalah atas suarané. Tapi orabada nyekakak.

“Wis Jon, aja ngladéni Kapér. Dasar compong! Lanjut….” ujaré Darto kayong njelu maring Kapér. Tembung “Njelu” artiné “Séwot”.

“Sing dimaksud daérah keputihan artiné wilayah suci. Tetabuhan-tetabuhan kamelan sajeroné kesenian wayang, kanggo warga Panggung pada baéné ngundang bangsa demit!”

“Kaya kuwé, Jon?” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngomong serentak. Kompak.

“Yaul! Kuwé kepercayaan wong Panggung! Mugané sampé sapréné ora tau ana wong Panggung nanggap wayang!” omongé Jon Dapuk nutup cuapan. *(@)*

—-
*Lanang Setiawan*, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociNang Panggung Ora Ilok nanggap wayang
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In