SLAWI – Jumlahé pemohon dispénsasi kawin nang Pengadilan Agama Slawi kelas 1A Kabupaten Tegal nggal wulane terus munggah. Seka wulan Januari anjog wulan Juni 2020, total pemohon tekan 261 pasangan nomnoman. Artine, cah sing esih mambu kencur kuwe siap pada dikawina.
Humas Pegadilan Agama (PA) Slawi Sobirin wayah ditemoni nang kantoré, dina Rebo (22/7/2020) ngungkapna, PA Slawi wis nrima atusan permohonan dispénsasi kawin seka pasangan nomnoman. Rinciané, nang wulan Januari 55 perkara dispénsasi kawin, Fébruari 33 perkara, Maret 26 perkara, April 22 perkara, lan Méi 24 perkara.
Wayah manjing masa transisi anyar utawa urip anyar nang masa pagebluh utawa pandemi virus Corona, yakuwé wulan Juni, ngalami munggah dadi 68 perkara. Nggo wulan Juli per dina Rebo (22/7) wis ana 33 perkara dispénsasi kawinan sing diajukna nang PA Slawi kelas IA.
“Lawasé nem wulan luwih nang taun 2020, ana 261 permohonan dispénsasi kawin,” ungkapé Sobirin.
Jare dhéwéké, akehe angka dispénsasi kawin soale anané perubahan UU No. 01 Taun 1974 ngenani kawinan lan dirubah karo UU No. 16 th 2019. Nang pasal 7 UU No. 01 Taun 1974 disebutna ari wates minimal umur kawinan nggo calon sing-wadon umur 16 taun, nggo calon sing-lanang minimal umur 19 taun. Sementara nang jero UU No. 16 Taun 2019 nang Pasal 7 disebutna ari wates minimal umur kawinan nggo calon sing-lanang lan calon sing-wadon 19 taun.
“Jebule nggal wulan, akéh nomnoman muda-mudi sing ngajukna permohonan dispénsasi kawin. Termasuk nang masa pandemi kiyé,” omongé.
Jare Sobirin, ana pirang faktor sing nggawé pasangan nomnoman ngajukna dispénsasi kawin. Alesan pertama, soalé pancén pasangan kuwé ngalami ‘kecelakaan’. Artiné, pasangan bocah enom kuwé meteng disit. Utawa wis kadung njalin hubungan sing kenceng nemen (akrab) mugané wong tuwa kuwatir kedaden hal-hal sing ora dikepengini lan pergaulan bebas.
“Kaya contoh si bocah umuré 16 taun lan meteng disit utawa wis akrab nemen hubungané, lan kuwé latané ngajukna dispénsasi kawin,” omongé. (*)
Editor: Muhammad Abduh
Discussion about this post