Nang Tegal Ana Wong Lagi Solat nang Mushola Dikepruk, Pelakuné Jéré Wong Kentir – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Nang Tegal Ana Wong Lagi Solat nang Mushola Dikepruk, Pelakuné Jéré Wong Kentir

Korban arané Ruminah, mbah-mbah sing umuré sawidak taun.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
9 Oktober 2020
2 min read
0
Seorang Jemaah Musala di Kabupaten Tegal Dipukul Orang Tak Dikenal Saat Salat

Lokasi pemyerangan jamaah salat subuh di musala Desa Lebeteng, Kecamatan Tarub, Kabupaten Tegal. (Foto: Syaifullah)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL –  Salah siji wong nang Désa Lebeteng, Kecamatan Tarub, Kabupatén Tegal, dadi korban penyerangan pas lagi solat nang Musala daning wong ora dikenal. Korban arané Ruminah, mbah-mbah sing umuré sawidak taun.

Mbah Ruminah dikepruk nggo kayu balok daning wong ora dikenal pas lagi solat sunah qobliyah subuh nang Musala Assodiqin, dina Senen (5/10). Merga kedadénan kuwé, korban ngalami luka suwek nang endas nggon mburi lan kudu dijait pitu.

Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP Heru Sanudi, dina Rebo (7/10) ngomong ari pihaké wis duwé titik terang kekait ketuduh pelaku penyerangan. Nganyi saiki, pihaké ésih nglakoni proses penyelidikan.

ADVERTISEMENT

“Nggo pelaku dhéwék esih dhéwék jeroni. Ésih dhéwék kembangna maning. Nggo wong sing dhéwék duga, dhéwék curigani nglakoni kuwé wis ana, tapi dhéwék ésih njeroni maning. Njaluk pangapurané ora bisa dhéwék sampékna soalé kiyé ésih proses penyelidikan,” jaréné.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Kekait kedadénan kiyé, Heru njelasna ari korbané wong wadon sing lagi sembahyang dhéwékan nang Musala. Latané korban dikantem seka arah mburi daning wong sing ora dikenal.

“Kuwé korban lagi sholat dhéwékan. Soalé kiyé korban wadon, dhéwéké posisiné dhéwék ditutup langse lan sa wong maning lagi tadarusan. Latané seka saksi nyampékna ari dhéwéké krasa dikantem nang nggon endas mburi,” jaréné.

Jaré dhéwéké, sawisé korban diserang, korban fokus nang rasa lara sing dialami merga kena kanteman kuwé. Tapi latané, korban njaluk tulung karo marbot Musala sing pas kuwé lagi tadarusan. Tapi, wayah marbot kuwé luruh, pelaku wis mlayu.

“Sawisé dikantem korban nggludag. Latané dhéwéké fokus nang larané. Soalé dhéwéké njaluk tulung latané wong sing tadarusan mau luruh. Latané nulungi korban,” ungkapé.

Ruminah, warga Desa Lebeteng, Kecamatan Tarub, Kabupaten Tegal mengalami luka akibat diserang orang tidak dikenal. (Foto: Syaifullah)

Sementara kuwé, salah siji wong sing dadi korbané, Taspuri, ngomong ari wong sing ngantem wong nang Musala kuwé dinyana warga kononé. Tapi, dhéwéke krungu-krungu pelaku kuwé kentir utawa ora waras.

“Ya jare wong-wong sih sing nglakoni penyerangan kuwé wongé setrés utawa edan. Angger saiki wongé laka, soalé pas kedadenan Bu Ruminah, dhéwéké mlayu,” tuturé.

ADVERTISEMENT

Pada baé kaya sing diomongna daning Kepala Désa Lebeteng, Sukasmo. Jaréné, wong sing dinyana ngantem kuwé pancen madan ora waras. Saiki, kasus kuwé lagi ditangani daning pihak kepolisian.

“Dhéwéké bener madan ora waras. Mukur nyong ora patia paham karo wongé, soalé dhéwéké manggoné nang pedukuhan. Saiki esih lagi digoleti daning pulisi,” jelasé. (*)

 

Tags: Penyerangan Jamaah Musala di TegalTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Mengenal Batik Mangrove Pandansari Karya Warga Kaliwlingi, Brebes
Brebes

Mengenal Batik Mangrove Pandansari Karya Warga Kaliwlingi, Brebes

28 Januari 2023
Piala Dunia 2022, Sukses Diplomasi Islam dan Ekonomi 
Catatan Pekan Ini

ONH Rp 69 Juta, di Malaysia Masih Rp 40-an Juta

28 Januari 2023
Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Brebes

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

28 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In