TEGAL – Nang Kota Tegal saiki lagi rame motor pada ilang. Nang sadinane baé, ana telung motor sing dicolong nang rong wilayah sing sejen. Yakuwé Kecamatan Tegal Timur karo Kecamatan Margadana.
Seka telung kedadénan kuwé, loro nang antarané konangan daning kamera sing umpetan utawa CCTV. Aksi pertama kedadén nang Kecamatan Margadana. Nang njero rekaman vidio kamera sing umpetan, maling katon nggawa mlayu motor nang latar gedung sing ana nang pinggir dalan Pantura nang dina Saptu bengi (10/10/2020).
Latané, dina ngésuké nang dina Minggu (11/10/2020) awan, kedadén maning motor dicolong nang latar masjid sing ana nang Kecamatan Tegal Timur. Aksi maling kuwé juga konangan CCTV.
Nang njero vidio kuwé, pelaku sing nganggo klambi lengen dawa warna biru lan clana putih katon meneng-meneng njukut motor matic sing lagi diparkir. Mung butuh wektu rong menit, pelaku bisa nggawa mlayu motor kuwé.
“Kedadén telung curanmor nang Kota Tegal, loro nang Kecamatan Margadana, siji nang Tegal Timur,” omongé Kasat Reskrim Polrés Tegal Kota AKP Syuaib Abdullah, makili Kapolrés AKBP Rita Wulandari Wibowo nang Mapolrés, dina Senen (12/10/2020).
Syuaib ngomong, pihaké ésih nylidiki kasus kuwé. Polisi malah wis ngamana siji barang bukti rekaman vidio CCTV nggo kasus nyolong motor nang Tegal Timur.
“Dhéwék ésih nylidiki, lan dhéwék wis nemu barang bukti rupané CCTV sing nggambarna pelaku lagi nglancarna aksiné,” jaré dhéwéké.
Jaré dhéwéké, telu pelaku nang telung lokasi sing sejen, wayah mlakokna aksiné uga modusé séjén-séjén.
“Nang dalan Slamet Tegal Timur sabeneré merga ana niat lan kesempatan. Nang endi sing nganggo motor tledor ninggalna kunci motoré mugané nggawé nyembul kesempatan nggo pelaku,” jaré dhéwéké.
Lah, pas lagi nyolong nang Kecamatan Margadana, pelaku nggunakna kunci T nggo ngrusak kontak motor. Kasatréskrim nambahi, pihaké malah wis mbentuk tim khusus nggo nangani utawa nanggulangi curanmor.
“Mugané kekarepané gagiyan keungkap. Soalé ciri-ciri fisik pelaku uga wis dhéwék ngarteni,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post