Nang Tegal Lagi Ungsum Ngulukna Layangan, Bentuké Ana sing Mirip kaya Demit – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Nang Tegal Lagi Ungsum Ngulukna Layangan, Bentuké Ana sing Mirip kaya Demit

Ora mung cah cilikan, wong kaplak uga pada kebetahen ngulukna layangan.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
27 Juli 2020
2 min read
0
Tren Layangan Karater di Tegal, Ada yang Mirip Kuntilanak

Layangan karakter berbentuk mirip kuntilanak yang dibikin oleh Muhamad Sekhuloh (36) di Desa Bukateja, Kecamatan Balapulang, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)

Share on FacebookShare on Twitter

NANG wayah pageblug utawa Pandemi COVID-19, dolanan layangan dadi hobi sing lagi ngetren. Luwih-luwih didukung cuaca sing cerah lan angine semribit. Nang pirang tempat, utamané nang desa-desa akeh ditemoni bocah-bocah dolanan layangan karo pirang-pirang bentuk, karakter, lan ukuran.

Kaya nang Désa Bukatéja Kecamatan Balapulang Kabupaten Tegal. Meh nggal sore, puluan layangan ngebeki langit desa kono apik nemen. Ora mung cah cilikan, wong kaplak uga kebetahen pada maburna layangan.

Bentuké macem-macem. Molai seka layangan sing mirip kaya manuk, bentuk persegi, nganti mirip kaya demit. Ukurané 30×50 sentimeter nganti 50×100 sentimeter. Biasané, layangan kuwé diwéin buntut sing dawané tekan sepuluh (10) meter.

ADVERTISEMENT

Salah sijineng pengrajin utawa tukang nggawéni layangan nang Désa Bukatéja, Muhamad Sekhuloh (36), ngomong ungsum dolanan layangan nang desané molai nongol awit masa Pandemi COVID-19. Kiyé merga akéh bocah-bocah sing duwé wektu luwih akéh nang umah soalé ora mangkat sekola.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Sekhul, undangan akrabé, sing mauné pengrajin nggawéni kaligrafi pindah dadi pengrajin layangan nggo sementara wektu. Dhéwéké molai nggawé layangan awit telung (3) wulan wingi soalé jalukan kaligrafi sepi wayah pandemi.

Jiwa seniné belih luntur. Dhéwéke nggawe layangan sing séjén karo liyané. “Mauné nggawé layangan karakter bentuk garuda nggo dhéwék. Soalé awit balik ngranto seka Purwakarta nang umah laka pegawéan. Kiyé nggo ngilangna rasa mblenger lan suntuk,” omongé maring PanturaPost.com, dina Saptu (25/7/2020).

Layangan gawenané Sekhul jebulé gawé perhatian maring wong-wong. Suwé-suwé akeh sing minat lan njaluk digawékna. “Ana sing nawar gawé layangan karo rega Rp 10.000. Seka kono kuwé nyong molai nrima order nggawé layangan, karo pirang-pirang karakter,” ungkapé.

Nang wayah wulan puasa nganti badanan, sing minat layangan munggah akéh nemen. Nang sa dina baé, dhéwéké bisa nggawé layangan karakter anjog (limalas) 15. Jaré dhéwéké, angger diétung lawasé telung (3) wulan kiyé, wis méh sewu (1.000) layangan sing wis digawé daning dhéwéké. Seka karakter garuda, elang, cacing, hello kitty, doraémon lan katakter liyané.

“Uga ana karakter kuntilanak. Kuwé uga akeh sing tuku. Wong-wong sing-tuku esih seka lingkungan désa lan Kecamatan Balapulang. Wong-wong kuwé teka maring umah lan pesen tembé nyong gawékna,” jaréné.

Lah, bahan sing nggo nggawé layangan padha kaya nang umumé. Yakuwé karo bahan pring, bola, lan plastik bekas. Nggo nggawé layangan siji karo ukuran gedhé lan sing ana karakteré mangan wektu rong (2) jam luwih seka proses awal anjog dadi. Merga kuwé, dhéwéké latané ngejak batiré nggo ngréwangi.

“Dhéwék manfaatna plastik bekas sing ora kekenggo. Angger plastik bekas kentékan paling nyong tuku plastik sing anyar,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Sekhul ngomong, hasil nggawé layangan karakter kiyé lumayanan nggo nyukupi urip sadina-dina. Angger diétung, lawasé telung (3) wulan kiyé omzet dodolan layangané méh tekan Rp 10 juta.

“Sabeneré péngén nyong pamérna layangan karakter kiyé nang tempat wisata, tapi kondisiné esih pandemi,” pungkasé. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In