Kamis, Januari 21, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Nasib Pedagang adong Alun-alun Kota Tegal Magrong-magrong

Wulan Desember sing pan teka, pusat Kota Tegal bakal katon kemerlab.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2020/09/28 10:17pm
3 min read
0
Pantauan Udara Progres Revitalisasi Taman Pancasila dan Alun-alun Kota Tegal

Progres revitalisasi Alun-alun Kota Tegal. (Foto: Hanif Nur Hidayat)

386
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

WULAN Desember sing pan teka, pusat Kota Tegal bakal katon kemerlab. Awit alun-alun ngarep Masjid Agung kosih ngarep Stasiun Sepur, disulap dadi kawasan élok gén magrong-magrong. Jaré Pemkot Tegal, ning jalur kono pan didadekna “Living land” kanggo “Smart city”. Embuh bahasa kuwé artiné apa. Sidul, Darto uga Kapér ora paham maknané. Mahlum baé jakwir-jakwiré Jon Dapuk sekolahé kur anjog SD gél. Gawé ukara kayong ora negali nemen. Wong penggedé Kota Tegal bé wong désa, ukarané réka-réka. Mbok gawé ukara sing bisa dingerténi wong bleketiran. Émangé Wong Tegal ora duwé bahasa sastra? Émangé angger ora nganggo bahasa Asing, ora modéren?

Bab kuwé sing bengi kiyé lagi digagas gonéng jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Kaum bleketiran sing ngertiné ponggol sétan, kupat glabed, pecak témpé, bubur blohok, jajanan kontol pesok, randa kemu, orog-orog, jentik manis, sémpé léo, kosih gemblong ocar-acir kon ngartikna tembung bahasa Asing kaya kuwé, jelas angkat tangan. Uteké ora ngangkir!

“Wong saiki angger ora nganggo bahasa Asing, wedi ora dianggep wong modéren apa ya? Maksud tembung “living land” karo “smart city” kuwé artiné apa dongé?” Omongé Kapér sing pancéné sokan njungjung basa ibu saben-saben gawé Puisi Tegalan.

Kaya biasané Jon Dapuk emoh njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pada nglémpar omongan.

Baca Juga

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

20 Januari 2021
Manfaat Ndeleng Lukisan

Manfaat Ndeleng Lukisan

19 Januari 2021
Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

18 Januari 2021
Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

17 Januari 2021

“Lha kuwé! Kari nganggo bahasané déwék ora perlu réka-réka nganggo bahasa Asing, ora bisa? Tengkula nganggo bahasané wong liya kayong ora duwé jati diri babar blas!” sambung omongané Sidul.

“Dasar wanyad! Bahasané déwéké ora dijunjung malah ngadohi. Wis ndélén Jon, énté sing sekolahé duwur, coba diartikna tembung asing mau artiné apa?” ujaré Darto.

Kaya biasané, sadurungé Jon Dapuk njawabi, langsung nyecep wédang pociné. Latané njukut sigarét kanggo disuled. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Jon Dapuk. Langgan lawas.

“Maksud tembung “Living land” kuwé artiné “Tanah Urip”. Gampangané, yakuwé kawasan khusus kanggo wong-wong modéren sing cuté sahahaha. Sedengé tembung “Smart city” artiné “Kota pinter”, bro?”

“Brati enyong-enyong kiyé kelebuné bodo kabéh ya, Jon?” omongé Sidul.

“Dudu kaya kuwé.”

“Sih maksudé pimén?”

“Penjelasan tembung “Smart city” kuwé artiné kota sing nggunakna  teknologi informasi top markotop kanggo ningkatna sapirang-pirang informasi maring masyarakat. Kejaba kuwé kanggo ningkatkna mutu layanan pemerintah lan kesejahteraan wargané,” omongé Jon Dapuk.

“Prét lah! Angger tekad pemerintah pan nyejahterahna rakyat gén  pedagang-pedagang mbleketiran sing manggon nang kawasan kono ora dibongkar! Nyatané pimén? Kabéh kios karo lapak pedagang-pedagang lémprakan diusir kabéh, dikongkon mérad! Apa kuwé sing arané béla maring rakyat?” ujug-ujug Darto ndelak.

Jon Dapuk ora bisa ngomong. Omongané Darto paribasané nyrampang punuk. Mbakjleb nang ulu ati. Kebayang ning matané Jon Dapuk sadurungé jagad dikrudug pageblug Covid-19, pedagang-pedagang nang ngarep stasiun sepur dibuldoser rata karo béntala. Para pedagang pada tetangisan, tetep baé dibongkar. Mangkané nang waktu samana pan ngadepi wulan puasa lan bada. Dongé pan ngréok rejeki malah ketiban apes para pedagangé dadi ngoloh jentik, kosih akhiré wabah Covid-19 nggempur Kota Tegal.

“Majuné zaman ora tambah ayem, malah wong-wong bleketiran mangkina kesingkir. Apa manfaaté pembangunan taman magrong-magrong angger rakyaté kur ngoloh jentik? Wong sing sugih dunya mangkina sehahaha cuté, sing mlarat cukup kon dadi penonton!” sambung omongé Sidul.

Jon Dapuk tibané meneng getem.

“Bener omongané kowen Dul. Nggo apa kota ditata magrong-magrong, angger rakyaté kur ndomblong? Coba Jon, nulis soal kiyé. Sejatiné pembangun kuwé kanggo Sapa? Kur nggo wong-wong sing cuté laka sériné, apa masyarakat sekandang bentang?” omongané Kapér sekaligus jejaluk obrolan jakwir-jakwiré didadékna brita.

“Masalah kiyé wis ana nang rencanané enyong, Pér? Delengen baé ngésuk uput-uput, britané langsung enyong!”

“Suwun Jon. Béla maning rakyat berkahé kosih anak putu!” omongé Kapér nutup obrolan. (@)

 

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Alun-alun Kota TegalLanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak
Moci

Lanang Wadon Campur, Ora Musti Duwé Anak

20 Januari 2021
Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis
Moci

Pageblug Gawé Pelukis Kembang Kempis

18 Januari 2021
Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang
Moci

Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

17 Januari 2021
Utang Sanggané Andeb
Moci

Utang Sanggané Andeb

16 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

MEDIA SOSIAL

  • 121.9k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X