BREBES – Nggo pertama pisané, bawang putih lokal seka Indonésia diekspor maring negara Taiwan, dina Rebo 12 Agustus 2020. Nggo jumlah bawang putih sing pan diékspor maring negara kuwé totalé tekan 1.000 ton.
Ékspor bawang putih sing asalé seka pirang-pirang daerah nang Indonesia kiyé nang antarané seka Brebes, Batang, Temanggung, nganti Sumbawa.
Pelepasan ékspor dilakoni daning Dirjen Hortikultura Kementerian Pertanian Prihasto Setyanto bareng karo Bupati Brebes Idza Priyanti nang gudang bawang ndéké PT Agro Indo Sejahtera sing letaké nang gili gedhé pantura Klampok, Wanasari Brebes.
“Nggo tahap pertama sing di ékspor dina kiyé jumlahé tekan 15 ton. Tapi, jalukan seka Taiwan tekan 1.000 ton,” omongé Prihasto Setyanto.
Dhéwéké njaluk, maring petani ebén manfaatna peluang ekspor bawang putih. Dadiné hasil pertanian khususé komoditi kiyé bisa nyejahterakna kabéh petani.
“Pancen kebutuhan bawang putih nganggo cara nasional dhéwék esésihih impor. Jumlah kebutuhan taun 2019 wingi, tekan 470 ewu ton. Saiki petani bawang putih dhéwék wis molai akéh, mugané dhéwék (Kementan) pan terus nyurung lan ningkatna produksi. Termasuk pan dhéwék wékena réwangan maring petani,” jelasé.
Prihasto nyebut, angger bawang putih sing diékspor kudu apik lan cocog karo kualifikasi lan standar Badan Standardisasi Nasional (BSN). Nang antarané, bawang paling cilik utawa minimal nduwéni amba umbi karo diaméter 3 centiméter.
“Wadahé kudu bermutu, resik, ana ventilasiné lan tahan sasuwénéng pengangkutan, distribusi lan njaga segeré umbi bawang putih. Wadah kudu bersih seka bahan lan benda asing nggo njamin kesesuaian penanganan lan pengiriman nggo mertahamna mutu,” ungkapé.
Lah, nggo kelas mutu utawa kualitas bawang putih kebagi dadi telung (3) bagian. Yakuwé kelas super sing syaraté laka sing rusak, kelas siji (1) sing rusaké mung sepuluh (10) persen seka jumlahé, uga kelas loro (2) sing syaraté rusak limalas (15) persén seka jumlahé, termasuk kelangan paling akéh utawa maksimal rong (2) siung nang sa (1) umbiné.
Sementara kuwé, éksportir bawang putih Beni Santoso ngomong, pengiriman ékspor bawang putih kiyé wis cocog karo kualitas sing dibutuhna.
“Bawang putih sing dhewek ekspor kiyé kualitasé wis cocog karo jalukan seka Taiwan. Mugané dhéwék sanggup menuhi kebutuhan wong-wong kana,” omongé Beni Santoso. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post