TEGAL – Bangunan talud sing nuju maring kali Kemiri neng RT 03/RW 02 Kelurahan Sumurpanggang, Kecamatan Margadana, Kota Tegal, wis ruwag. Padahal proyek normalisasi saluran kuwé mbené sadina pragat digarap.
Jaré Ketua RT nang kono, Untung, perkiraan sementara ruwagé talud sing dawané sekitar 7 méter kuwé merga salah tekhnis neng pembangunané.
“Proyek pragat neng dina Kemis (12/11/2020), dina Jemuah (13/11/2020) sore ruwag. Angger ngileng papan, anggaran proyek sekitar Rp178 juta sing digarap sasuwénéng 90 dina sajegé 17 September 2020,” jaré Untung, dina Minggu (15/11/2020).
Untung nyana, ruwagé talud merga nutupi saluran angin ndéké PDAM. Mugané wayah dilakoni pembuangan talud jebol. “Wis dhéwék sampékna kawit awal. Angger ana pipa pembuangan angin. Tapi, ora direwes. Dongé pipa kuwé disambung,” pungkasé.
Anggota Komisi III DPRD Kota Tegal Sutari ngomong, anané kedadénan kuwé dhéwéké ngarep-arep pelaksana proyek ndandani neng sisa waktu sing ana. Pengawas uga kudu awas ébén laka salah perencanaan lan pelaksanaan.
“Penyedia jasa kudu diwéin catetan lamon bisa diwéin sanksi,” omongé Sutari, maring wartawan.
Sementara kuwé, katon ana pirang wong kerja sing ana nang lokasi lagi ndandani sing pada ruwag, dina Minggu (15/11/2020). Salah siji wong kerja sing emoh disebutna arané ngomong, mauné ngira pipa pembuangan PDAM kuwé wis ora ana fungsiné. Mugané pas mbangun kuwé pipané ditutup. (*)
Discussion about this post