TEGAL – Bupati Tegal, Umi Azizah nandatangani tuntutan mahasiswa sing nolak undang-undang Cipta Kerja, dina Kemis (8/10/2020). Tandatangan kuwé dilakoni lubar Umi nemoni massa sing pada demo nang ngarep Kantor Pemkab Tegal.
Ditandatanganiné petisi kuwé dilakoni nang ndhuwureng kertas sing ana materai Rp 6.000 lan disaksikna daning puluhan mahasiswa seka pirang-pirang organisasi kaya Pergerakan Mahasiswa Islam Indonesia (PMII) lan Satuan Pelajar Mahasiswa Pemuda Pancasila (SAPMA PP). Aksi unjuk rasa kuwé olih pengawalan ketat seka Polrés Tegal lan ditekani Kapolrés AKBP Muhammad Iqbal Simatupang.
Nang kesempatan kuwé, Umi nanggepi apa sing dadi masukané mahasiswa. Dhéwéké janji pan mékena ruang aspirasi nggo masarakat.
“Dhéwék dadi pemrentah nyurung upaya mahasiswa nggo nyampékna aspirasi nganggo cara konstitusional karo mékena ruang aspirasi,” jaréné.
Umi janji pan nyampékna aspirasi kuwé maring Pemrentah Pusat. Umi uga nyampékna saiki DPRD Kabupatén Tegal ora bisa teka nggo nemoni massa soalé lagi ana urusan nang luar kota.
“Nggo DPRD saiki ana kegiatan nang luar kota. Dhéwéké pan mékena wektu ngesuk awan angger mahasiswa-mahasiswa pada gelem,” ujare.
Koordinator aksi, Ketua PMII Kabupatén Tegal, Aji Fadil Hidayatulloh nile UU Cipta Kerja ora partisipatif lan eksklusif. DPR karo pemrentah nang wayah pageblug COVID-19 nggawé regulasi sing nyengsarakna buruh karo rakyat. Tapi, malah nguntungna pengusaha karo investor.
“Kiyé jelas Pemrentah karo DPR ora pro rakyat, terutamané buruh. Soalé akéh aturan sing ngrugikna buruh,” jaréné.
Massa uga ngaku elom maring DPR karo Pemrentah sing wis mengkapitalisasi sektor pendidikan, karo nganjingna aturan sektor perizinan pendidikan metung perizinan usaha lan diatur luwih lanjut jeronéng Aturan Pemrentah.
“Cacak dhéwék ngileng, pembahasan RUU Cipta Kerja dilakoniné kucing-kucingan karo rakyat. Jelas disahnané UU Cipta Kerja nyermina pemrentah sing ora apik,” pungkasé. (*)
Discussion about this post