BREBES — Neng ruas tol Pejagan Kabupatén Brebes winginané ana mobil sedan apik nemen sing jenisé BMW kobongan nganti geseng, dina Jemuah, 13 November 2020. Untung, kedadénan kobongé mobil sing plat nomeré B 18 J neng KM 248 kuwé belih ana korban jiwa.
Informasi sing diolihi Panturapost nyebutna, kedadénan molai wayah mobil sedan BMW sing mlayuné ora patia banter seka arah kulon mengetan. Saanjogé neng lokasi, banyu suspensioné bodhol.
Sadurungé entong kekobong, si supir curiga merga ana mambu kaya geseng kebakar seka jeronéng mobil. Belih suwé latané, sedelat sawisé mobil diparkir neng pinggir dalan tol ujug-ujug geni nyumul lan cepet ngantikan kabéh awak mobil geseng. Cepretan geni kuwé dinyana asalé seka gesekan shockbreaker karo bodi mobil.
Mobil pemadam lan mobil water cannon ndéké Polrés Brebes diuduna nggo nyirepna geni. Tapi, geniné cepet nemen mrembet lan ngentékna kabéh awak mobil.
Kanit Laka Lantas Satlantas Polrés Brebes Iptu Suprapto ngiyakna peristiwa kuwé. Dhéwéké ngungkapna, kedadénan kobongan mobil kuwé, manjing wilayah Désa Limbangan Kecamatan Kersana, Brebes.
Untung laka korban jiwa jeronéng peristiwa kiyé. Sopir mobil bisa gagiyan nylametna awaké dhéwék sadurungé mobilé kobong. “Ya pancén bener, ana mobil sedan BMW ngalami kobongan neng ruas tol pejagan KM 248 awan mau sekitaréng jam setengah siji. Alhamdulillah supiré slamet,” jaréné.
Sopir sing arané Bagus Handoko (48) sing uga dadi dosen sing mulang neng salah siji universitas nang Semarang. Maring polisi, Bagus ngaku nembé baé seka Bandung, lan pan balik maring Semarang. (*)
Discussion about this post