Ngadepi COVID-19, Ari Ora Pinter Nyikapi Pendaringan Bisa Njempalik – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home

Ngadepi COVID-19, Ari Ora Pinter Nyikapi Pendaringan Bisa Njempalik

Wong bleketiran golét pangan paribasané kaya uwong lagi maén akrobat: endas nggo sikil, sikil nggo endas.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
21 November 2020
2 min read
0
Ngadepi COVID-19, Ari Ora Pinter Nyikapi Pendaringan Bisa Njempalik
Share on FacebookShare on Twitter

WONG bleketiran golét pangan paribasané kaya uwong lagi maén akrobat: endas nggo sikil, sikil nggo endas. Péndék tembung, kedangdapan kaya uwong kepergok belis gundul nang sentongan peteng dedet. Ora idep weruh, ujug-ujug jengongos nang ngarepé.

Kiyé sing diadepi daning Kang Darno, nglétéki bacah-bocah cilik njéntrék sekét gambar kanggo bocah sing péngin genau mewarnai gambar. Gambar-gambar sing disediakna Kang Darno dipasang nang vigura foto dijéjér sadawané pitung méter. Jumlah sing salarik ana 7 gambar. Rong larik dadiné ana 14 gambar.

Jaré Kang Darno, saben bocah sing duwé minat genau ngelir gambar kudu bayar 10 éwu.

ADVERTISEMENT

“Seliyané nyong nyediakna gambar uga cét warna sing dibutuhna bocah. Sing sagambar bayar 10 éwu,” omongé Kang Darno nalika diwawancarai Jon Dapuk nang obyék wisata édukasi Rodjo Tater, wilayah Desa Bogareskidul, Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

Kang Darno maring Jon Dapuk nerangna, duwit 10 éwu ora dipék déwék. Pitung éwu kanggo déwéké, sing 3 éwu wajib disetor maring sing duwé panggonan. Nang Rodjo Tater, Kang Darno nggelar dasarané saben-saben tanggal abang.

ADVERTISEMENT

“Sing pasti angger ahad ésuk nyong dasar ning kéné, Mas?” ujaré Kar Darno.

Jon Dapuk mahami kedangsrakané wong cilik golét pangan ora perlu isin-isin. Samana uga Kang Darno sajegé ora nyambut gawé nang Jakarta gegara perusahané ngurangi karyawan, déwéké kepaksa dadi wong angguran. Masa pageblug pandemi Covid-19 nganti saiki durung lereb, ora kur déwéké ngranapi urip golét pangan kepontal-pontal, tapi puluhan jakwir-jakwiré pada kedabélan golét panguripan. Untung baé Kang Darno duwé kepinteran nggambar, mergané nalika mangsa Covid-19 sumebar, déwéké rikat banting setir mbuka dasaran gambar.

“Ngadepi mangsa urip sing lagi kangélan angger ora pinter nyikapi kahanan, pedaringan nang umah bisa njempalik gén dapur kaluarga ora ngebul. Hehehe….” omongé Kang Darno.

“Ngomong-ngomong Kang Darno anaké pira?” takoné Jon Dapuk.

“Pirang-pirang Mas.”

“Usaha sing dilakoni saiki cukup nggo mangan sedina-dina ya Kang?”

“Asal ora nggayuh kepénginan sing ora-ora, alhamdulillah Gusti Allah mégin njaga kelangsungan urip kaluargané enyong. Ya… prinsip wong urip kuwé, aja kosih ninggal prétahé Gusti Allah senajan lagi kedodokan kasusahan!”

Der! Krungu omongan kaya kuwé, atiné Jon Dapuk mbak cés! Jon Dapuk angger ngadepi wong cilik, sokan kagum maring perjuangan lan étos kerjané nalika uripé lagi ketunggon nelangsa tapi ora latané putus asa. Kahanan getir sing disangga, diadepi ora nganggo laku nyimpang. Sing penting kebutuhan kaluargané kecukupan, ora perlu ngangsa. Béda adoh karo wong nduwuran, sakalé pangkaté nyundul langit gén bayarané puluhan juta, tapi nék keténggor masalah lakuné ndadak beléh nggenah. Dalan sing ditempuh malah nyuyad duwité negara. Wis pirang-pirang contoh wong nduwuran dipenjara gara-garané laku korupsi utawané nilep cut proyék jalaran nggayuh pesugihan!

Jon Dapuk ndeleng upaya Kang Darno ngatasi urip kocar-kacir sajeroné pageblug Covid-19, ora nganggo laku nggiwar tapiné nganggo kerja kréatif. Cilik-cilikan mboran mbuka dasaran; mewarnai gambar kanggo bocah-bocah cilik, dilakoni! Sing ndadékna trenyuh atiné Jon Dapuk, Kang Darno tetep percaya maring Keagungan Sing Gawé Urip. Kiyé bab paling penting kanggo gatolan uripé Jon Dapuk. Sesusah-susahé
menungsa ngadepi urip aja nganti ora éling maring Gusti Allah Ta’ala. (*)

——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Covid-19Limbah Medis COVID-19 TegalMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In